Menyang kontèn

Praja Kutai

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kerajaan Kutai)
Prasasti Yupa
Calon Yupa ing Kutai

Praja Kutai utawa Kraton Kutai Martadipura (Martapura) dumunung ing Kalimantan Wétan, wewengkon Muara Kaman ing pinggiring Kali Mahakam. Miturut kabar kang ditemokake ing 7 prasasti arupa yupa kang ditulis nganggo huruf Pallawa, kanthi basa Sansekerta, dimangerteni yen Kutai yaiku kraton Hindhu paling tuwa ing Indhonésia. Praja kang misuwur uga kanthi sesebutan Negara 7 Yupa kira-kira dumadi ing taun 400 M.

Ing prasasti kasebut ana kabar/informasi babagan panguripan politik, papréntahan, sosial, budaya, lan ekonomi. Narendra wiwitan kang mrentah Kutai asmane Kudungga. Prabu Kudungga nduwe putra asmane Aswawarman. Aswawarman nduwe putra Mulawarman. Dideleng saka jeneng, Kudungga dudu jeneng Hindhu, nanging jeneng Indonesia asli. Jeneng Aswawarman lan Mulawarman iku jeneng-jeneng Hindhu, warman tegese sandhangan perang. Penambahan jeneng iku diwenehake ing upacara jumenengan nata secara agama Hindhu.

Kulawarga Kudungga nate nglakoni upacara Vratyastoma, yaiku upacara Hindhu kanggo nyucekake dhiri minangka syarat lumebu ing golongan Satriya.

Adhedhasar jeneng lan jejuluke, Praja Kutai kang corake Hindhu diwiwiti saka papréntahan Aswawarman. Sawise Prabu Aswawarman, Kutai kaprentah dening Mulawarman, putrane, ing abad kaping-4.

Prabu Mulawarman disebutake minangka sawijining narendra gung binathara kang banget mulya lan becik bebudene. Ing jaman papréntahane Mulawarman, Kutai minangka praja kang sugih lan makmur. Sang Prabu nate menehi 20.000 lembu marang para brahmana.

Pungkasane Kraton Kutai nalika narendra Kutai kang asmane Maharaja Dharma Setia gugur ing paprangan ing astane narendra Kutai Kertanegara kaping-13, Aji Pangeran Anum Panji Mendapa. Perlu dieling-eling yen Kutai iki (Kutai Martadipura/Martapura) beda karo Kraton Kutai Kertanegara kang ibukuthane wiwitan dumunung ing Kutai Lama (Tanjung Kute). Kutai Kertanegara sabanjure dadi kraton Islam kang sinebut Kesultanan Kutai Kartanegara.

Sumber Sajarah[besut | besut sumber]

Peninggalan sajarah karajan Kutai sing misuwur yaiku 7 iji prasasti Yupa sing ditulis nganggo huruf Pallawa lan basa Sansekerta. Ing prasasti iki ana cathetan yèn Maharaja Kudungga iku pendiri karajan ini. Salah sijining keturunane yaiku raja Mulawarman (raja Kutai sing paling misuwur) tau nyelenggara'ake upacara sedekah 20.000 lembu kanggo para Pandita Brahmana ing Waprakeswara. Upacara iki dicatet para Brahmana ing prasasti Yupa. Ing salah sijining Yupa uga ana cathetan yèn Mulawarman tau nyelenggara'ake upacara kurban emas kanggo para Brahmana. Uga ana cathetan yèn upacara Vratyastoma uga tau diselenggara'ake déning raja Aswawarman.

Pulitik[besut | besut sumber]

Salahsijining keturunan raja Kudungga yaiku Aswawarman dadi penganut Hindhu lan dianggep sebagai Wangsakerta utawa pendiri kulawarga raja. Raja Aswawarman iku dianggep déwa Ansuman utawa déwa Srengenge.

Ing abad 16, karajan iki takluk karo Karajan Kutai Kartanagara liwat perang. Raja Kutai Martadipura terakhir yaiku Maharaja Dharma Setia tewas déning Raja Kutai Kartanagara kaping 13 yaiku Aji Pangeran Anum Panji Mendapa.

Silsilah[besut | besut sumber]