Menyang kontèn

Bondan Winarno

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bondan Winarno.

Bondan Winarno (lair ing Surabaya, Jawa Timur, 29 April 1950  pati ing Jakarta, 29 Novèmber 2017 ing umur 67 taun) ya iku penulis lan wartawan Indonésia kanthi warna-warna pakulinan.[1] Dhèwèké dadi pelopor lan dadi ketua Jalansutra, ya iku komunitas wisata boga kang misuwur ing Indonésia.[1] Dhèwèké uga dadi panatacara ing acara kuliner ing Trans TV.[1] Ing acara iku Bondan asring ngucapake tembung Pokoe maknyus! kang dadi andhalane.[1] Tembung iku diartiké kanggo kaanan kang nyaman, énak lsp.[1] Saliyané iku dhèwèké uga ngadegaké Kopitiam Oey.[1]

Wiwit 1950-1960, Bondan dadi penulis lepas.[1] Dhèwèké nulis ana ing penerbitan kaya ta Kompas, Sinar Harapan, Suara Pembaruan, Tempo, Mutiara, Asian Wall Street Journal, lsp.[1] Ing taun 1984-1987 dhèwèké dadi redaktur kepala majalah SWA.[1] Taun 1987-1994 dhèwèké njabat minangka Présidhèn Ocean Beauty International, perusahaan panganan khas iwak sagara kang ana ing Seattle Washington, Amérikah Sarékat.[1] Ing taun 1998-1999 dhèwèké dadi konsultan kanggo Bank Dunia ing Jakarta, banjur taun 2000 dhèwèké dadi direktur èksekutif saka organisasi kang nglestarikake lingkungan.[1] Ing taun 2001-2003 dhèwèké dadi pemimpin redaksi harian Suara Pembaruan.[1]

Bebungah

[besut | besut sumber]

Ing 1967, dhèwèké éntuk Baden Powell Adventure Award nalika dadi pemimpin regu Indonesia ing Boy Scouts World Jamboree ing Farragut State Park, Idaho, USA.[2] Nalika iku dhèwèké uga kapilih dadi honor guard kanggo Lady Olave Baden Powell.[2] Dhèwèké tau éntuk tandha penghargaan Satya lencana Pembangunan saka pamaréntah Republik Indonesia amarga jasa-lelabuhané dadi ketua kelompok Phinisi Nusantara kang layar saka Jakarta tekan Vancouver ing acara Expo 1986.[2]

Bibliografi

[besut | besut sumber]
  • Satu Abad Kartini, 1879-1979: Bunga Rampai Karangan Mengenai Kartini (editor) (1979)
  • Neraca Tanah Air: Rekaman Lingkungan Urip '84 (1984)
  • Cafe Opera: Kumpulan Cerita Pendek (1986)
  • Seratus Kiat, Jurus Sukses Kaum Bisnis (1986)
  • Tantangan Jadi Peluang: Kegagalan dan Sukses Pembangunan Jaya Selama 25 Tahun (1987)
  • Kiat Menjadi Konglomerat: Pengalaman Grup Jaya (1996)
  • Manajemen Transformasi BUMN: Pengalaman PT Indosat (1996)
  • BreX: Sebungkah Emas di Kaki Pelangi (1997)
  • Kiat Bondan di Kontan: Berpikir Strategis di Saat Krisis (1998)
  • Jalansutra: Kumpulan Kolom Jalan-Jalan dan Makan-Makan di Suara Pembaruan Minggu dan Kompas Cyber Media (2003)
  • Lagu Kebangsaan Indonesia Raya (2003)
  • Belajar Tiada Henti: Biografi Cacuk Sudarijanto Ditulis Bersama Bondan Winarno (2004)
  • Pada Sebuah Beranda: 25 Cerpen (2005)
  • Puing: Sebuah Novèl Kolaborasi (2005)

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 Boindan Winarno [pranala mati permanèn] (Dipuntingali tanggal 26 Juni 2011)
  2. 1 2 3 Biografi/Profil Bondan Winarno [pranala mati permanèn] (Dipuntingali tanggal 26 Juni 2011)