Chang Myon
| Chang Myon 장면 | |
|---|---|
![]() | |
| Wakil Présidhèn Koréa Kidul 4 | |
| Linggih 15 Mèi 1956 – 23 April 1960 | |
| Kang sadurungé | Ham Tae-young |
| Kang sawisé | Lee Ki-bung |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | 28 Agustus 1899 Incheon, Koréa |
| Pati | 4 Juni 1966 (umur 66) |
| Bangsa | Koréa |
| Parté pulitik | Dhémokrat |
| Sisihan | Kim Ok-yun |
Chang Myon (lair 28 Agustus 1899 – tilar donya 4 Juni 1966).[1] Chang Myon iku pulitisi lan nayakotama kang kaping loro ing Républik Koréa Kidul sasuwéné Républik Kaloro.[1]
Chang Myon lair ing Incheon nalika taun 1899.[1] Chang Myon lulus saka Sekolah Menengah Atas nalika taun 1917 ing kutha Suwon lan mèlu pendhidhikan Basa Inggris ing YMCA Seoul nganti tekan taun 1919.[1] Chang lunga menyang Amérikah Sarékat kanggo sinau ing Manhattan College, New York.[2] Chang Myon nduwé jeneng kulon ya iku John M.Chang.[2] Chang Myon lulus nalika taun 1925 lan sawisé iku banjur bali menyang Koréa.[2]
Ing Koréa, Chang Myon manggon ing Pyongyang lan mèlu kagiyatan ing gréja Katulik.[2] Nalika taun 1931, Chang Myon njabat dadi kepala sekolah lan terus mulang nganti pungkasané Perang Donya II.[2]
Sawisé Perang Koréa, papréntahan militèr Amérikah Sarékat ing Koréa banjur luru wong-wong kang duwé bakat kang bisa nyekel papréntahan.[2] Nalika taun 1946, Chang Myon dipilih ing Dewan Legislatif Sauntara kang digawé déning militèr Amérikah Sarékat kanggo miwiti papréntahan ing Koréa.[2]
Ing taun-taun pungkasan uripé, Chang Myon banjur duwé lelara radhang ati lan diopname ing rumah sakit ing Seoul.[1] Pungkasané nalika Juni 1966, Chang Myon banjur séda ing omahé ing kawasan Myeongnyun-dong, Seoul.[1] Chang Myin dikubur ing pasaréyan Katulik ing Kabupatèn Pocheon, kang manggon kurang saka 50 km ing pérangan lor Seoul.[1]
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]- UnSuk Chang Myon's memorial Archived 2011-07-22 at the Wayback Machine. (Koréa)
| Artikel biografi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
