Menyang kontèn

Ibnu Jamil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ibnu Jamil
Lair30 April 1982 (umur 44)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Presenter

Ibnu Jamil (lair ing Jakarta, 30 April 1982; umur 44 taun).[1] Ibnu Jamil punika salah setunggaling aktor Indonesia.[1] Ibnu Jamil sampun asring dados bintang wonten ing sinétron saha filem-filem.[1] Sinétron ingkang dipunbintangi Ibnu Jamil ingkang sepisanan inggih punika sinétron kanthi irah-irahan Seandainya ingkang dipunwedalaken kaliyan Multivision Plus.[1] Wonten ing sinétron punika, Ibnu Jamil akting kaliyan artis Ari Wibowo saha Desy Ratnasari.[1] Ibnu Jamil punika kanca raketipun aktor ingkang namanipun Baim Wong.[1] Ibnu Jamil misuwur wiwit dados bintang wonten ing sinétron ingkang irah-irahanipun Cinta 2020.[1] Wonten ing sinétron punika Ibnu Jamil akting dados tokoh Refa ingkang ngantosaken juru main sinétron alm Adi Firansyah.[1] Ibnu Jamil punika kuliyah wonten ing Universitas Mercu Buana.[1] Kajawi akting wonten ing filem saha sinétron, Ibnu Jamil punika ugi dados bintang iklan rokok Starmild versi Obsesi Jadi Selebriti.[1] Kanthi iklan punika, Ibnu Jamil sangsaya misuwur namanipun.[1]

Sinetron

[besut | besut sumber]

Sinétron ingkang naté dipunbintangi Ibnu Jamil.[2]

  • Tersanjung 6
  • Adilkah (Tersanjung 7)
  • Seandainya
  • Titipan Ilahi
  • Jangan Berhenti Mencintaiku
  • Keajaiban Cinta
  • Haruskah Ku Mati
  • Mukjizat Allah
  • Juleha Kaya Mendadak
  • Cinta 2020
  • Cewek Penakluk
  • Inikah Cinta?
  • Dimana Kau Cinta
  • Aqso dan Madina
  • Dewi
  • Sejuta Cinta Marshanda
  • Lagu Cinta Nirmala
  • Kasih Dan Cinta

Filmografi

[besut | besut sumber]

Artikel utama kanggo pérangan iki sing Filmografi Ibnu Jamil

  • Badai Pasti Berlalu (2007)
  • Kuntilanak 2 (2007)
  • Love is Cinta (2007)
  • Tali Pocong Perawan (2008)
  • Kick n'Love (2008)
  • Ikhsan: Mama I Love You (2008)
  • Coca Cola
  • Pro XL
  • Starmild

Presenter

[besut | besut sumber]
  • Siaran Langsung Piala Dunia 2010 (RCTI)
  • Siaran Langsung Liga Inggris 2010/2011 (MNCTV/dhisik arane TPI)

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 28 September 2011)
  2. infoselebindo.com Archived 2012-04-20 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 28 September 2011)