De Tjolomadoe

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

De Tjolomadoe inggih menika tilasing pabrik gendhis ingkang dumunung wonten ing Margi Adi Sucipto No. 1 Malangjiwan, Calamadu, Karanganyar, Jawa Tengah, Indhonésia. Pabrik gendhis menika dipunéwahi dados musiyum, punjer konvènsi, saha wewengkon kumersil. Musiyum menika mawi antawis 5,4 kilomèter dhateng sisih Kidul Wétan saking Papan Anggegana Internasional Adisoemarmo.[1]

Pabrik gendhis menika kala semanten dados pusering industri pangulahaning rosan rikala pamaréntahaning Indhiya Nèderlan.[2] Pabrik gendhis menika wiyaripun 1,3 héktar (3,2 ékar) wonten ing siti awiyar 6,4 héktar (16 ékar). Wonten ing taun 1928, pabrik menika dipunwiyaraken saha dipunrenggan malih.[3]

Sujarah[besut | besut sumber]

Pratikel[besut | besut sumber]

Gagasan kanggé madegaken pabrik gendhis menika asalipun saking K.G.P.A.A. Mangkunagara IV. Wiwitanipun inggih menika badhé damel modernisasi ekonomi Mangkunagaran supados nampi sakathah-kathahing pamedal kanggé Mangkunagaran.[4] Minangka panjangka wiwitan, Mangkunagaran damel rèformasi agraria ingkang dipuntindakaken kanthi mundhut siti apanase. Pamundhutan menika dipunsulih déning Mangkunagaran arupi yatra ingkang jumbuh kaliyan wiyaring siti saha tataran suburing siti. K.G.P.A.A. Mangkunagara IV ugi ngèndel kontrak sewa siti kaliyan perusahaan swasta Kilèn.[5]

Pabrik Gendhis Tjolomadoe dipun yasa wonten ing taun 1861 kanthi medalaken dana gunggunging ƒ400.000. Pawitaning wangun pabrik pikantuk dana pitulungan saking Gupermèn saha Be Bin Cian, mayor Tionghoa wonten ing Semarang. Pamilihing nami Tjolomadoe ingkang gadhah artos "redi madu" boten wonten katerangan kanthi gamblang. Ananging menawi dipunpirsani saking adating ratu Jawi, nama menika anggadhahi setunggal gegayuhan supados kawontenaning pabrik gendhis menika saged dados pirantos ingkang damel sugihing Mangkunagaran.[6]

Panuwuhan[besut | besut sumber]

Pabrik Gendhis Tjolomadoe antawis ing pungkasaning 1860 ngantos wiwitaning 1870-an

Kawontenaning Pabrik Gendhis Tjolomadoe sanget biyantu pamedaling Mangkunagaran. Kawewahan malih kaliyan mangsa industri gendhis ingkang taksih prayogi dadosaken kathahing pamedal saking pabrik satemah saged dipun-ginakaken kanggé bayar béya berah para priyayi saha nebus pambayaraning siti apanase ingkang dèrèng pundhat. Subagyaning pabrik gendhis menika dadosaken K.G.P.A.A. Mangkunagara IV kangge wangun pabrik gendhis malih ingkang dipunwastani Pabrik Gendhis Tasikmadu.[6]

Ananging kuncaraning pabrik gendhis menika naming sekedhap. Nalika pamaréntahaning K.G.P.A.A. Mangkunagara V, industri gendhis kalampahan mundur. Bab menika amargi pakebonan rosan ingkang katrajang ama saha kaluputaning manajemen nalika nindakaken pabrik temahan dadosaken kiranging anggaran.[7] Sambutan ingkang sampun kathah kaklempak saking péhak swasta kang ngawrataken anggaran pabrik, dadosaken pamaréntah Indhiya Nèderlan mundhut sedaya urusan babagan yatraning Mangkunagaran ugi panindaking pabrik-pabrik gendhis.[4]

Wonten ing pamaréntahaning K.G.P.A.A. Mangkunagara VI, kahanan pabrik-pabrik gendhis malih dados saé. Bab menika amargi saking kebijakan kanggé ngiritaken pamedaling yatra Mangkunagaran kados ta ngicalaken prajurit margayuda (pangreksa kori), nyuda pista-pista kaluwarga keprabon saha nyuda gajining para priyayi. Kebijakan menika saged ngleresaken kahanan finansial Mangkunagaran, saengga wonten ing taun 1899 saking panyuwuning K.G.P.A.A. Mangkunagara VI pangalolaning pabrik gendhis Mangkunagaran dipunwangsulaken kanthi kedah wonten setunggal ahli saking Walandi minangka superintendent.

