Endometriosis
Endometriosis ya iku radang kang ana hubungane karo hormon estradiol utawa estrogen wujud pertumbuhan jaringan endometrium kang dibarengi perambatan pembuluh getih, nganti nonjol metu saka rahim (pertumbuhan ectopic) lan nyebapake pelvic pain.[1] Endometriosis dikabrake ana hubungane karo estrogen sebab perkembangan lan simtoma kang diakibatake bakal ilang bebarengan tekané menopause, amarga iku perawatan paling umum kanggo penderita radang iki ya iku penggunaan terapi hormonal kang nginduksi kondisi hipoestrogenik. Estrogen wujud kelompok hormon steroid kang disekresi ovarium sekwise distimulasi déning FSH lan utawa LH kang disekresi déning klanjer hipofisis. Luwih lanjut sekresi FSH lan LH digawé alon déning hormon GnRH kang disekresi déning hipotalamus.[2]
Sawisé kista endometriosis wis kadhapur sepenuhe, muncul simtoma hiperalgesia vaginal kang dibarengi karo hiperalgesia otot weteng. Jaringan ing kiwa-tengené kista bakal sekresi pir-pira sitokina kaya ta IL-1, IL-6, IL-8, lan IL-10, TNF-α, faktor pertumbuhan kaya VEGF dan NGF.
Biasane endometriosis kawates ing lapisan bolongan weteng utawa dhuwur organ weteng. Endometrium kang salah panggonan iki racaké nempel ing ovarium (indung telur) lan ligamen nyokong rahim. Endometrium uga bisa nempel ing lapisan jaba usus alus lan usus gedhé, ureter (saluran kang gabungake ginjel karo kandung kemih), kandung kemih, vagina, jaringan parut ing jero weteng utawa lapisan bolongan dhadha. Kadang jaringan endometrium tumbuh ing jero paru-paru.[3]
Endometriosis bisa diturunkan dan lebih sok ditemukan padha keturunan kapisan (ibu, anak perempuan, saudara perempuan). Faktor lain kang meningkatkan risiko terjadinya endometriosis ya iku memiliki rahim kang abnormal, melahirkan kapisan kali padha usia di atas 30 taun dan kulit putih.
Endometriosis diperkirakan terjadi padha 10-15% wanita subur kang berusia 25-44 taun, 25-50% wanita mandul dan bisa juga terjadi padha usia rumaja. Endometriosis kang berat bisa menyebabkan kemandulan karena menghalangi jalannya sèl telur saka ovarium ke rahim.
Penyebab
[besut | besut sumber]Penyebabnya ora dingertèni, nanging pira-pira ahli ngutarakake téyori kaya mengkene:
- Téyori menstruasi retrograd (menstruasi kang obah mundur). Sel-sèl endometrium kang diculke nalika wektu menstruasi obah mundur marang tuba falopii banjur lumebu ing pinggang utawa weteng lan lan gedhi ing jero pinggang utawa weteng.
- Téyori sistem kekebalan. Kelainan sistem kekebalan nyebapake jaringan menstruasi gedhi ing daerah saliyané rahim.
- Téyori genetik metuga tertentu duwé faktor tertentu kang nyebapke kepekaan kang dhuwur tumrap endometriosis.
Saben wulan ovarium ngasilaké hormon kang ngrangsang sèl-sèl ing lapisan rahim kanggo ngabuhake lan kandel (minangka persiapan tumrap kemungkinan dadine kehamilan). Endometriosis uga mènèhi respon kang padha tumrap sinyal iki, nanging dhèwèké ora mampu misahake dewene saka jaringan lan ucul sakwene menstruasi. Kadang kadhang kadadéan pendarahan sithik nanging langsung mari lan mbalik dirangsang ing siklus menstruasi sebanjure.
Prosès kang kalangsung terusterusan iki nyebapake pambentukan jaringan weteng lan perlengketan ing jero tuba lan ovarium, sarta ing kiwa-tengené fimbrie tuba. Perlengketan iki bisa nyebapake pelepasan sèl telur saka ovarium marang jero tuba falopii terganggu utawa ora kalaksana. saliyané iku, perlengketan uga bisa nyebapake kalinganne lelampahan sèl telur kang wis dibuahi tumuju matrang rahim.
Resiko dhuwur kedadeane endometriosis tinemu ing
- Wanita kang ibu utawa sadulur wedoke menderita endometriosis
- Wanita kang siklus menstruasine 27 utawa kurang
- Wanita kang ngalami menarke (menstruasi kapisan) kadadéan luwih awal
- Wanita kang iasa ngalami menstruasi sakwene 7 dina utawa luwih
- Wanita kang ngalami orgasme nalika menstruasi
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ "Endometriosis as a neurovascular condition: estrous variations in innervation, vascularization, and growth factor content of ectopic endometrial cysts in the rat". Program in Neuroscience, Florida State University; Guohua Zhang, Natalia Dmitrieva, Yan Liu, Kristina A. McGinty, and Karen J. Berkley.(kaunduh 30/1/13)
- ↑ "Future possibilities in the prevention of breast cancer: Luteinizing hormone-releasing hormone agonists". USC/Norris Comprehensive Cancer Center and University of Southern California/Keck School of Medicine; Darcy V Spicer dan Malcolm C Pike.(kaunduh 30/1/13)
- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-01-29. Dibukak ing 2013-01-30.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)