Insang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Insang
Tuna Gills in Situ 01.jpg
Insang Iwak Tuna

Insang inggih punika piranti ambegan ulam (iwak) (Pisces).[1] Kajawi kanggé piranti ambegan, insang ugi gadhah mupangat kanggé piranti ekskresi sarem, nyaring panganan, piranti ijol ion, kaliyan osmoregulator.[1] Sawetawis jinis ulam gadhah labirin ingkang saged miyaraken insang manginggil kaliyan mbentuk lempitan-lempitan, saéngga rongga-rongganipun boten tumata.[1] Labirin punika kaginanipun nyimpen sèrepan oksigen, saèngga ulam tahan ing kahanan ingkang kirang oksigen.[1] Ulam ingkang balungipun sajati (Osteichthyes), insangipun dijangkepi tutup insang ingkang dipunwastani operkulum.[2] Déné ulam ingkang balungipun rawan (Chondrichthyes), insangipun boten gadhah tutup insang.[2]

Pérangan insang[besut | besut sumber]

Wujud insang punika awujud lembaran-lambaran tipis werninipun abrit enèm kaliyan kahananipun mesthi anyep.[1] Pérangan paling jawi saking insang gegayutan sanget kaliyan toya, déné pérangan paling lebet gegayutan kaliyan kapiler-kapiler getih.[1] Saben lembaran kawangun saking sepasang filamen, saben filamen ngandhut kathah lapisan tipis ingkang dipunwastani lamela.[1] Ing Filamen wonten pembuluh getih ingkang gadhah kathah kapiler, saéngga saged kadadosan difusi oksigen ingkang mlebet kaliyan karbon dioksida ingkang medal sakaing badan ulam.[1]

Insang ulam balung sajati[besut | besut sumber]

Salah satunggaling tuldhanipun ulam ingkang gadhah balung sajati inggih punika iwak mas.[2] Insang ulam mas kasimpen ing salebeting rongga insang ingkang dipunayomi déning tutup insang (operkulum).[2] Insang kawangin saking lengkung insang ingkang kasusun saking balung rawan awerna pethak, rigi-rigi insang ingkang migunani kanggé nyaring toya ambegan lumantar insang, ugi filamen utawi lembaran insang.[2] Filamen insang punika kasusun saking jaringan empuk, wangunipun kados jungkat lan werninipun abrit enèm amargi gadhah kathah kapiler getih kaliyan minangka cabang saking arteri insang.[2] Ing panggènan punika kadadosan ijolan gas oksigen kaliyan karbondioksida.[2] Oksigen dipunpendhet saking gas oksigen ingkang larut ing toya lumantar insang kanthi cara difusi.[2] Saking insang, oksigen dibeta getih lumantar pembuluh getih tumuju sadaya jaringan badan.[2] Saking jaringan badan, karbondioksida diangkud getih menyang jantung.[2] Saking jantung tumuju unsang kanggé nindakaken ijolan gas.[2] Prosès punika kadadosan terus kaliyan dipunbolan-balèni.[2] Mekanisme ambegan ulam dipuntindakaken lumantar menkanisme inspirasi kaliyan ekspirasi.[2] Ing fase inspirasi, oksigen kaliyan toya mlebet ing insang banjur oksigen dipuntalèni déning kapiler getih kanggé dibeta tumuju jaringan-jaringan ingkang mbetahaken.[2] Kosok wangsulipun ing fase ekspirasi, karbondioksida ingkang dibeta déning getih saking jaringan badhé wangsul malih ing insang. Saking insang dipunwedalaken saking badan lumantar operkulum.[2]

Insang ulam balung rawan[besut | besut sumber]

Insang ulam ingkang balungipun rawan boten gadhah tutup insang (operkulum), kados ta hiu.[2] Mlabet kaliyan medalipun hawa saking rongga tutug, amargi wonten éwah-éwahan tekanan ing rongga tutug ingkang dipuntuwuhaken déning éwah-éwahan volume rongga tutug ingkang dipunjalari wontenipun obah minggah mandhapipun rongga.[2] Manawi dhasa tutug éwah mandhap, volume rongga nambah saéngga tekanan rongga langkung alit tinimbang tekanan toya ing sakupengipun.[2] Toya mili tumuju rongga tutug lumantar celah tutug ingkang ing pungkasanipun kadadosan prosès inspirasi.[2] Manawi dhasar tutug minggah, volume rongga tutug alit, tekananipun minggah, celah tutug nutup, saéngga toya mili tumuju njawi lumantar celah insang kaliyan kadadosan prosès ekspirasi karbondioksida.[2] Ing wekdal punika kadadosan ijolan gas oksigen kaliyan karbon dioksida.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h Alat Pernafasan Hewan(dipunundhuh 28 Oktober 2012)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u Sistem Pernafasan Ikan(dipunundhuh 28 Oktober 2012)