Menyang kontèn

Denada

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Denada
LairDenada Elizabeth Anggia Ayu Tambunan
(1978-12-19) Dhésèmber 19, 1978 (umur 46)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanPenyanyi, Artis, Penari, Rapper
Wong tuwaEmilia Contessa

Denada Elizabeth Anggia Ayu Tambunan biyasa diundang kanthi jeneng Denada (lair ing Jakarta, 19 Dhésèmber 1978; umur 46 taun).[1] Denada iku salah sijiné penyanyi, penari, rapper lan aktris kang asalé saka Indonesia.[1] Denada iku anak wadon kang sepisanan saka pasangan Emilia Contessa, penyanyi kang misuwur nalika taun 1970 an lan pejabat Rio Tambunan.[1] Wiwitané Denada iku penyanyi pop kang banjur njupuk spesialisasi rap.[1] Nanging akir-akir iki, Denada malah dadi penyanyi dangdut.[1] Album kang tau digawé Denada ya iku Kujelang Hari, Jam satu Lewat, Denada dan Mak E[1] Denada uga tau diarani Lady Rapper.[2]

Wiwitae Denada misuwur kanthi rapper kang misuwur ing Indonesia nalika wiwitan taun 1990 an.[1] Denada banjur ninggal kariré dadi rapper kanggo nutugaké pendhidhikan ing Australia.[1] Sawisé mbalik saka Australia, Denada mbalik manèh ing donyaning musik nanging pindah aliran musik dadi musik dangdut.[1] Lagu-lagu dangduté Denada kalebu lagu kang misuwur lan kalebu dadi lagu unggulan ing akèh penghargaan musik kaya ta Anugerah Musik Indonesia lan Penghargaan MTV Indonesia nalika taun 2005.[1] Saliyané wong iku, wadon iki tau sekolah ing Australia lan akting ing sinétron. Sinetron kang tau dibintangi Denada kaya ta "Hari-hari Mau", "Nyari Bini", "Rahasia Ilahi", lan "Cahaya Surga".[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 5 September 2011)
  2. tokohindonesia.com Archived 2011-07-19 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 5 September 2011)