Basa Bislama

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Bislama
Laladan Vanuatu
Panyatur asli
10.000 (2011)[1]
200.000 panyatur kaloro[butuh sitiran]
Kréol Inggris
  • Pasifik
    • Bislama
Latin
Status resmi
Basa resmi ing
Vanuatu
Kodhe basa
ISO 639-1 bi
ISO 639-2 bis
ISO 639-3 bis
Glottolog bisl1239[2]
Linguasphere 52-ABB-ce

Basa Bislama (Cara Bislama: [bislaˈma]) iku basa kréol sing dadi salah siji basa resmi ing Vanuatu. Basa Bislama iki basa asliné warga Vanuatu kutha sing manggon ing kutha Port Vila lan Luganville, lan dadi basa kaloroné warga Vanuatu liyané. Yumi, Yumi, Yumi, minangka laguné kabangsan Vanuatu, ditulis nganggo basa Bislama.

Punjul 95% tetembungané basa Bislama asalé saka basa Inggris, déné liyané saka basa Prancis, sarta saka rena-rena basa asli Vanuatu, mligané tetembungan sing magepokan karo wit-witan lan sato kéwan.[3] Sanajan pangaruhé sithik, pangaruhé basa enggon-enggonan kawistara ing babagan paramasastra. Mangkana, basa Bislama iku basa sing tetembungané asli Inggris tur paramasastrané asli basa-basa Oséania.[4]

Sajarah[besut | besut sumber]

Nalika jamané Blackbirding, antarané taun 1870 lan 1880, atusan èwu wong Pasifik (akèh sing saka Kapuloan Herbrida Anyar utawa saiki ingaran Vanuatu) didadèkaké batur tukon lan dipeksa nyambut gawé ing pakebonan-pakebonan, mligané ing Queensland, Ostrali lan Fiji.[5] Awit warna-wernané basa sing dicaturaké ing pakebonan-pakebonan mau, sawijiné basa pijin mawujud saka aworé tetembungan basa Inggris[6] karo paramasastrané basa-basa enggon-enggonan kono.[7] Basa pijin sing dicaturaké ing pakebonan-pakebonan iku dadi asalé ora mung basa Bislama, nanging uga basa Tok Pisin saka Papua Nugini lan basa pijin Kapuloan Solomon, sanajan dudu asalé basa Kréol Selat Torres ing iring lor Ostrali.

Basa pijin iku sumrambah tekan Kapuloan Vanuatu nalika kawitané abad angka 20, rikala para batur tukon sing slamet saka Blackbirding bisa bali menyang tanah asalé. Basa pijin sing digawa mulih iku nggampangaké sesambungané ora mung antarané para sambéwara lan cukil Éropah, nanging uga antarané wong asli kono. Amarga iku, basa Bislama lair lan mbédani saka basa-basa pijin liyané ing wewengkon Pasifik.

Amarga Vanuatu minangka nagara sing ramé dhéwé sajagad ing babagan basa, ya iku 113 basa digunemaké déning 225.000 sing ndunungi[8], basa Bislama dadi lingua franca antarané wong Vanuatu (ni-Vanuatu) lan wong njaba. Saliyané basa Bislama, rata-rata wong Vanuatu bisa basa asliné utawa basa ibuné lan ing sekolah diwulang basa Inggris utawa Prancis.

Kawit makaping-kaping abad kapungkur, basa Bislama ngalami owah-gingsir tumeka wujudé sing dicaturaké dan ditulisaké saiki. Mliginé ing wektu akir-akir iki (awit 1995), basa Bislama duwé bausastra dhéwé[9] lan iku dadi pathokan kanggo nglarasaké éjaané.

Jeneng[besut | besut sumber]

Tembung Bislama (utawa Bichelamar ing basa Prancis) asalé saka tembung Beach-la-Mar ing kawitané abad angka 19, sing dijupuk saka tembung rékan Prancis biche de mer utawa bêche de mer, tegesé tripang, sing mula-bukané saka tembung Portugis bicho do mar.[10] Ing kawitané taun 1840-an, tripang dipanèn lan digaringaké bareng karo usumé panèn kayu cendhana. Jeneng biche-la-mar lan basa Inggris Cendhana digayutaké raket karo basa pijin sing dicaturaké para buruh menyang sabarakané lan menyang bendarané.[11]

Antarané taun 1888 lan 1889, Robert Louis Stevenson nulis ing cathetané lelana ngideri Pasifik yèn, “sing ndunungi asli bisa basa Inggris sithik-sithik,... utawa basa pijin, sing diarani 'Beach-la-Mar'.”[12] Ing caritané Jack London sing asesirah "Yah! Yah! Yah!", minangka salah siji pérangané South Sea Tales, bola-bali ingaran anané "basa kasar sing diarani bech-de-mer”, lan warna-warna pacelathon ing njeroné nganggo basa iku.

Ing jaman saiki, tembung "Bislama" dhéwé wis arang digawé ngarani tripang déning panyaturé basa Bislama sing enom amarga wis ana tembung silihan anyar sing luwih kondhang saka bêche de mer basa Prancis sing diucapaké besdemea.[13]

Paramasastra[besut | besut sumber]

Ana rong tembung sing kerep dienggo ing basa Bislama, ya iku long lan blong, sing ngèmperi warna-warna tembung pangarepé basa Inggris lan Prancis.

