Menyang kontèn

Babad Dipanegara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
naskah Babad Dipanegara aksara Jawa
Lukisan Pangéran Dipanegara nalika dicekel déning Jendral De Kock
Koleksi Babad Dipanegora ing Perpustakaan Nasional Indonesia, Jl. Medan Merdeka Selatan, Jakarta

Babad Dipanegara yaiku salah sawjining naskah sejarah kang ngemot lumakuné perang Jawa utawa De Java Oorlog. Naskah iki tinulis ing manéka warna aksara, kaya ta aksara Jawa, aksara Pegon (Arab Jawa). Naskah Babad Dipanegara kang aksarané Pegon saikiné kasimpen ing Perpustakaan Nasional Indonesia, Jakarta yaiku naskah turunan saka Babad Dipanegara kang asli kang tinulis ing taun 1831-1832. Kasimpen minangka barang pusaka dening kulawarga Dipanegara sawisé sedané Pangéran Dipanegara ing Beteng Rotterdam, Makassar ing 8 Januari 1855.

Isi Naskah

[besut | besut sumber]

1.151 lembar kaca folio Babad Dipanegara katulis ing taun 1831-1832 kanthi wujud tembang Jawa (macapat) dening Sang Pangéran Ngayogyakarta yaiku putra saka Sultan Hamengkubuwana III. Hamengkubuwana III (madeg ratu 1812-1814) kalawan bojo selir yaiku Radèn Ayu Mangkarawati. Pangéran Dipanegara mandhégani perang Jawa taun 1825-1830 mungsun Walanda lan saiki wis nampa gelar wira nasional Indonésia. Tinulis nalika kabuwang menyang Sulawesi, naskah iki katulis ing aksara Pegon, tulisan kang dijurung déning paguyuban Muslin kang rosa ing tanah Jawa lan karampungake mung sajroning sangang wulan (20 Mèi 1831-2 Fébruari 1832) kanthi pitulungan saka para carik kang durung kinawruhan sapa bae idhentitasé.

Babad kang sepisan mènèhi informasi bab kahanan Jawa ing abad 14 nalika jaman kencana rukminé keraton Majapahit ing Jawa Wétan tumeka nalika jaman kencana rukmi keraton Mataram ing punjeré pulo Jawa nalika dipandhégani déning Panembahan Senapati (ngasta praja 1575-1601) lan Sultan Agung (ngasta praja 1613-1646) lan nyaritakaké mangsa pungkasan kerja sama kalawan divisi dagang Walanda ing sisih Kidul Jawa ing antara Sultan Mangkubumi (ngasta praja 1749-1792) kang diterusake madege nagara Ngayogyakarta lan Sunan Pakubuwana III (ngasta praja 1749-1788) penerus keraton Mataram ing Surakarta (13 Fèbruari 1755).

Babad kang kapindho lan kang katelu nyaritakaké lelampahan Pangéran Dipanegara, diwiwiti kanthi miyosé sang Pangéran ing keraton Ngayogyakarta tanggal 11 Novèmber 1785 lan nalika panjenengané diemong déning simbahé putri (Ratu Ageng) nalika ngancik yuswa pitung taun, simbahé putri yaiku randha saka Sultan Hamengkubuwana I. Ing carita dijlèntrèhaké Pangéran Dipanegara diemong ana ing désa Tegalreja kang jaraké ora adoh saka keraton, déné panjenengané digulawenthah kanthi cara kaum tani lan pesantrèn lan dimèlokaké déning wong tapa lan nglampahi praktèk tapa minangka muslim kang bangun miturut saka kyai ing désa kono. Nalika isih enom kawruh agama Pangéran Dipanegara wis bisa diarani mumpuni.

Sawisé akèh dalan kang dilakoni kanthi ngangsu kawruh, Pangéran Dipanegara ngancik dewasa minangka ningrat, banjur para pangrèh praja keraton Jawa lan Sunan Kalijaga meling marang Pangéran Dipanegara déné bakal ana kedadéan kang ngédab-édabi ing tanah Jawa lan jaluk supaya panjenengané supaya tetep ngukuhi Jawane (ora ngilangke jati dhiri Jawa). Panjenengané uga diélingaké Sunan Kalijaga supaya nampik kabèh panarèné Inggris kanggo dhapuk panjenengané minangka pangéran pati, sawijining pameling kang dadi apus-apus kanggo nggambaraké sejarah Walanda lan pamarsudiné minangka saka krenteging pulitik Walanda.

Sabanjuré kumpulan cathethan kang ana ing tèks mènèhi panjlèntrèh kedadéan kang dramatis nalika jaman pamaréntahé Herman Willem Daendels (1808-1811) lan Thomas Stamford Raffles (1811-1816) nalika pengadilan Ngayogyakarta ngina lan ngrampas kang ping sepisan déning Daendels lan déning Inggris. Pamaréntah Hamengkubuwana III awèh katrangan, uga dicaritakaké tantangan pulitik saka kakuasan minoritas saka putra Sultan Hamengkubuwana IV lan putra panerusé yaiku Hamengkubuwana V. Tumbuk ala saka baliné réjim kolonial Walanda kangilon ska cara-carané ing Babad Dipanégara. Ing babad jlèntrèhaké kepriyé grundhelan manahé Pangéran Dipanegara sajroning sikepé minangka pemipin spiritual lan réligi nganti sadurungé perang, pamawase marang "Ratu Adil" lan wali kang nyebaraké agama Islam ing abad 15 lan 16.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]