Sistem saraf pusat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Sitem saraf pusat.jpg

Sistem saraf punjer (SSP) ngliputi utek (Latin: ensephalon) lan sumsum balung mburi (Latin: medulla spinalis). Kaloroné arupa organ kang lunak banget, kanti fungsi kang wigati banget mangka perlu perlindungan. Saliyané cumplung lan ruas-ruas balung mburi, utek uga dilindungi 3 lapisan selaput meninges. yèn membran iki kena infeksi mangka bakal dadi radang kang ingaran meningitis.[1]

Katelu lapisan membran meninges saka jaba marang jero ya iku minangka kaya mengkene:

  1. Durameter; kasusun saka 2 lapisan, kang paling jaba nyatu kanti cumplung minangka endostium, lan lapisan liya minangka duramater kang gampang dicopot saka balung sirah. Ing antarané balung sirah karo duramater ana bolongan epidural.
  2. Arachnoidea mater; ingaran mangkono amerga bentuke kaya omah gorogati. Ing jerone ana cuwèran kang ingaran liquor cerebrospinalis; meh kaya cuwèran limfa kang ngisi sela selane membran araknoid. Fungsi selaput arachnoidea ya iku minangka bantalan kanggo nglindungi utek saka bahaya kerusakan mékanik.
  3. Piameter. Lapisan paling jero kang duweni wujud disesuaikake kanti lipatan-lipatan permukaan utek.

Otak lan sumsum balung balung buri duweni 3 materi esensial ya iku:

  1. awak sèl kang minangka bagiyan materi klawu (substansi grissea)
  2. serabut saraf kang minangka bagiyan materi putih (substansi alba)
  3. sèl-sèl neuroglia, ya iku jaringan ikat kang mapan ing antarané sèl-sèl saraf ing jero sistem saraf punjer

Senajan utek lan sumsum balung buri duweni materi padha ananging susunane béda. Ing utek, materi kelabu mapan ing bagiyan jaba utawa kulite (korteks) lan bagiyan putih mapan ing tengah. Ing sumsum balung buri pérangan tengah arupa materi kelabu kang bentuke kupu-kupu, wondene pérangan korteks arupa materi putih.

Otak[besut | besut sumber]

Otak duweni lima pérangan utama, ya iku: utek gedhé (serebrum), utek tengah (mesensefalon), utek cilik (serebelum), sumsum sambung (medulla oblongata), lan kreteg varol.

  • Otak gedhé (serebrum)
    Otak gedhé duweni fungsi sajrone pengaturan sekabehane aktivitas mental, ya iku kang ana kaitane karo kapinteran (intelegensi), ingatan (memori), kesadaran, lan pertimbangan.
    Otak gedhé arupa sumber saka sekabehane kagiyatan utawa obahan sadhar utawa jumbuh karo kekarepan, sanajan ana uga pira-pira obahan refleks utek. Ing bagiyan korteks utek gedhé kang wernané klawu ana pérangan panampa rangsang (area sensor) kang mapan ing pérangan mburi area motor kang fungsine ngatur obahan sadhar utawa merespon rangsangan. Saliyané iku ana area asosiasi kang ngubungake area motor lan sensorik. Area iki duweni peran sajrone prosès sianu, nyimpen ingatan, gawé kesimpulan, lan sianu pira-pira basa. Ing sekitar kaloro area kasebut ya iku pérangan kang ngatur kagiyatan psikologi kang luwih duwur. Misale pérangan ngarep arupa punjer prosès kanggo mikir (ya iku ngeleng- eleng, analisis, maca, kreativitas) lan émosi. Pusat pandelengan ana ing pérangan buri.
  • Otak tengah (mesensefalon)
    Otak tengah mapan ing ngarep utek cilik lan kreteg varol. Ing ngarep utek tengah ana talamus lan kelenjar hipofisis kang ngatur makarya kelenjar-kelenjar endokrin. Pérangan duwur (dorsal) utek tengah arupa lobus optikus kang ngatur refleks mata kayat penyempitan pupil mata, lan uga arupa punjer pangrungon.
  • Otak cilik (serebelum)
    Serebelum duweni fungsi utama jero koordinasi obahan otot kang kadadéan sacara sadhar, keseimbangan, lan posisi awak. yèn ana rangsangan kang ngrugekake utaw mbebayani mangka obahan sadhar kang normal ora mungkin dilakokake.
  • Sumsum sambung (medulla oblongata)
    Sumsum sambung duweni fungsi ngeterake impuls kang teka saka medula spinalis tumuju marang utek. Sumsum sambung uga ngaruhi kreteg, refleks fisiologi kaya detak jantung, tekanan getih, volume lan kecepetan respirasi, obah piranti pencernaan, lan sekresi kelenjar pencernaan.
    Saliyané iku sumsum sambung uga mengatur obah refleks kang kang liya kaya ta wahing, watuk, lan kedhep.
  • Kreteg varol (pons varoli)
    Kreteg varol isiné serabut saraf kang ngehubungake utek cilik bagiyan kiwa lan tengen, uga ngehubungake utek gedhé lan sumsum balung buri.[2]

Sumsum balung mburi (medula spinalis)[besut | besut sumber]

Ing penampang melintang sumsum balung mburi ketok bagiyan jaba kanti warna putih, wondene bagiyan jero awujud kupu-kupu lan kanti warna kelabu. Ing penampang melintang sumsum balung mbur ana bagiyan kaya swiwi kang kapérang atas swiwi nduwur ingaran tanduk dorsal lan swiwi ngisor ingaran tanduk ventral. Impuls sensori saka reseptor dihantar mlebu marang sumsum balung mbur lewati tanduk dorsal lan impuls motor metu saka sumsum balung mburi lumantar tanduk ventral tumuju efektor. Ing tanduk dorsal ana badan sèl saraf penghubung (asosiasi konektor) kang bakal nampa impuls saka sèl saraf sensori lan bakal menghantarkannya marang saraf motor

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ Sistem Saraf Pusat Pada Manusia, Kaunduh 27/1/13.
  2. ^ sistem-saraf-pusat, Kaunduh 27/1/13.

Cithakan:Sistem saraf