Génre sastra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
poto genre

Tembung genré asalipun saking basa Prancis ingkang tegesipun inggih punika jinis. Lajeng, genré sastra inggih punika jinisipun karya sastra. Aristotèles ing dalem tulisanipun ingkang kaloka hiyo iku Poetica, ngemot dhasar-dasaripun téyori genre. Téyori punika inggih ngemot jinis karya sastra ingkang tumuju marang karya sastra Yunani klasik, ananging ingkang saé saking téyori punika inggih téyorinipun saged dipunlebetaken ing karya sastra ingkang sedaya nagari. Miturut Aristotèles, karya sastra ingkang dasaripun saking perwujudanipun punika dipunpérang dados 3, inggih punika èpik, lirik, lan drama.[1] Epik inggih punika teks ingkang sepalihipun ngemot diskripsi, lan sepalih ingkang lintu ngemot tokoh (cakapan). Èpik uga saged dipunarani prosa. Lirik inggih punika ungkapan idé utawi perasaanipun pengarang. Ing dalem babagan punika ingkang dipunrembag inggih "aku" lirik, ingkang limrahipun mau penyair. Lirik punika ingkang wayah saiki dipunkenal dados puisi utawi sajak, inggih karya sastra ingkang ngemot èksprèsi perasaan pribadi ingkang luweh ngutamakaken carané damel eksprèsi. Drama inggih punika karya sastra ingkang dominasi guneman sedaya paraga. Kritéria drama ingkang bèntenaken inggih wonten 2 werni karya sastra lintunipun inggih hubunganipun manungsa kaliyan donya panggènan lan wekdal. Lirik sipatipun subjektif, sebabipun namung ngendikakaen donya penyair. Drama sipatipun objektif, sebabipun boten ngemotaken donya parekanipun, tanpa diskripsi ing sajabone objektif. Èpik inggih punika campuran antawisipun subjektif lan objektif. Wekdal ing dalem karya sastra èpik ngalir linear (kronologis utawi flashback); ing dalem drama wekdal dipunnyatakaken utawi ingkang kadadéan sapunika; lan ing dalem lirik wekdal kados atos, sebab sajatosipun lirik boten kaiket kaliyan wekdal.[2].

Prosa lan Puisi[besut | besut sumber]

Puisi mawi cara konvensional saged dipuntegesi dados tuturan ingkang kaiket (èmosi, imajinasi, pikiran, nada, idé, baris, bait, rima, lan saklintunipun). Prosa inggih karangan. Perlu sanget dipunrembag tegesipun prosa lan puisi miturut A.W. De groot ingkang dipunsitir déning Rachmat Djoko Pradopo [3].

  • Kesatuan korespondensi prosa inggih punika kesatuan sintaksis, nanging kesatuan korespondensi puisi inggih punika kesatuan akustis.
  • Korespondensi puisi ngemot sajak, ananging prosa boten gadhah korespondensi.
  • Ingdalem baris sajak wonten periodisitas saking awal dumugi akir, ananging ing dalem prosa boten wonten periodisitas.

Bèntenipun prosa kaliyan puisi inggih sajatosipun kaemot ing kadar padhetipun sedoyo punika. Sahinggo, karya sastra punika manawi padhet saged kasebat puisi lan manawi boten padhet punika kasebat prosa. Meniko sebabipun muncul tembung puisi ingkang prosais lan prosa ingkang puitis. Sifat prosa ingkang utami inggih punika ngudari lan puisi madhetaken. Bahan mliginipun inggih sami, punika persoalanipun manungsa. Prosa punika èksprèsi nyusun cariyos (konstruktif), puisi punika èksprèsi nyiptakaken curahan jiwa (kréatif). Rumus: x + y = z. X = pengalaman, y = renungan, imajinasi, lan tèknik, z = hasilipun inggih punika cariyos ingkan sampun dipunréka. Werni-werni cariyos réka daya punika ing dalem sastra modèrn, hiyo iku novèl, carkak, lan novéla. Novèl inggih punika cariyos réka daya ingkang langkung dawa, ingkang ngemot paraga, aluripun, lan sètting utawi latar. Cerpèn inggih punika cariyos ingkang cendhak, ingkang musataken ing kahanan ingdalam wekdal punika, mliginipun inggih konflik. Novéla inggih punika cariyos réka daya ingkang luwih dawa lan angèl saking carkak, ananging boten langkung dawa kados novèl, isinipun boten dipunputusi ing satunggal kahanan kadadéan, lan konflik.

Drama[besut | besut sumber]

Tembung drama asalipun punika saking basa Yunani draomai ingkang tegesipun nindakaken. Drama inggih paragaan cariyos utawi lakonan ing kauripan manungsa ingkang dipunpentasaken. Drama ing dalem karya sastra arupi naskah drama. Drama salintunipun dados karya sastra uga dados karya seni. Prosès kadadéyanipun drama inggih saged dipundamel rumus nganggé formula 4 M. -M-1: Menghayalkan (ngayalaken) -M-2: Menuliskan (nulisaken) -M-3: Memainkan (maragakaken) -M-4: Menyaksikan (mirsani) Drama dados karya sastra namung ngantos tahap M-2. Umumipun naskah drama ngemot 10 susunan karakter, antawisipun: 1. Susunan jeneng paraga 2. Sinopsis 3. Urutanipun nomer dialog kaliyan jeneng paraga 4. Nyantumaken tandha baca ingkang nyata 5. Mènèhi penjelasan dados keterangan ing dalem tandha kurung 6. Mènèhi tandha bagianipun ilustrasi musik 7. Nyusun urutan tembung dan kalimat ingkang nyata 8. Ngemot pokok pikiran ingkang nyata ing dalem dialog 9. Mènèhi tandha panggantos babak ingkang nyata 10. Ngakhiri cariyos kaliyan kalimat ingkang padhet Miturut isinipun, drama kebagi dados 8 werni, antawisipun:

  • Tragèdhi: drama ingkang nyariosaken kesedihan
  • Komèdi: drama jenaka ingkang ngemot sindiran utawi kritik
  • Tragèdi-komèdi: drama ingkang nyariosaken kesedihan uga jenaka
  • Opera: drama ingkang tuturanipun arupi lagu-lagu
  • Operèt: drama kados opera ananging luweh cendhak
  • Tableau: drama ananging boten wonten tuturanipun, paraga namung ngandhalaken gerak patah-patah (pantomim)
  • Minikata: drama ingkang migunakaken tuturan singkat ingkang ngandalaken gerak teatrikal
  • Lawakan: drama ingkang sedayanipun ngemot humor saéngga isi cariyos boten wigati.

Kesimpulanipun, objek ngèlmu sastra inggih punika prosa, puisi, lan drama, ingkang rincianipun arupi puisi, novèl, carkak, novela, lan naskah drama.

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. ^ Teeuw, A: "Membaca dan Menilai Sastra", kaca 109. Gramedia, 1983
  2. ^ Hartoko, Dick lan B. Rahmanto: "Pemandu di Dunia Sastra", kaca 53. Kanisius, 1986
  3. ^ Pradopo, Rachmat Djoko:"Pengkajian Puisi", kaca 112. Gadjah Mada University Press, 1998

Pranala njaba[besut | besut sumber]

  • Noor, Redyanto. 2009. Pengantar Pengkajian Sastra. Semarang: Fasindo.
  • Kategori:Genre sastra.[1]
  • Genre Fiction. [2]