Ismail bin Katsir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Ismail Bin Katsir (Basa Arab : إسماعيل بن كثير) langkung misuwur kanthi asma Ibnu Katsir (miyos ing Bashrah, 1301 M – séda ing Damaskus, 1373 M) punika satunggaling cendekiawan Muslim. Panjenenganipun kawentar ing tengahipun umat Islam amargi nyerat kitab tafsir Al-Qur’an.[1] Panjenenganipun kalebet ahli fiqih, mufassir utawi ahli tafsir ingkang paripurna, wasis, cerdhas, lan sajarawan ingkang ulung.[1]

Miyosipun[besut | besut sumber]

Asma jangkepipun Ibnu Katsir inggih punika Imamul Jalil Al-Hafiz Imamud Din, Abul Fida Isma'il ibnu Amr ibnu Kasir ibnu Dau' ibnu Kasir ibnu Zar'i Al-Basri Ad-Dimasyq.[2] Panjenenganipun miyos ing taun 701 H ing satunggaling désa Mijdal ing laladan kutha Bashrah ing negeri Syam.[3]

Kulawarga[besut | besut sumber]

Ramanipun asalipun saking Bashrah, ibunipun saking wewengkon Mijdal. Asma jangkep ramanipun, Syihabuddin Abu Hafsh Umar ibn Katsir, miyos udakara taun 640 H, lan séda ing wulan Jumadil ‘Ula 703 H, inggih punika satunggaling ulama ingkang wasis sarta gadhah pangaribawa ing wewengkonipun. Ramanipun misuwur minangka juru dhakwah kados dipunngendikaken Ibnu Katsir ing salebeting kitab tarikh (al-Bidâyah wa al-Nihâyah). Nalika Ibnu Katsir nembe yuswa tigang taun, ramanipun seda. Ibnu Katsir punika putra wuragil ing kulawarganipun. Taun 706 H, Ibnu Katsir pindhah lan pidalem ing Damaskus.

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Taun 707 H, Ibnu Katsir pindhah dhateng Damaskus, lan ngudi ilmu dhateng sadherekipun ingkang asmanipun Abdul Wahhab.[4] Nalika semanten Ibnu Katsir sampun apal Al-Qur’an lan remen sinau hadits, fiqih, lan tarikh.[4]

Ibnu Katsir ageng ing Damaskus. Panjeneganipun pados ilmu kathah ing kutha kasebat, salah satunggal ara-araipun inggih punika Syaikh Burhanuddin Ibrahim al-Fazari. Dheweke uga nimba ilmu saka Isa bin Muth’im, Ibnu Asyakir, Ibn Syairazi, Ishaq bin Yahya bin al-Amidi, Ibn Zarrad, al-Hafizh adz-Dzahabi sarta Syaikhul Islam Ibnu Taimiyah.[5] Sakliyané iku, dhèwèké uga merguru ing Syaikh Jamaluddin Yusuf bin Zaki al-Mizzi, salah sawijining ahli hadits ing Syam. Syaikh al-Mizzi iki banjur nikahake Ibnu Katsir karo anak wadoné. Saliyané Damaskus, dhèwèké uga sinau ing Mesir lan éntuk ijazah saka ulama-ulama ing kana.

Préstasi[besut | besut sumber]

Amarga sinauné sengkud, akhiré dhèwèké dadi ahli tafsir kondhang, ahli hadits, sejarawan sarta ahli fiqih gedhé abad ka-8 H. Kitabé ing babagan tafsir ya iku Tafsir Al-Qur’an al-‘Azhim dadi kitab tafsir acuan nganti saiki, sakliyané kitab tafsir Ibnu Jarir.

Para ulama ngendika yèn tafsir Ibnu Katsir ya iku seapik-apike tafsir kang ana ing zaman iki, amarga dhèwèké nduwèni akeh keistimewan. Keistimewan kang paling penting ya iku nafsirake al-Qur’an karo al-Qur’an (ayat karo ayat kang bédha), nafsiraké al-Qur’an karo as-Sunnah (Hadits), banjur omongane salafush shalih (wong biyen kang sholih, ya iku para shahabat, tabi’in lan tabi’ut tabi’in), banjur karo kaidah-kaidah basa Arab.

Karya[besut | besut sumber]

Sakliyané tafsir al-Qur’an al-‘Azhim, dhèwèké uga nulis kitab-kitab liya kang paling apik kuwalitasé lan dadi rujukan kanggo generasi sakwisé, ing antarané ya iku :[6]

Kasaksèn saka Para Ulama[besut | besut sumber]

Kaaliman lan keshalihane Ibnu Katsir wis diakoni déning para ulama ing jamané utawa sakwisé. Adz-Dzahabi ngendika manawa Ibnu Katsir iku Mufti (sing mènèhi fatwa), Muhaddits (ahli hadits), ilmuan, ahli fiqih, ahli tafsir, lan nduwèni karangan kang akeh lan mumpangat.

Al-Hafizh Ibnu Hajar al-‘Asqalani ngendika manawa dhèwèké iku wong kang disibukke klawan hadits, nliti matan-matan (kualitas isiné hadits) lan rijal-rijal (pawarta hadits), ingetané banget kuaté, pinter dhiskusi,uripé mung kanggo nulis kitab, lan sakwisé sedané, wong liya isih bisa njupuk manfa’at kang akèh banget saka karya-karyane.

Salah sawijining muridé, Syihabuddin bin Hajji ngendika, “Dheweke iku wong kang paling kuwat apalané sing naté tak temoni babagan matan (isi) hadits, lan paling ngerti cacat hadits sarta kahanan para perawine. Para sahahabat lan ara-araé uga ngakoni perkara iku. Nalika sesrawungan karo dhèwèké mesthi oleh manfaat."

Tilar donya[besut | besut sumber]

Ibnu Katsir tilar donya taun 774 H ing Damaskus lan dipunsarèkakén ing Pasarean As-Suffiyyah ing caket pasarean ara-araipun, Syaikhul Islam Ibnu Taimiyah.[2][7] Dipunsebataken bilih ing wekdal badhe tilar donya, Ibnu Katsir nandhang wuta paningalipun.[2]

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b (id)www.quranpoin.com ibnu katsir biografi singkat (diaksés tanggal 13 Juli 2011).
  2. ^ a b c (id)Al-Imam Abul Fida Isma'il Ibnu Kasir Ad-Dimasyqi. (2000). Tafsir Ibnu Kasir Juz 1. Bandung: Sinar Baru Algensindo (kaca:vii)
  3. ^ (id)solihin87.abatasa.com Biografi Ibnu Katsir (diaksés tanggal 13 Juli 2011).
  4. ^ a b (id)sigitwahyu.net Biografi Al Imam Ibnu Katsir dan kitab Al Bidayah wan Nihayah (diaksés tanggal 13 Juli 2011).
  5. ^ (id)rumahterjemah.com Biografi Ibnu Katsir (diaksés tanggal 13 Juli 2011).
  6. ^ (id)www.mail-archive.com, diaksés tanggal 13 Juli 2011.
  7. ^ (id)wartawarga.gunadarma.ac.id, Biografi Al hafidzh Ibnu Katsir (dipunaksés tanggal 13 Juli 2011).