Beksan Banjar
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Beksan Banjar inggih punika seni jogèd ingkang dipunkembangaken déning suku Banjar, inggih wujud jogèd klasik (baksa, dipuniringi Gamelan Banjar) punapa déné jogèd tradhisional (dipuniringi Musik Panting).
Jinis-jinis Jogèd Banjar
[besut | besut sumber]Bagandut
[besut | besut sumber]Jinis jogèd tradhisional kanthi pasangan ingkang ing jaman rumiyin minangka jogèd ingkang nedahaken erotisme penarinipun sami kaliyan jogèd tayub ing Jawa lan ronggeng ing Sumatera. Gandut ateges sami kaliyan tledek (Jawa).[1]
Jogèd Gandut punika wiwitanipun namung dipunlaksanakaken ing lingkungan Karaton, tembé antawis taun 1860-an jogèd punika tumuwuh ing pelosok kraton saha dados jinis kesenian ingkang dipunremeni déning golongan rakyat biyasa. Jogèd punika dipunmainaken saben wonten keraméyan, kados ta acara malem pawiwahan, hajad, pangumpulan dana kampung lan sanès-sanèsipun.[2]
Gandut minangka profesi ingkang unik wonten ing masarakat lan boten sembarang wanodya saged dados Gandut. Kajawi syarat kedah ayu lan pinter nari, sawijining Gandut ugi wajib nguwaosi seni bela dhiri saha mantra-mantra tartamtu. Ilmu tambahan punika wigati sanget saperlu njagi dhiri pribadi saking tangan-tangan jail para panonton ingkang boten sakedhik péngin ngiket mawi ngèlmu dhukun. Rumiyin kathat Gandut ingkang dipundadosaken garwa déning para bangsawan lan punggawa pamaréntaha, kejawi ayu, ugi dipunyakini gadhah ngèlmu pangiket para panontonipun. Nyai Ratu Komalasari, permaisuri Sultan Adam inggih minangka tilas sawijining penari Gandut ingkang misuwur.
Nalika ing mangsa jayanipun, arena jogèd Gandut asring ugi dados arena sesaingan adu gengsi para kakung ingkang ndhèrèk nari. Persaingan punika saged katingal saking caranipun para kakung mau nedahaken kalangkunganipun anggènipun nari saha cacahing arta ingkang dipunpasrahaken dhumateng para Gandut.
Jogèd Gandut minangka panglipur terus ngrembaka ing wewengkon tetanèn ing saindhenging Karajan Banjar, kanthi pusatipun ing laladan Pandahan, Kacamatan Tapin Tengah, Kabupatèn Tapin.
Jogèd Gandut wiwit taun 1960-an sampun boten ngrembaka malih. Faktor agama Islam minangka penyebab utama icalipun jinis kesenian punika, katambah malih kanthi gempuran saking jinis kesenian modhèren sanèsipun. Sapunika Gandut taksih saged dipunmaenaken nanging boten malih minangka jogèd alslinipun namung minangka pepenget ing pelestarian kesenian tradhisional Banjar.
Baksa Dadap
[besut | besut sumber]Minangka salah satunggaling jinis jogèd klasik Banjar ingkang dipunsebutaken ing Hikayat Banjar. Jogèd punika taksih dipunpentasaken ing kraton Banjar miturut lapuran tiyang-tiyang Walanda ingkang ngunjungi kraton Banjar pungkasan. Nalika mentasaken jogèd punika para penari nyepeng busur lan anak panah ingkang dipunwastani dadap dipunsebut ugi "jebeng", sajinis tameng bujur alit ingkang nglindhungi lengen.[3] Penari malumpat kaliyan senjata punika, sinambi ngangkat satunggal samparanipun, lan obah kanthi rikat, kados déné para penari kapeksa nglindhungi dhiri saking serangan ingkang dhateng saking sadaya sisih[4][5] ah
Baksa Hupak
[besut | besut sumber]Minangka salah satunggaling jinis jogèd klasik Banjar ingkang dipunsebutaken ing Hikayat Banjar.[6]
Baksa Kantar
[besut | besut sumber]Minangka salah satunggalin jinis jogèd klasik Banjar ingkang dipunsebutaken ing Hikayat Banjar.[6]
Baksa Kupu-Kupu Atarung
[besut | besut sumber]Minangka salah satunggalin jinis jogèd klasik Banjar ingkang dipunsebutaken ing Hikayat Banjar.[6]
Baksa Lilin
[besut | besut sumber]Minangka jinis jogèd klasik Banjar kaliyan obahan mbekta lilin.
Baksa Panah
[besut | besut sumber]Minangka jinis jogèd klasik Banjar kanthi obahan manah ingkang dipunsebutaken ing Hikayat Banjar.
Baksa Tameng
[besut | besut sumber]Minangka jinis jogèd klasik Banjar kanthi nginakaken tameng ingkang dipunsebutaken ing Hikayat Banjar. Ing traian punika sawijining tameng alit ingkang dipunwastani taming, lan sawijining keris dipuncepeng. Jogèd punika dipunwiwiti kanthi alon-alon saha kanthi hormat lajeng sakedhik sakedhik dados langkung rikat, nggambaraken sawijining paprangan.[4][5]
Uga delengen
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ [1][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 17 Dhésèmber 2012)
- ↑ [2] Archived 2016-03-08 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 17 Dhésèmber 2012)
- ↑ [3] Archived 2016-03-10 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 17 Dhésèmber 2012)
- ↑ a b (ing basa Walanda) Nederlandsch-Indië (1838). "Tijdschrift voor Nederlandsch-Indië". 1–2. Lands-drukk.: 14.
{{cite journal}}
: Cite journal requires|journal=
(pitulung) - ↑ a b Borneo, Eenige Reizen in de Bhinenlanden van dit Elland, door eehen Ambtenaar van het Gouvernement, in het jaar 1824, M. Halewijn, Tijdsechrift voor Neeland’s Indie, le jaargang, jilid 2 (1838), hlm 12-15
- ↑ a b c [4] Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 17 Dhésèmber 2012)
- Kabèh artikel mawa pranala njaba sing mati
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit October 2023
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel mawa pranala njaba sing mati permanèn
- Artikel mawa pranala njaba basa Walanda
- Artikel sing prelu dirapèkaké Oktober 2023
- Beksan
- Kagunan
- Budaya Indonésia
- Warisan budaya