Klorokuin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Klorokuina
Jeneng sistematis (IUPAC)
(RS)-N'-(7-chloroquinolin-4-yl)-N,N-diethyl-pentane-1,4-diamine
Data klinis
Jeneng dagang Aralen, Malarex, Resochin, Riboquin
AHFS/Drugs.com Monograph
Data lisènsi US Daily Med:link
Kat. kehamilan ?
Status hukum P (UK) -only (US)
Pharmacokinetic data
Métabolisme Liver
Wektu paro 1–2 bulan
Pangenal
Nomor CAS 54-05-7 ☒N
Kode ATC P01BA01
PubChem CID 2719
Ligan IUPHAR 5535
DrugBank DB00608
ChemSpider 2618Cithakan:Chemspidercite
UNII 886U3H6UFFCithakan:Fdacite
KEGG D02366 ☒N[kegg]
ChEBI CHEBI:3638 ☑Y
ChEMBL CHEMBL76 ☑Y
NIAID ChemDB AIDSNO:000733
Data kimia
Formula C18H26ClN3 
Massa mol. 319.872 g/mol
SMILES eMolecules & PubChem

Klorokuin utawa Chloroquine ya iku sawijining obat kanggo terapi lan kemoprofilaksis lelara malaria[1] lan bisa uga kanggo nyegah lara malaria kanggo wong sing arep lelungan menyang tlatah éndhemik malaria. Klorokuin kalebu ing golongan obat antimalaria pepanthan 4-aminoquinoline makarya kanthi nyegah tuwuhing parasit plasmodium ing sèl getih abang. Racaké obat iki maujud tablèt. Obat iki duwé jeneng dagang Chloroquine, Chloroquine Phosphate, Erlaquin, Malarex, Resochin, lan Riboquin.

Sajarah[besut | besut sumber]

Nalika taun 1800-an, kinin sulfat wiwit diékstrak saka wit kina. Sansaya suwé, panganggonan kinin ditinggalaké amarga duwé toksisitas kang dhuwur lan parasit malaria ngewangun resistensiné. Taun 1934, Bayer saka Jerman nggolèki alternatif anyar kanggo malaria sing dijenengaké klorokui. Senyawa klorokuin fosfat iki luwih polar lan luwih ora toksik.[2] Klorokuin wis digunakaké awit perang donya kapindho. Miturut panaliten Centers for Disease Control (CDC) Amérikah Sarékat ing taun 2005, obat iki èfèktif nglawan sèl primata sing wis kena infeksi SARS utawa virus corona generasi kapisan sing ndayani manungsa. Ananging panalitèn kasebut amung tés in vitro ya iku pangujian ing sèl makhluk urip lan dudu makhluk urip.[3]

Piguna[besut | besut sumber]

Klorokuin bisa kanggo nambani jinis malaria entheng kaya déné:

  • Malaria vivaks disebabaké Plasmodium vivax
  • Malaria ovalea disebabaké Plasmodium ovale
  • Malaria malariae disebabaké Plasmodium malariae

Panganggonan klorokuin iki racaké dibarengaké karo primakuin. Klorokuin ancasé kanggo maténi parasit stadium asèksual lan sèksual. Déné primakuin ancasé kanggo maténi hipnozoit ing sèl ati uga bisa maténi parasit asèksual ing eritrosit. Klorokuin ora bisa kanggo nambani Malaria falsiparum (malaria ganas utawa abot) sing disebabaké Plasmodium falciparum amarga wis resisten (kebal) marang obat iki.[4]

Sakliyané kanggo nambani malaria, klorokuin uga digunakaké kanggo ngobati rheumatoid arthritis, amebiasis lan penyakit autoimun kayata lupus. Klorokuin duwé khasiyat mawa antivirus ing pirang-pirang virus kayata flavivirus, retrovirus, lan coronavirus. Klorokuin dipitayani bisa ngalangi tuwuhing virus ing jero awak. Ing panalitèn taun 2017, klorokuin èfèktif kanggo nyegah kadadéan replikasi HIV lan penyakit SARS.[5]

Dhosis[besut | besut sumber]

Dhosis ngonsumsi klorokuin miturut lelara lan umur ya iku:

Malaria[besut | besut sumber]

  • Dhiwasa: dina kapisan 600 mg, sakwisé 6-8 jam banjur diudhunaké dadi 300 mg. Dina kaping 2 lan 3 ya iku 300 mg sedina pisan.
  • Bocah: dina kapisan 10 mg/kg bobot awak, sakwisé 6 jam banjur diudhunaké dadi 5 mg/ kg bobot awak. Dina kaping 2 lan 3 ya iku 5 mg/kg bobot awak sedina pisan.

