Menyang kontèn

Ismail

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ismail (Basa Arab إسماعيل ) (watara 1911-1779 SM) iku nabi sajeroning kaprecayan agama Islam. Ismail iku putra saka Ibrahim lan Hajar, kakang kandhung saka Ishaq. Ismail dadi nabi ing taun 1850 SM. Ismail manggon ing Amaliq lan ngayahi dhakwah kanggo Qabilah Yaman, Mekah. Piyambaké karan kaping 12 sajeroning Al-Quran. Ismail séda ing taun 1779 SM ing Mekah.

Nabi Ismail as iku wong sing sabar, apikan, lan alus atine. Dhèwèké tansah netepi janjine, kaya kang dingendikakake dening Allah Swt:

"Lan critakna (Muhammad) crita Ismail ana ing Kitab (Al-Qur'an). Satemene dhèwèké iku temen marang janjine, Rasul lan Nabi" (QS Maryam:54).

Kaligrafi nama Kanjeng Nabi Isma'il as

Rujukan

[besut | besut sumber]


• Muhammad Ahsan, Sumiyati. 2017. PAI dan Budi Pekerti kelas VIII, Surakarta, Putra Nugraha