Kilang lenga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gambar kilang lenga Shell/Valero Martinez

Kilang lenga (oil refinery) inggih punika pabrik utawi fasilitas indhustri ingkang ngolah lenga mentah dados kasil petroleum ingkang padatanipun langsung dipun-ginakaken ugi ing kasil-kasil sanès ingkang dados bahan baken kanggé indhustri petrokimia.[1] Kasil-kasil utama ingkang dipunkasilaken saking kilang lenga inggih punika kados ta: lenga bènsin (gasoline), lenga diesel, lenga patra (kerosene). Kilang lenga minangka fasilitas indhustri ingkang jangkep sanget mawi manéka werni piranti prosès lan fasilitas panyengkuyungipun. Kejawi punika, yasa kilang lenga ugi mbetahaken biaya ingkang ageng sanget.

Prosès Operasi ing salebeting Kilang Lenga[besut | besut sumber]

Lenga mentah ingkang nembé dipompa dhumateng njawi saking siti lan dèrèng dipunprosès padatanipun dèreng gadhah kaginan ingkang wigati. Supados saged langkung migunani, lenga mentah kasebat kedah dipunprosès rumiyin ing salebeting kilang lenga. Lengan mentah punika campuran ingkang jangkep sanget ingkang kasusun saking senyawa hidrokarbon. Ing salebeting kilang lenga, lenga mentah kasebat badhé ngalami sawatawis prosèsingkang saged andamel murni ugi ngéwahi struktur lan komposisinipun, saéngga angsal kasil ingkang langkung migunani.

Prosès ing salebeting kilang lenga punika saged dipunpantha dados 5 golongan, inggih punika: Distilasi, Konversi, Prosès Pengolahan, Formulasi lan pencampuran, lan prosès-prosès sanèsipun.

  • Distilasi, inggih punika pamisahan fraksi-fraksi lenga bumi adhédhasar bèntenipun titik didih.[2]
  • Prosès Konversi, inggih punika prosès kanggé ngéwahi ukuran lan struktur senyawa hidrokarbon. Ingkang kalebet ing prosès punika inggih punika:
  • Prosès Pengolahan (treatment). Prosès punika kanggé nyameptakaken fraksi-fraksi hidrokarbon kanggé dipunolah malih dados kasil pungkasan.
  • Formulasi lan Pencampuran (Blending), inggih punika pencampuran fraksi-fraksi hidtokarbon lan nambah bahan aditif kanggé ngasilaken kasil pungkasan mawi spesifikasi tartamtu.
  • Prosès-prosès sanèsipun, inggih punika: pengolahan limbah, prosès ngicalaken toya asin (sour-water stripping), prosès angsal sulfur (sulphur recovery), prosès pemanasan, prosès ndadosaken adhem, prosès ndamel hidrogen, lan prosès-prosès panyengkuyung sansèipun.

Prosès Distilasi[besut | besut sumber]

Gambar punika nedahaken prosès distilasi (penyulingan) lenga mentah ingkang kadadosan ing Kolom Distilasi.

Tahap ingkang wiwitan ing salebeting prosès pengilangan inggih punika arupi pross distilasi ingkang kadadosan ing salebeting Kolom Distilasi Atmosferik lan Kolom Distilasi Vacuum. Ing kalih unit prosès punika lenga mentah dipunsuling dados fraksi-fraksinipun, inggih punika gas, distilat enthèng (kados ta lenga bènsin), distilat nengah (kados ta lenga patra, lenga solar), lenga bakar (gas oil), lan residu. Pamisahan fraksi punika adhédhasar titik didih.

Kolom distilasi arupi bejana tekan silindris ingkang inggil udakawis 40 m lan ing salebetipun wonten tray-tray ingkang kaginanipun kanggé misahaken lan ngempalaken fluida panas ingkang nguap menyang inggil. Fraksi hidrokarbon abot ngempal wonten ing pérangan ngandhap kolom, sawatawis fraksi-fraksi ingkang langkung ènthèng ngempal wonten ing pérangan-pérangan kolom ingkang langkung inggil. Fraksi-fraksi hidrokarbon saking kolom distilasi punika badhé dipunprosès malih ing unit-unit prosès sanèsipun, kados ta Fluid Catalytic Cracker, lsp.

Kasil Kilang Lenga[besut | besut sumber]

Kasil-kasil utama kilang lenga inggih punika:

Kilang Lenga ing Indonesia[besut | besut sumber]

Ing Indonesia sawatawis kilang lenga, inggih punika:

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Kilang minyak(dipunundhuh 6 Fèbruari 2013)
  2. ^ Minyak Bumi dan Gas Alam(dipunundhuh 6 Fèbruari 2013)

Pranala njawi[besut | besut sumber]