Anggang-anggang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Anggang-anggang (Gerridae)
Water strider G remigis.jpg
Anggang-anggang Gerris remigis
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Klas: Insecta
Ordho: Hemiptera
Subordho: Heteroptera
Infraordho: Hemiptera
Famili: Gerridae
Leach, 1815
Genera
Aquarius
Eotrechus
Gerris
Halobates
Limnogonus
Limnoporus
Metrobates
Neogerris
Rheumatobates

Trepobates

Anggang-anggang ya iku jinisé kéwan srangga kang uripé ana banyu.[1] Ing basa Inggrisé mau water strider, saliyané iku uga ana kang ngarani jesus bug.[1] Anggang-anggang utawa iwak sewu iki bisa didadèkake pratandha alami yèn banyu iki ora kena limbah.[2]

Anggang-anggang arupa saklompok srangga pamangsa sing kabèh kalebu sajeroning suku Gerridae. Anggotané, watara 340 jinis, akèh sing angèl dibédakaké. Sajeroning literatur ditepungi uga kanthi salah kaprah minangka "angga-angga banyu", sanajan srangga iki pancèn dudu angga-angga. Jeneng "anggang-anggang" dhéwé asalé saka obahé sing maju-mundur sambi ngambang.[3]

Srangga iki gampang banget ditepungi amarga kabiyasaan uripé sing mesthi mlaku/mlumpat ing lumahing banyu. Obahé rikat, bisa nganti 1.5 m/s. Akèh-akèhé urip ing banyon anteng, nanging ana limang jinis (saka marga Halobates) sing dikawruhi urip ing lumahing samodra.[4] Saka lumahing banyu, anggang-anggang ngincer mangsa (biyasané srangga liya) sing ana ing cerak lumahing banyu.

Kéwan iki dadi modhèl sajeroning panlitèn biofisika ngenani kamampuan tekanan lumah sajeroning nyangga beban. Ana rong aspèk sing dadi kawigatèn: kamampuan ngambang ing lumahing banyu lan kamampuané obah maju kanthi rikat.

Kamampuan ngambang asalé saka anané rambut-rambut cilik banget (microsetae) kasusun kanthi arah tinentu mawa lekukan-lekukan sajeroning ukuran nanometer ing pucuk sikilé lan dijangkepi karo lapisan malam (lilin), nanging èfèk hidrofobik luwih disebabaké déning struktur fisik sikil tinimbang lapisan malam sing ana.[5] Dikawruhi uga, ana pojok kontak èfèktif sikil karo banyu gedhéné 167.6° ± 4.4°. Amarga rapeté rambut-rambut cilik sarta lekukan-lekukan sing ana, udara kacandhet ing struktur iku lan duwé fungsi minangka "bantalan" ing lumahing banyu.

Kamampuan obah kanthi rikat uga narik kawigatèn èlmuwan. Kanggo obah, anggang-anggang ngenet lumahing banyu mawa pasangan sikil tengahé tanpa nembus lumahing banyu, mbentuk cekungan ing lumahing banyu. Cekungan iki cukup jero kanggo nyurung awak srangga maju. Saliyané iku, sapérangan indhividu bisa migunakaké sewiwi sing sok-sok diduwèni srangga iki. Sajeroning kahanan urip kurang nguntungaké, anggang-anggang akèh-akèhé ora duwé sewiwi.[6]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b [1] Kaundhuh tanggal 14 Juli 2011
  2. ^ [2] Kaundhuh tanggal 20 Juli 2011
  3. ^ Wojowasito, S. 1977. Kamus Kawi-Basa Indonesia.
  4. ^ ESA Paper: Molecular genetics and distribution of the ocean-skater Halobates (Heteroptera: Gerridae)
  5. ^ Gao X, Jiang L. 2004. Biophysics: water-repellent legs of water striders. Nature 432:36. doi=10.1038/432036a
  6. ^ Discoverlife

Pranala njaba[besut | besut sumber]