Cut Memey
| Cut Memey | |
|---|---|
| Lair | Cut Meylani Decy Susanti 7 Dhésèmber 1980 Jakarta, Indonesia |
| Bangsa | Indonesia |
| Pakaryan | Artis, Presenter, Model |
Cut Meylani Decy Susanti (lair ing Jakarta, 7 Dhésèmber 1980; umur 45 taun).[1] Memey iku salah sijiné modhel, presenter lan juru main filem Indonesia.[2] Sanajan jenenge nganggo, nanging Memey ora duwé katurunan Bangsawan Acèh.[2]
Memey tau main ing sinétron kang irah-irahané Gengsi Gede Gedean.[2] Ing sinétron iki, Memey akting dadi Munah.[2] Saliyané iku, Memey akting dadi prawan kutha ing filem Cowok Cowok Keren (Cocoker).[2] Sawisé resmi cerai, Memey nggawé filem kang nyritakakaké rumahtanggané karo Jacksen.[2] Film iki irah-irahané Selebritis juga manungsa.[2] Saliyané iku, bareng karo aktor lan pengacara Gusti Randa, Memey main filem televisi (FTV) kang itah-irahané Akibat Pergaulan Bebas, episode Kurban Video Syur.[2]
Saliyané main sinétron, Memey uga dadi modhel lan pembawa acara.[2] Memey tau dadi presenter ing acara Zoom In (Trans TV) lan infotainment kang arané Buah Bibir (bareng karo Nessa Sadin) kang dibabaraké ing ANTV.[2] Memey uga tau mandhegani acara "Rahasia Malam".[2] Saliyané iku, Memey njajal karir ing nyanyi.[2] Memey njupuk guru nyanyi salah sijiné penyanyi senior kang jenenge Dorce Gamalama.[2] Nalika tanggal 25 Juli 2007 Memey ngetokaké album kang sepisanan irah-irahané Cermin Hati kanthi tembang kang misuwur ya iku "Raja Playboy".[2]
Filmografi
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel biografi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |