Menyang kontèn

Bruce Willis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bruce Willis

Willis saat penayangan perdana Live Free or Die Hard pada Juni 2007
Asma wiyosan Walter Bruce Willis
Miyos 19 Maret 1955 (umur 71)
Jerman (Markas Militer A.S.)
Sisihan Demi Moore (1987-2000)
Yoga 3; kalebu Rumer Willis (lair 1988)

Bruce Willis (lair dengan nama Walter Bruce Willis ing Jerman Barat, 19 Maret 1955; umur 71 taun) dhèwèké aktor Amérikah Sarékat, jeneng kang kondhang ning masarakat ya iku John McClane, jejeneng kang diolih nalika main ning filem Die Hard, dhèwèké iku mantan garwané Demi Moore, Bruce Willis kondhang ning masarakat awit main ning serial TV hit MOONLIGHTING watara taun 1985 nganti taun 1989 lan perané dadi John McClane ning serial filem DIE HARD (filem nalika taun 1988).[1][2]

Ning akir taun 1990, Willis tau ngrilis album pop-blues, album mau diwènèhi judhul The Return of Bruno, kaya ta single kang dadi andalané ning album mau, Respect Yourself.[2] Ning sajarah pribadiné, Willis tau bebrayanan karo aktris ayu Demi Moore, meski akiré bebrayanan iku gagal, sawisé urip bareng nganti 13 taun suwené, Willis karo Demi Moore akiré cerai ning tanggal 28 Oktober taun 2000.[2]

Sadurungé karo Demi Moore, Willis uga tau njalin gayutan raket karo aktris lan model kang pagaweané ora adoh kaya ta dhèwèké, padha-padha njegur ning dunya hiburan, kenya ayu kang tau dikabaraké raket karo Bruce Willis iku kaya ta aktris Lara Flynn Boyle lan bintang model Maria Bravo Rosado.[2] Sangang taun ditinggal dhèwèkan déning Demi Moore akiré ning taun 2009, Willis meluni mantan bojoné kanggo nikah manèh.[2] Dhèwèké olih panggantiné Demi Moore, nuli tanggal 22 Maret taun 2009, Willis resmi nikah karo pepujaning atiné, ya iku Emma Heming.[2] Pernikahan mau ditindakaké kanthi meriyah ning Turks lan Caicos.[1]

Filmografi

[besut | besut sumber]
TaunJudhulPeranCatatan
2010The Expandablesnone
2009 Retired Extremely DangerousFrank Moses
SurrogatesAgen Peters
2008Live Free or Die HardJohn McClaneProduser, pra-produksi
2007 Morgan's SummitUnknownAttached, pra-produksi
2006Black Water TransitEarl Pikepra-produksi
Perfect StrangerHarrison Hill
The Astronaut FarmerOra dingerteni
Over the HedgeRJVoice only
Lucky Number SlevinMr. Goodkat
16 BlocksJack MosleyProduser
Alpha DogSonny Truelove
2005Sin CityJohn Hartigan
HostageJeff TalleyProduser
2004Ocean's Twelvedhèwèké dhéwékameo
The Whole Ten YardsJimmy 'The Tulip' Tudeski
2003Charlie's Angels: Full ThrottleWilliam Rose Baileykameo
Rugrats Go Wild!Spikenamung suara
Tears of the SunLieutenant A.K. Waters
2002Grand ChampionCEOkameo
Hart's WarCol. William A. McNamara
2001BanditsJoe Blake
2000UnbreakableDavid Dunn
The KidRussell Duritz
The Whole Nine YardsJimmy 'The Tulip' TudeskiProduser
1999The Story of UsBen Jordan
The Sixth SenseDr. Malcolm Crowe
Breakfast of ChampionsDwayne Hoover
Franky Goes to Hollywooddhèwèké dhéwéShort subject
1998The SiegeMajor General William Devereaux
ArmageddonHarry S. Stamper
Mercury RisingArt Jeffries
1997The JackalThe Jackal
The Fifth ElementKorben Dallas
1996Beavis and Butt-head Do AmericaMuddy Grimeshanya suaranya
Last Man StandingJohn Smith
1995Twelve MonkeysJames Cole
Four RoomsLeo
Die Hard: With a VengeanceJohn McClane
1994Nobody's FoolCarl Roebuck
Pulp FictionButch Coolidge
Color of NightDr. Bill Capa
NorthNarrasi
1993Striking DistanceTom Hardy
National Lampoon's Loaded Weapon 1John McClanekameo
1992Death Becomes HerDr. Ernest Menville
The Playerdhèwèké dhéwékameo
1991The Last Boy ScoutJoseph Cornelius 'Joe' Hallenbeck
Billy BathgateBo Weinberg
Hudson HawkEddie 'Hudson Hawk' Hawkins
Mortal ThoughtsJames Urbanski
1990The Bonfire of the VanitiesPeter Fallow
Look Who's Talking TooMikeynamung suwara
Die Hard 2John McClane
1989Look Who's TalkingMikeynamung suara
In CountryEmmett Smith
That's Adequateawaké dhéwékameo
1988Die HardJohn McClane
SunsetTom Mix
The Return of BrunoBruno Radolini
1987Blind DateWalter Davis
1985A Guru Comes'Ora dingerteniEkstra
1982The VerdictCourtroom ObserverExtra
1980The First Deadly SinOra dingerteniEkstra

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 berita bruce willis dipununduh tanggal 22 Juli 2011
  2. 1 2 3 4 5 6 biografi bruce willis dipununduh tanggal 22 Juli 2011