Long[besut | besut sumber]

  • Long sing artiné 'jèjèré', 'cedhaké', lsp.
    Stoa long haos: Toko jèjèré omah.
  • Long sing artiné 'ing' utawa 'menyang'
    Mi bin stap long ples ia bifo: Aku wis tau ing/menyang panggonan iki sadurungé.
    Mi stap long stoa: Aku ing toko.
  • Long sing artiné 'ing njero'
    Jea long haos: Kursi iku ing njero omah.
  • Long duwé manéka surasa liyané sing irib-iriban, lan kadang kala bébas dianggo.

Blong[besut | besut sumber]

Blong dijupuk saka tembung Inggris belong. Blong werdiné 'saka' utawa 'ing', kaya déné of ing basa Inggris. Tembung iki akèh lan wigati digawé nyebut dedarbéan, nagara asal, sipat, kekarepan, lan liyané.

  • Buk blong mi: Buku darbèkku \ bukuku
  • Man blong Amérika: Wong saka Amérika \ wong Amérika
  • Hemi woman blong saiens. Dhèwèké wanodya ing kawruh / dhèwèké èlmuwan.
  • Man blong dring: Wong ing ombèn-ombèn / tukang ngombé (mendem)

Tembung Kriya[besut | besut sumber]

Tembung kriya ing Basa Bislama iki asalé saka basa Inggris, Prancis utawa basa-basa asli; akèh tembung andhahan ditambahaké ing panambang andhahan.[14] Wujud panambang /-em/, /-im/, utawa /-um/, mèlu swara cundhuk. Yèn swara pamungkas ing wod tembung kriya iku –u utawa –i, swara iku bakal kesalin ing panambang andhahan. Sawetara kanggo kabèh wod swara, panambang andhahané kabèh awujud /-em/:

Morpologi akiran kriya andhahan
Inggris Bislama
etymon wod tembung kriya
dig dig- digim
clean klin- klinim
kiss kis- kisim
put put- putum
pull pul- pulum
cook kuk- kukum[15]
want wand- wandem
hear har- harem ‘krungu, krasa’
tell tal- talem ‘omong’
sell sal- salem
shut sat- sarem
catch kas- kasem ‘olèh’
carry kar- karem ‘gawa’
ready rere ‘ready’ rerem ‘nyepak’
take tek- tekem
find faen- faenem
call kol- kolem
hold hol- holem
follow fol- folem
show so- soem
look out lukaot- lukaotem ‘golèk’
pay pe- pem ‘tuku’

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Bislama ing Ethnologue (éd. ka-18, 2015)
  2. ^ Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, eds. (2017). "Bislama". Glottolog 3.0. Jena, Jerman: Max Planck Institute for the Science of Human History. 
  3. ^ Wacanen Charpentier (1979).
  4. ^ Wacanen Camden (1979).
  5. ^ Emma Christopher, Cassandra Pybus and Marcus Buford Rediker (2007). Many Middle Passages: Forced Migration and the Making of the Modern World, University of California Press, pp 188–190. ISBN 0-520-25206-3.
  6. ^ Kajaba iku, para kapitèn tukang mburu iwak paus sing uga njupuk buruh saka Afrika lan pulo-pulo Pasifik uga wis nganggo sakjenising basa Inggris Pijin. Basa Bislama saiki akèh sarujuk karo basa-basa Pijin Inggris ing Afrika Kulon[butuh sitiran] (panggon batur tukon dijupuk lan ramé); uga dibisak-bisakaké yèn Bislama nyabang saka basa pijin ing abad wolulas lan sangalas awit sistem dagang global sajati wiwit diterapaké[butuh sitiran]. Dheleng uga Téyori Monogenetik Pijin.
  7. ^ Ngenani pérangan iki, wacanen: Tryon & Charpentier (2004), lan Crowley (1990).
  8. ^ Wacanen Crowley (2000:50); François (2012:86).
  9. ^ Wacanen Crowley (1995).
  10. ^ "bêche-de-mer", American Heritage Dictionary, 2000
  11. ^ Wacanen Crowley (1990).
  12. ^ Stevenson, Robert Louis (2004). In the South Seas (ed. 1st). Fairfield, IA: 1st World Publishing. k. 15. ISBN 1-59540-504-6. 
  13. ^ Crowley, Terry (1990). "1". Beach-la-Mar to Bislama: The Emergence of a National Language in Vanuatu. Oxford: Clarendon Press. k. 33. 
  14. ^ tuladha tembung kriya andhahan sing ora njupuk panambang ya iku: kakae ‘mangan, nyakot’; trink ‘ngombé’; save ‘weruh, reti’; se ‘omong’.
  15. ^ kajaba: Ing. look → Bisl. lukim.

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Camden, William. 1979. Parallels in structure and lexicon and syntax between New Hebrides Bislama and the South Santo language spoken at Tangoa. In Papers in Pidgin and Creole Linguistics, No.2. Pacific Linguistics, A-57. Canberra: Australian National University. pp. 51–117.
  • Charpentier, Jean-Michel. 1979. Le pidgin bislama(n) et le multilinguisme aux Nouvelles-Hébrides. Langues et Civilisations à Tradition Orale 35. Paris: SELAF.
  • Crowley, Terry (1990). Beach-la-Mar to Bislama: The Emergence of a National Language in Vanuatu. Oxford Studies in Language Contact. Oxford: Clarendon Press. k. 422. .
  • Crowley, Terry (1995). An illustrated Bislama-English and English-Bislama dictionary. Oxford Studies in Language Contact. Port Vila: Pacific Languages Unit and Vanuatu Extension Centre, University of the South Pacific. k. 478. .
  • Crowley, Terry (2000), "The language situation in Vanuatu", Current Issues in Language Planning 1 (1): 47–132