Nyegah malaria[besut | besut sumber]

  • Dhiwasa: 300 mg seminggu pisan. Klorokuin diombé sadurungé lelungan ing tlatah wabah malaria lan diterusaké 4 minggu sakwisé bali saka tlatah kasebut.
  • Bocah: 5 mg/kg bobot awak. Klorokuin diombé sadurungé lelungan ing tlatah wabah malaria lan diterusaké 4 minggu sakwisé bali saka tlatah kasebut.

Amébiasis[besut | besut sumber]

  • Dhiwasa: dina kapisan lan kapindho 600 mg. Dina sakbanjuré 300 mg lan dibarengi karo emetine utawa dehydroemetine suwéné 2–3 minggu
  • Bocah: dina kapisan 6 mg/kg bobot awak, dhosis paling akèh 300mg sedina.

Rheumatoid arthritis[besut | besut sumber]

  • Dhiwasa : 150 mg sedina, dhosis paling akèh sedina 2,5 mg/kg bobot awak. Mandhegaké ngonsumsi menawa wis 6 sasi ora mari.
  • Bocah : Dhosis sedina bisa nganti 3 mg/kg bobot awak. Mandhegaké ngonsumsi menawa wis 6 sasi ora mari.

Lupus[besut | besut sumber]

  • Dhiwasa : 150 mg sedina, dhosis paling akèh sedina 2,5 mg/kg bobot awak. Dhokter bisa nyuda dhosis la njumbuhaké kahanan lan respon saka awak panandhang.[6]

Èfèk samping[besut | besut sumber]

Resochin minangka sawijining jeneng dagang klorokuin

Èfèk samping kang umum ditemoni dening pawongan sing ngonsumsi klorokuin ya iku:

  • Mangsur
  • Mukok-mukok
  • Kram weteng
  • Otot krasa lemes
  • Rambut mbrodhol lan malihing werna rambut

Déné èfèk samping sing mbebayani lan kudu mandhegaké anggoné ngombé klorokuin ya kuwi:

  • Bengkak ing rai, lambé, ilat, lan gurung.
  • Angèl ambegan
  • Gatel-gatel
  • Kejang
  • Ganggunan ndeleng obyek utawa burem
  • Kuping ndengung lan suda rungu
  • Lemah otot akut
  • Ilang napsu mangan
  • Uyuh werna buthek
  • Fèsès werna pucet
  • Jaundice (kulit lan mata nguning)[7]

Menawa nemoni èfèk samping kaya mangkono, panandhang kudu gagé-gagé nemoni dhokter.

Kontrovérsi[besut | besut sumber]

Klorokuin dipitayani minangka tamba lelara Covid-19. Panalitèn wiwitan babagan klorokuin dilakokaké dening Wuhan Institute of Virology saka Chinese Academy of Sciences. Adhedhasar panalitèn iku, klorokuin bisa nyuda ngrembakaning virus corona anyar kanggo tuwuh lan nginfeksi sèl nalika diuji menyang kethèk.[8] Para wasis panalitèn ing Brazil mandhegaké uji klorokuin iki amarga pirang-pirang panandhang Covid-19 sing ngonsumsi obat iki kanthi dosis dhuwur, ditemokaké kabédanan ritme jantung sing mbebayani. Ana rong panandhang kang denyut jantungé abnormal sing dimangerténi minangka ventricular tachychardia banjur tilar donya.[9]

Kapustakan[besut | besut sumber]

  1. Widyastuti, Reni. "Chloroquine". Alomedika. Dijupuk 2020-06-09. 
  2. Anwar, Firdaus (2020-04-18). "Sejarah Klorokuin, Obat Malaria yang Kini Diuji untuk Pasien Corona". Detik. Dijupuk 2020-05-24. 
  3. "Apakah Klorokuin Obat Corona?". Kumparan. 2020-04-16. Dijupuk 2020-05-24. 
  4. "5.5.1 Antimalaria". Pusat Informasi Obat Nasional Badan Pengawas Obat dan Makanan RI. Dijupuk 2020-05-24. 
  5. Fiqua (2020-03-24). "Apakah Klorokuin dan Pil Kina Berpotensi Atasi Virus Corona?". SehatQ. Dijupuk 2020-05-24. 
  6. "Klorokuin". Alodokter. 2020-04-03. Dijupuk 2020-05-24. 
  7. Joseph, Novita (2020-05-11). "Chloroquine". Hello Sehat. Dijupuk 2020-05-25. 
  8. Nursastri, Sri Anindiati (2020-03-20). "Serba-serbi Avigan dan Klorokuin, Obat Covid-19 yang Didatangkan Pemerintah". Kompas. Dijupuk 2020-05-24. 
  9. Nursastri, Sri Anindiati (2020-04-14). "Percobaan Klorokuin untuk Obat Corona Dihentikan, Hasilkan Kelainan Ritme Jantung". Kompas. Dijupuk 2020-05-24.