Gut (ritual)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Persiapan ritual gut.

Gut (굿) inggih punika ritual upacara ingkang dipunlampahi déning tiyang mudang (dukun) kanggé nyuwun berkat lan kasajahteraan manungsa dateng déwa ing Shamanisme Koréa, kapitadosan asli masarakat Koréa.[1][2][3][4][5] Ing wanci punika, gut dipunlampahi manawi dados ritual lan pertunjukkan kesenian ingkang mèmadukan permainan musik, nyanyi lan bèksa.[1] Ing masa kapungkur, gut dipunlampahi dados upacara ingkang asipat nasional kanggé nyènyuwun kabèrkatan kanggé bangsa lan nagara, lajèng wujud-béntukipun ngèrèmbag ing masarakat.[1] Saben gut ingkang dipunlampahi bèntèn-bèntèn miturut wewengkon sarta karakter lan kabetahan mudang.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Pintèn-pinten sèratan sajarah nyèrat manawi orang Koréa sampun ngèlampahi gut ing jaman kino.[6] Seratan Cina kino saking Dinasti Tang nyerataken masarakat Silla lan Baekje nglampahi ritual-ritual kanggé muja déwa-déwa gunung.[6] Seratan Sajarah Tiga Karajan (Samguk Yusa) nyerataken manawi Dangun, tokoh ingkang madegaken kraton pertama bangsa Koréa, menjelma dados déwa gunung saat punika pejah.[6] Ritual gut nglampahi pasang surut kaliyan sajarah Shamanisme ing Koréa.[7][8] Pada masa Dinasti Joseon (1397-1910), Shamanisme dipuntekan déning pamaréntah lan dukun manggeni status sosial ingkang paling ngandap.[8] Ing masa penjajahan Jepang (1910-1945), praktik gut dipunlarang.[8] Ing taun 1960-an, manawi pamaréntah Koréa Kidul gencar lestantunaken bentuk-bentuk kabudayan daerah kados ta jogèd lan musik tradhisional dados warisan budaya nasional, Shamanisme lan praktik gut wiwit malih ngerembag.[8] Ing wanci punika, kathah 12 gut ingkang kapérang saking ritual jogèd lan musik sampun dipundadosaken Warisan Budaya Nonbendawi Koréa Kidul.[8] Penelitian pamaréntah Koréa Kidul ing taun 1993 nedahaken manawi rakyat Koréa, limrahipun ingkang manggèn ing pedésaan, ngelaksanaaken 500 jinis gut.[6] Sebagian ageng gut punika dipunlampahi kanggé muja déwa pelindung désa, ingkang ing saben-saben wewengkon gadhah asma-asma ingkang bènten-bènten.[6] Jumlah déwa ingkang dipunsembah gadhah jumlah langkung saking 500 ingkang kapérang saking 114 déwa gunung (sansin), 109 déwa penjaga désa, 68 déwa pelindung (tangsansin), gabungan 23 déwa gunung lan sungai (sancheonjonsin), 23 déwa nenek moyang, 11 déwa pohon, 11 déwa tanah (tangsantojisin), lan 164 déwa-déwa sanèsipun.[6]

Prosesi[besut | besut sumber]

Upacara gut

Wonten tiga faktor ingkang wigati ing salebeting prosesi gut, inggih punika déwa ingkang dados objek kepercayaan, para peserta ingkang mohon, sarta mudang piyambakipun ingkang dados penghubung antawis kalihipun.[1] Prosesi gut dipunwiwiti kaliyan ritual ngundang déwa, maringi persembahan, berdoa, prosès kerasukan ingkang dipundereaken jogèd lan nyanyian.[1] Upacara punika limrahipun dipunwontenaken kanthi gedhé-gedhenan.[3] kawiwitan, tuan rumah badhé ngeresiki rumah, ngundang lan njamu para tamu.[3] Piyambakipun badhé nyiapaken makanan lan minuman lan nangleti kapinginan para tamunipun.[3] Gegayutan persahabatan dijalin saat punika saling berbagi panganan lan minuman, sami-sami menari lan nyekaraken ngantos karaméan pungkasan.[3] Tamu badhé dipunantar pulang saksampun acara purna.[3]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f Korean Cultural Insights. Junggu, Seoul: Koréa Tourism Organization. 2009. kc. 130–131.
  2. An Illustrated Guide to Korean Culture-233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co. 2002. kc. 316–318. ISBN 89-8546-98-1. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)
  3. a b c d e f Kim, Soo-nam (2005). Gut, Korean Shamanic Ritual, Songs Calling Spirits. Paju-si, Gyeonggi: Youlhwadang. kc. 15–17. ISBN 89-301-0178-x. {{cite book}}: Check |isbn= value: invalid character (pitulung)
  4. Howard, Keith (1998). Korean Shamanism, Revivals, Survivals, and Change. Seoul: Seoul Press. kc. 21–78. ISBN 89-7225-094-5.
  5. Music of Shamans to Be Featured, koreatimes. Diakses padha 27 des 2012.
  6. a b c d e f Im Dong-kwon (1994). "Vilage Rites: A Rich Communal Heritage" (PDF). Koreana. 8: 7–11. Dibukak ing 15 Juni 2010. {{cite journal}}: Unknown parameter |month= ignored (pitulung)
  7. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng new york
  8. a b c d e Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng musik