Dwi Andhika
| Dwi Andhika | |
|---|---|
| Lair | Muhammad Dwi Andhika |
| Pakaryan | aktor |
| Taun aktif | 2000 - saiki |
Muhammad Dwi Andhika akrab diundang kanthi jeneng Dwi Andhika (lair ing Bandung, Jawa Kulon, 3 April 1986; umur 40 taun).[1] Dwi Andhika iku salah sijiné juru main sinétron lan juru main filem Indonésia.[1]
Karir
[besut | besut sumber]Dwi Andhika miwiti karir dadi bintang modhél.[2] Dwi Andhika tau dadi juwara favorit Cover Boy nalika taun 2000. Dwi Andhika iku anak saka (alm) Drs. Ruchiat DGA.[2] Dwi Andhika banjur njajal karir ing donyaning presenter kanthi mimpin acara kang jenengé "Planet Remaja".[2] Ora mung dadi cover boy lan presenter, Andhika uga wiwit njajal akting ing akting.[2] Sinetron kang tau dibintangi Dwi Adhika kaya ta sinétron kang judhulé "Joey & Jessy", "Single Parent", "Dina dan Lisa", "Doa dan Anugerah", "Jin Kocak", lan "Pemburu Hantu".[2] Saliyané iku uga sinétron kang duwé judhul "Ada Apa Dengan Cinta" versi sinétron.[2] Andhika uga tau main ing layar lebar kaya ta dadi pemin pendhukung ing filem kang judhulé "Hantu", lan bersama Ayushita, Ardina Rasti, Hengky Kurniawan, lan Raffi Ahmad main ing filem kang judhulé "Me vs High Heels".[2]
Nalika taun 2007, Dwi Andhika duwé rencana kanggo nggawé album rekaman kang sepisanan.[2] Andhika wani nggawé album sawisé menang dadi juwara 2 ing program acara variety show "Seleb Mendadak Dangdut". Sanajan album perdanane iku musik pop dudu dangdut.[2]
Kauripan pribadi
[besut | besut sumber]Andhika saiki wis pacaran karo Chika Jessica, nanging sadurungé Andhika uga tau pacaran karo juru main sinétron Poppy Bunga, Vanessa Angel lan Ayushita.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 movietei.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 31 Juli 2011)
- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 m.kapanlagi.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 31 Juli 2011)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- Pages to import images to Wikidata
- Kabèh artikel mawa pranala njaba sing mati
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit October 2023
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel mawa pranala njaba sing mati permanèn
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit April 2026
- Aktor Indonésia
- Tokoh Bandung