Jaran Kecak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jaran Kecak.

Jaran Kecak ya iku salah sawijining kagunan kang asalé saka Lumajang, Jawa Wétan. Bebrayan ing Lumajang mitayani yèn kagunan iki diwiwiti déning wong tapa brata ing lèrèng Gunung Lemongan aran Klabisajeh.[1] Kagungan kasebut dumadi saka sawenèh pambeksa lan jaran, uga iringan gamelan, kaya ta kendhang, kenong, kempul, saron, gong, lan slomprèt. Kagunan iki nganggo jaran tenanan kang dipacaki nganggo rerenggan kang mèmper karo barding, klambi zirah kanggo jaran.[2][3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Miturut katrangan Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya Republik Indonesia, kagunan iki diwiwiti déning Klabisajeh ing lèrèng Gunung Lemongan dhèk jaman Karajan Majapait. Kala iku, Klabisajeh lagi tapa ing gunung lan diamuk jaran alas, nanging dhèwèké bisa nelukaké jaran iku nganti nggawé jarané bisa kecak (njogèdé mangidak-idak). Ing nguni, panganggoné kagunan iki kapérang dadi loro, ya iku kanggo negesi yèn uripé bebrayan dhèk jaman semana iku padha pénak, ayem, lan tentrem, saha kang kapindho ya iku kanggo ngurmati jaran kang duwé aran Nila Ambhara, salah sawijining jaran perang kang paling disenengi Ranggalawé, putrané Arya Wiraraja.[1][3][4]

Gelaran[besut | besut sumber]

Kagungan iki dumadi saka sawenèh pambeksa pangiring kang nganggo sandhangan beksan-beksan liya, salah sijiné ya iku sandhangan beksan Remo, déné jarané nganggo rerenggan kaya ta jamang, kalung, kemul, loncèng, telungkup, lan merak. Lumrahé, panyawisan kagungan kasebut kapérang dadi enem:[2]

  1. Ruwatan jaran, laku ngruwat jaran kang migunakaké sajèn kanggo nglancaraké pagelaran.
  2. Napel utawa sumpingan, lakuning para tamu lan sedulur kang peparing arta marang kang duwé kajat utawa pambeksa Remo.
  3. Dhagelan lan ruwatan kang nduwé kajat, dhagelan kang ngamot pitutur lan piwulang becik, sarta ndongakaké kang duwé kajat lan sakulawargané pinaringan pangayomaning Gusti lan lancar rejekiné.
  4. Arak-arakan, ngarak anak kang bubar disunat numpaki jaran menyang omahé seduluré.
  5. Puncaking acara, para pambeksa mitontonaké jejogèdan lan carita saka tlatah Jawa, Madura, lan Bali.
  6. Ngesakna niat, sesepuh Jaran Kecak nglaksanakaké upacara migunakaké sajèn amrih bocah kang disunat lancar rejekiné lan ora kena kacilakan.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia. kc. 309.
  2. a b c Rahardi, Dwi Setyo; Sumarno; Sumarjono (2015). "Perkembangan Kesenian Tradisional Jaran Kecak (Kuda Kencak) di Kecamatan Yosowilangun Kabupaten Lumajang Tahun 1972–2014". Artikel Ilmiah Mahasiswa Universitas Negeri Jember. 1 (1): 2–4. ISSN 2339-0069.
  3. a b Francisca Christy Rosana (2018-04-12). Tulus Wijanarko (èd.). "Tari Jaran Kencak Lumajang Jadi Simbol Status Sosial". Tempo Travel. Dibukak ing 2023-02-01.
  4. Poerwadarminta, W.J.S (1939). Bausastra Jawa. Batavia: J.B. Wolters.