Jaman wesi
Cithakan:Sajarah manungsa lan prasajarah Sajeroning arkéologi, Jaman wesi iku sawijining tahap perkembangan budaya manungsa nalika panggunaan wesi kanggo gawé piranti lan sanjata dominan banget. Panggunaan bahan anyar iki, sajeroning masarakat kerep nyakup owah-owahan sajeroning praktèk tetanèn, kapercayan agama, lan gaya seni, sanadyan ora tansah kaya mangkono.
Jaman wesi iku periode utama pungkasan sajeroning sistem telung jaman kanggo klasifikasi masarakat prasajarah, sing didhisiki déning Jaman Prunggu. Wektu lumaku lan kontèks jaman iki béda-béda, gumantung marang nagara utawa tlatah géografis. Sacara klasik, Jaman wesi dianggep diwiwiti ing Jaman Kegelapan Yunani ing abad kaping-12 SM lan Wétan Tengah Kuna, abad kaping-11 SM ing India, lan antara abad kaping-8 SM (Éropah Tengah) lan abad kaping-6 SM (Éropah Lor) ing Éropah. Jaman wesi dianggep rampung kanthi bangkité kabudayan Hellenisme lan Kakaisaran Romawi, utawa Jaman Tengahan wiwitan sajeroning kasus Éropah Lor.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Resourcesforhistory.com: A site with a focus on Iron Age Britain Archived 2008-06-11 at the Wayback Machine.
Artikel bab sajarah iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |