Menyang kontèn

Èkskrèsi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Ekskresi)
Èkskrèsi

Èkskrèsi inggih punika prosés pémbuangan sisa mètabolisme lan bénda ingkang boten mupangatakén.[1](dipununduh Tanggal 28 September 2012). Pengeluaran utawi pembuangan ampas asil Metabolisme ingkang sampun mbotén dipunbutuhaké kaliyan slira.[2](dipununduh Tanggal 28 September 2012). Ekskresi inggih punika péngèluaran bahan-bahan ingkang boten migunani utawi sisa Metabolisme lan bahan ingkang kaluwihan saking sel utawi organisme.[3](dipununduh tanggal 28 September 2012). Ekskresi inggih punika penghapusan limbah saking getih utawi jaringan.[4](dipununduh tanggal 28 September 2012).

Organ utawi Piranti-piranti Ekskresi

[besut | besut sumber]

1. Paru-paru Paru-paru ing salebèting gronggongan manungsa sisèh tèngèn lan kiwa ingkang ngèlindungi balung-balung rusuk, fungsinipun paru-paru inggih punika dados organ ÈkskrÈsi amérgi migunani kanggé ngèluarakén gas karbon dioksida CO2 lan H2O ing wujud uwab toya. Ing salebéting paru-paru kédadosan prosès pertukaran antawis gas oksigèn saha karbondioksida. Prosès pembuangan dipunwiwiti kaliyan berdifusinya karbon dioksida saking sèl-sèl ing salébéting gétih, ngélampahi cuwèran jaringan lan pungkasing mlébet ing Alveolus. Saking Alveolus, Karbon dioksida bakhal dipunmedalaken ngélampahi udara ingkang dipunhembuskan déning Grana. 2. Hati Ati kagolong Kélénjar ingkang ageng ing salebéting slira. panggénanipun ing gronggongan Padharan sisih téngén ènggal. Ati médhalakén zat racun saréng kaliyan gétah Émpédu. Fungsinipun Ati inggih punika ngasilaken Émpédu saking perombakan sèl gétih abang, saha nétralakén racun ingkang mlébét ing salébéting slira lan matèni bibit lelara, saha panggènan gula ing wujud Glikogèn, ugi wujud Protèin katamtu lan ngérombak kadas ngubah Ammonia dados Uréum. Panggènan wujud Protrombin ingkang berperan ing pembentukan gétih Ati kagolong ing salébéting organ Èkskrési amérgi ngasilaken cuwèran Émpédu. Cairan punika kasusun saking taya, Asam empedu, Koléstérol, fosfolipid lésitin, zat warna pigmèn, Émpédu billirubin dan biliverdin.[5](dipununduh Tanggal 28 September 2012)

3. Kulit Asil Èkskrèsi wujud toya lan uyah ing wujud kringét. 4. Ginjel Méngèkskrèsikén zat-zat sisa utawi limbah, asil Èkskrèsi wujud urin Sejati.[6] Saben dinten salira kita punika ngasilaken kotoran lan zat-zat saking pinten-pinten prosès salira. supados salira kita punika séhat lan kawates saking lelara, mila kotoran lan zat-zat sisa ig salira kita dipunbucal nglampahi piranti-piranti ekskesi. Sistem ekresi inggih punika prosès pengeluaran zat-zat sisa asil metabolisme ingkang sampun boten dipun-ginakaken malih déning salira. Manawi kawalikan saking sistem punika ya iku sistem sekresi inggih punika prosès pengeluaran zat-zat ingkang gadhah guna kanggé salira. Piranti-piranti ekskresi manungsa wujud ginjel,kulit, hati, paru-paru lan colon.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Beckett, B. S. (1986). Biology: A Modern Introduction. Oxford University Press. kc. 110. ISBN 0199142602.
  2. http://artikata.com/arti-326054-ekskresi.html
  3. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-09-29. Dibukak ing 2012-09-28.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  4. http://kamuskeséhatan.com/arti/ekskresi/[pranala mati permanèn]
  5. {http://www.scribd.com/doc/33151236/Sistem-Sekresi-Dan-Ekskresi-Pada-Manusia}
  6. http://id.shvoong.com/exact-sciences/biology/2261837-pengertian-ekskresi-sekresi-dan-defekasi/#ixzz27lEjeqpr(dipununduh Archived 2012-09-29 at the Wayback Machine. Tanggal 28 september 2012)