Jayaning Pabrik Gula Tjolomadoe wangsul malih nalika pamaréntahaning K.G.P.A.A. Mangkunagara VII. Bab menika tinengeran kanthi minggahing gunggungan panèn rosan saking Pabrik Gendhis Tjolomadoe. Wonten ing taun 1929, Pabrik Gendhis Tjolomadoe manèn rosan awiyar 1.187,47 héktar kebon rosan. Ananging kajayan menika boten langkung amargi krisis malaise ingkang kalampahan kaliyan Indhiya Nèderlan, dadosaken intervènsi kebijakan pamaréntah Indhiya Nèderlan mungguh ing industri gendhis Mangkunagaran, kados ta nyuda wewengkon pakebonan rosan, pangaturan sadean kanthi terpusat turut NIVAS (Nederlandsch Indishche Vereeninging voor de Afzet van Suiker).[8]

Mangsa palenggahan Jepang[besut | besut sumber]

Nalika mangsa palenggahan Jepang, produksi gendhis kasudan amargi pabrik kangèlan kanggé pikantuk tiyang berah saha wewengkon kangge nanem rosan. Bab menika inggih amargi saking tujuan pamaréntah palenggahan Jepang ingkang langkung milih kangge tetanem bakal pangan. Kajaba menika, gumantining pabrik dados pabrik semèn, amunisi, saha butanol inggih dados salah satunggaling sabab sudaning produksi gendhis.[4]

Mangsa kamardikan[besut | besut sumber]

Stasiun penggilingan saka PG Colomadu

Kawontenaning Révolusi Sosial wonten Surakarta ing taun 1946 dadosaken status Daérah Istiméwa Surakarta dipunbusek. Bab menika gadhah daya pangaribawa dhateng pamundhutan sedaya badan usaha inggih industri gendhis Mangkunagaran ugi dipun-nasionalisasi déning pamaréntah Républik Indonésia tebih sadèrèngipun wonten program nasionalisasi ing taun 1957.[9]

Wonten ing taun 1947 lumantar Peraturan Pemerintah Nomor 9 babagan Perusahaan Perkebunan Républik Indonésia (PPRI) saengga Pabrik Gendhis Tjolomadoe dados kagunganipun pamaréntah Républik Indonésia. Kawontenaning Peraturan Pemerintah Nomor 1 taun 1963 babagan kawontenaning Badan Pimpinan Umum Perusahaan Perkebunan Negara (PPN) Gula dan Karung Goni ingkang kapusat wonten ing Jakarta, kepareng hak saha wewenang dhumateng PPN wonten ngatur perusahaan pabrik gendhis kados inggih perusahaan ingkang madeg piyambak. Pabrik Gendhis Tjolomadoe mlebet ing wewengkon PPN Kesatuan Jateng V. Nalika ing taun 1968 wonten Peraturan Pemerintah Nomor 14 babagan kawontenaning Perusahaan Nasional Perkebunan (PNP). Wonten ing taun 1981 dipunlampahaken reorganisasi pakebonan saengga PNP dipunbibaraken saha miturut Surat Keputusan Menteri Keuangan tanggal 28 April 1981 ingkang ngatur babagan panggamblokaning eks-PNP XV saha PNP XVI dados PT Perkebunan XV-XVI ingkang dedunung ing Surakarta.[9]

Mlebet ing taun 1990-an, produksi gendhis kalampahan mandhap. Bab menika inggih amargi pangéwahaning struktur wewengkon wonten ing Tjolomadoe ingkang wiwitanipun inggih menika wewengkon tetanèn lajeng éwah dados wewengkon dedunungan. Kirangipun produksi gendhis saha pamindhahing wewengkon rosan ugi karana règulasi ingkang katindakaken inggih menika UU Nomor 12 Taun 1992 babagan sistem budidaya taneman ingkang paring mardika dhumateng para tiyang tandur kanggé ngulah wewengkonipun piyambak kanthi nanem taneman ingkang dipunanggep saged pakolèh untung.[4] Pangéwahan ugi kalampahan wonten ing kondisi sosial masarakat ingkang wiwitanipun tetanèn malih dados lampah dagang utawi padamelan sanès ingkang langkung sumagah. Saturut mandhaping kasil produksi saha kiranging wewengkon taneman rosan, mangka wonten ing tanggal 1 Mèi 1997, Pabrik Gendhis Tjolomadoe kalampahan pagilingan rosan ingkang wekasan lajeng paripurna.[9]

Alih karya[besut | besut sumber]

