Orgasme

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lukisan Frenzy of Exultations (1894), déning Władysław Podkowiński

Orgasme (saka tembung basa Yunani ὀργασμός orgasmos sing tegesé "kabagyan, abuh"; uga klimaksing sèks) ya iku uculing kabagyan sèksual sing katumpuk sing ujug-ujug nalika siklus réspon sèksual, sing ngasilaké ing kontraksi otot sing ritmis ing panggul sing dadi ciri khas kanggo kepénaking sèks.[1][2][3] Iki dialami déning wong lanang lan wong wadhon, orgasme iku dikuwasani déning sistem saraf otonomis utawa sistem saraf paksa. Orgasme iku asringé dikaitaké karo tumindak-tumindak kepaksa, kalebu kejèling otot ing sawenèh area ing awak manungsa, sènsasi euforia sing umum lan, asringé, owahing awak lan vokalisasi.[4] Période sawisé orgasmé (uga dimudhengi minangka période refractori) ya iku kerepé sawiji pengalaman sing nglegakaké uwong, digaètaké karo uculing neurohormones oxytosin lan prolaktin uga endorphins (utawa "morphine éndogén").[5]

Orgasmé manungsa lumrahé diasilaké saka timulasi sèks fisik ing penis kanggo wong lanan (lumrahé mbarengi éjakulasi), lan ing clitoris kanggo wong wedhok.[4][6][7] Stimulasi sèks bisa dilakukaké dhéwé-dhéwé (kanthi masturbasi) utawa kanthi karo partner sèks (penetratif sèks, non-penetratif sèks, utawa skagiyatan sèksual liyané).

Èfèk-èfèk kaséhatan sing ngepungi orgasmé manungsa iku warna-warna. Ana akèh réspon-réspon psikologis kagiyatan sèksual, kalebu sawiji kaanan lega sing kagawé déning prolaktin, uga owah-owah ing jero sistem saraf pusat kaya ta a temporary mudhing kagiyatan metabolik sing sedéla ing pérangan gedhéné cerebral cortex kamangka ora ana owahan utawa mundhaké kagiyatan metabolik ing area-area limbik (i.e., "ngewatesi") ing jero utek manungsa.[8] Uga ana akèh dhisfungsi sèksual, kaya ta anorgasmia. Èfèk iku mau njalari panemu-panemu kultural marang orgasme, kaya ta kapitayan tmenawa orgasme lan kerep orané utawa konsistèn apa orané wigati utawa ora ana sangkut pauté kanggo maremé wong ing sawiji ubungan sèksualé,[9] lan téyori-téyori bab fungsi-fungsi biologis lan evolutionèré orgasme.[10][11]

Orgasme ing kéwan uwis disinaoni kanthi ora pati signifikan tinimbangé orgasmené manungsa, nanging panlitèn bab subyèk iki mau isih tetep ana.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Masters, William H.; Johnson, Virginia E.; Reproductive Biology Research Foundation (U.S.) (1966). Human Sexual Response. Little, Brown. kc. 366. ISBN 0-316-54987-8.
  2. See 133–135 for orgasm information, and page 76 for G-spot and vaginal nerve ending information. Rosenthal, Martha (2012). Human Sexuality: From Cells to Society. Cengage Learning. ISBN 0618755713.
  3. "Orgasm". Health.discovery.com. Dibukak ing 21 April 2010.
  4. a b See 133–135 for orgasm information, and page 76 for G-spot and vaginal nerve ending information.
  5. Exton MS, Krüger TH, Koch M, et al. (April 2001). "Coitus-induced orgasm stimulates prolactin secretion in healthy subjects". Psychoneuroendocrinology. 26 (3): 287–94. doi:10.1016/S0306-4530(00)00053-6. PMID 11166491.
  6. Wayne Weiten; Dana S. Dunn; Elizabeth Yost Hammer (2011). Psychology Applied to Modern Life: Adjustment in the 21st Century. Cengage Learning. kc. 386. ISBN 1-111-18663-4. Dibukak ing 5 Januari 2012.
  7. O'Connell HE, Sanjeevan KV, Hutson JM; Sanjeevan; Hutson (October 2005). "Anatomy of the clitoris". The Journal of Urology. 174 (4 Pt 1): 1189–95. doi:10.1097/01.ju.0000173639.38898.cd. PMID 16145367.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  8. Georgiadis JR, Reinders AA, Paans AM, Renken R, Kortekaas R; Reinders; Paans; Renken; Kortekaas (October 2009).
  9. "Frequently Asked Sexuality Questions to the Kinsey Institute: Orgasm". iub.edu/~kinsey/resources. Diarsip saka sing asli ing 2012-01-05. Dibukak ing 3 Januari 2012.
  10. Geoffrey Miller (2011). The Mating Mind: How Sexual Choice Shaped the Evolution of Human Nature. Random House Digital. kc. 238–239. ISBN 0307813746. Dibukak ing 27 Agustus 2012.
  11. Wallen K, Lloyd EA.; Lloyd (May 2011). "Female sexual arousal: genital anatomy and orgasm in intercourse". Hormones and Behavior. 59 (5): 780–92. doi:10.1016/j.yhbeh.2010.12.004. PMC 3894744. PMID 21195073.