Kasampurnan Jati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kasampurnan Jati inggih punika paguyuban penghayat kapitadosan ingkang dipun pandhégani déning Ki Ahmad Taruno saha Ki Budi Utomo ing surya kaping 5 Juli 1963 ing Kabupatèn Kulon Praga, Ngayogyakarta.[1][2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Ing warsa 1860–1908, Ki Tjitrojoso peparing kathah pitulung kados ta nambani tiyang-tiyang sakit saha awèh pitutur babagan pagesangan tumrap bebrayan. Ki Karjonadi–yoganipun Ki Tjitrojoso–nglajengaken dharmabakti ramanipun nalika warsa 1925 kanthi kawewahan kagiyatan ulah karohanèn kaliyan pencak silat. Tiyang-tiyang ingkang kapéngin pados ngèlmu dhumateng Ki Karjonadi cacahipun wonten kathah, nanging anggènipun mulang namung kaliyan saben tiyang kémawon. Wonten kalih siswa kawakan ingkang kathah pangalamanipun, inggih punika Ki Ahmad Taruno kaliyan Ki Budi Utomo. Ing surya kaping 5 Juli 1963, kekalihipun ngyasa paguyuban aran Kasampurnan Jati ingkang ngandhut piwulangipun Ki Karjonadi.[1]

Struktur paguyuban punika dumados saking pinisepuh, pangajeng, sekretaris, kaliyan bendahara. Ing warsa 2017, ingkang ngugemi Kasampurnan Jati cacah 695 tiyang.[3]

Piwulang[besut | besut sumber]

Ing Kasampurnan Jati, Pangèranipun sinebat Pangèran Ingkang Murbèng Dumadi (Gusti Ingkang Maha Tunggal). Pangèran ing Kasampurnan Jati anggadhahi sipat Maha Sampurna saha Maha Gaib. Panjenenganipun ugi ingkang ngripta jagad raya saisinipun, ingkang nata pagesanganing menungsa mawi ukum alam. Ukum alam inggih punika ukum ganjaran kagem tindak-tanduking menungsa ing donya. Umat menungsa kedah nuruti dhawuh-dhawuhipun murih salaras anggènipun ngaurip, ugi kedah nindakaken tumindak-tumindak ingkang becik saha ngéndhani laranganipun.[4]

Tata cara ngibadah[besut | besut sumber]

Ingkang ngugemi Kasampurnan Jati ngibadahipun kanthi ngadeg nyilangaken asta ing ngarep dhadha utawi kanthi sila, sedhekep, ndhengkluk, kaliyan madhepipun bébas, saha katindakaken nalika wengi punapa déné siyang, mligi dinten mirungganipun dinten Jumuwah Kliwon, Slasa Kliwon, kaliyan nalika wetonipun. Kajawi punika, badan kaliyan papan ngibadahipun kedah resik. Pirantosipun wonten klasa, sajèn, menyan, woh-wohan, kaliyan pangilon. Laku tambahanipun ugi sami kaliyan para penghayat sanèsipun kados déné pasa, pasa pati geni, ralat, nyuda anggènipun tilem kaliyan dhahar.[5]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Gautama 2017, kc. 493.
  2. Azhar, M. Sholahadhin (8 Novèmber 2017). "Organisasi Penghayat Kepercayaan di Tanah Air Ada 187". Medcom.id. Dibukak ing 19 Fèbruari 2023.
  3. Gautama 2017, kc. 494.
  4. Gautama 2017, kc. 495.
  5. Gautama 2017, kc. 495-496.

Kapustakan[besut | besut sumber]