Wonten ing taun 2017 sawatara BUMN kados ta PT PP (Persero) Tbk., PT PP Properti Tbk., PT Taman Wisata Candi Prambanan, Borobudur, dan Ratu Boko (Persero), saha PT Jasa Marga Properti damel patungan kanthi nama PT Sinergi Colomadu kangge nglampahaken rèstorasi utawi rèvitalisasi Pabrik Gendhis Tjolomadoe kanthi miturut pranatan cagar budaya saha tansah nglestantunaken aji saha wiryaning sejarah ingkang taksih wonten. Mesin-mesin ageng kanthi tumithiking karat boten dipunresiki kangge paring wawasan sejarah dhateng para wisatawan. Prosès rèstorasi kapernah kèndel amargi pabrik ingkang kagolong wewangunan sepah, inggih amargi sampun kandheg ngantos 20 taun. Alasan sanès inggih amargi kangèlan nalika pados blueprint saha foto-foto Pabrik Gendhis Tjolomadoe nalika taksih mlampah.[3]

De Tjolomadoe rasmi dipunbikak wonten ing tanggal 24 Maret 2018 kanthi kawewahan kolèksi digital wonten ing pungkasaning taun 2018.[3]

Wewangunan saha pasèlèhan[besut | besut sumber]

De Tjolomadoe anggadhahi sawatara kamar ingkang gadhah nama miturut nama asal kamar nalika taksih dados pabrik gendhis. Stasiun Gilingan dipun-ginakaken minangka Musiyum Pabrik Gendhis, Stasiun Kètèlan minangka aréa F&B, Stasiun Penguapan minangka aréa Arcade, Stasiun Karbonatasi minangka aréa Art & Craft, Besali Cafe minangka F&B, Tjolomadoe Hall utawi concert hall saha Sarkara Hall minangka kamar sarwa saged. Aréa concert hall saged nadhah tiyang 2.000-3.000 kanthi 520 papan palenggahan paningal ingkang sampun cumawis wonten ing aréa tribun hall.[10]

Ugi tingali[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Media, Kompas Cyber (2022-12-05). "De Tjolomadoe: Jam Buka, Tiket Masuk, dan Aktivitas". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-05-30.
  2. Idris, Muhammad (2020-06-07). Idris, Muhammad (èd.). "PG Colomadu, Simbol Kekayaan Raja Jawa-Pengusaha Pribumi era Kolonial". Kompas.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2022-09-29.
  3. a b c Asdhiana, I.M. (2018-03-24). "De Tjolomadoe, Pabrik Gula Itu Kini Menjadi Destinasi Wisata". Kompas.com. Dibukak ing 2023-05-30.
  4. a b c d Virgin, Nalurita Rizkiana (2022-05-12). "Perkembangan Pabrik Gula Colomadu dan Perubahan Kehidupan Ekonomi Masyarakat Tahun 1990-1998". Historia Vitae (ing basa Indonesia). Program Studi Pendidikan Sejarah, Universitas Sanata Dharma. 2 (1): 36. doi:10.24071/hv.v2i1.3990. ISSN 2797-9415.
  5. Birsyada, Muhammad Iqbal; Wasino, Wasino; Suyahmo, Suyahmo; Joebagio, Hermanu (2016-06-15). "BISNIS KELUARGA MANGKUNEGARAN". Walisongo: Jurnal Penelitian Sosial Keagamaan. 24 (1): 111–136. doi:10.21580/ws.24.1.975. ISSN 2461-064X.
  6. a b Wasino (2012-08-06). "Mangkunegara IV, Raja-Pengusaha, Pendiri Industri Gula Mangkunegaran". Humaniora (ing basa Indonesia). Fakultas Ilmu Budaya, Universitas Gajah Mada. 17 (1): 31–37. doi:10.22146/jh.825. ISSN 2302-9269.
  7. Rantikah, Rantikah (2021). "Dinamika Pabrik Gula Tasikmadu di Mangkunegaran Tahun 1917-1935". Mozaik: Kajian Ilmu Sejarah (ing basa Indonesia). Universitas Negeri Yogyakarta. 12 (2). doi:10.21831/moz.v12i2.45618. ISSN 2808-9308.
  8. Abidah, Salma (2018-10-29). "Perkembangan Perkebunan Tebu di Mangkunegara Tahun 1918-1937". Ilmu Sejarah - S1. Jurusan Pendidikan Sejarah, Universitas Negeri Yogyakarta. 3 (6).
  9. a b c Prasetyo, Himawan (2022-07-24). "Tinjauan Sejarah Pabrik Gula Colomadu". Keraton: Journal of History Education and Culture (ing basa Indonesia). Universitas Veteran Bangun Nusantara, Sukoharjo. 4 (1): 14–19. doi:10.32585/keraton.v4i1.2663. ISSN 2686-0082.
  10. Suminar, A. (2020-02-18). "Museum De Tjolomadoe, Bukti Peradaban Dunia Dipengaruhi oleh Butiran Gula" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-05-30.