Abu-Mahmud Khojandi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
teorema matematika

Abu Mahmud Hamid ibn Khidr Khojandi (ingkang ugi dipunmangertosi minangka Abu Mahmood Khojandi, Alkhujandi utawi al-Khujandi, lan ing basa Persia dipunsebat: ابومحمود خجندی, ingkang miyos ing taun 940 nan lan seda ing taun 1000 nan) inggih punika satunggaling astronom Islam saking Persian lan ilmuwan matematika ingkang gesang ing pungkasaning abad kaping 10 lan ugi mbiyantu kanggé mbangun satunggaling observatorium, caket kaliyan kitha Ray, Iran (ingkang sak punika caket kaliyan kitha Tehran) wonten ing Iran. Al Khujandi inggih miyos wonten ing kitha Khujand; lan wonten ugi dipunbangun patung prunggu astrom wonten ing satunggaling taman ing jaman modhèrn Khujand, ingkang sak punika minangka bageyan saking kitha Tajikistan.

Saperangan fakta ngengingi gesangipun Khujandi ingkang dipunmangertosi dhateng saking pengalaman nyeratipun kados saking komentator ingkang dipundamel déning Nassereddin Tusi. Saking panyaruwenipun Tusi punika nedahaken sanget bilih Khujandi inggih punika salah satunggaling pandhega ing suku Mongol wonten ing dhaerah pamarèntahanipun Khudzhand.[1]

Astronomi[sunting | sunting sumber]

Wonten ing astronomi Islam, Khujandi inggih makarya wonten ing sak ngandhaping pamarèntahanipun khalifah Buwayhid Amirs wonten ing observatorium caket kaliyan Ray, Iran, wondene ing papan punika piyambakipun inggih dipunmangertosi kangge damel konstruksi bangunan mural sextant astronomi ingkang ageng sepisanan ing taun 994 Masehi, ingkang ancasipun inggih kangge nemtokaken miringipun sumbu Bumi ("kemiringan saking ekliptika") kangge posisi ingkang inggil.

Piyambakipun inggih nemtokaken miringipun sumbu bumi dados 23°32'19" ing taun 994 Masehi. Piyambakipun nyatet asiling pengukuranipun dening para astronom saderengipun sampun manggihaken titik sumbu miringipun ingkang langkung inggil inggih punika saking tiyang India: 24°; Ptolemy 23° 51' lan kanthi mekaten dipunpanggihaken bilih titik miringipun aksial punika boten konstan ananging sejatosipun titik miringipun sak punika inggih sampun mandhap. Ukuranipun sumbu kemiringanipun inggih namung udakawis 2 menit ingkang langkung alit, ingkang bok bilih punika dipunjalari amargi alat ingkang dipunginakaken kangge ngamati objekipun ingkang beda.[2][3]

Matematika[sunting | sunting sumber]

Wonten ing matematika Islam, piyambakipun ngandharaken kasus khusus saking Teorema kaping pungkasan Fermat kangge n = 3, ananging bukti pacobanipun bab teorema punika inggih klentu. Hukum sinus kasus # Spherical (hukum bola sinus) bok bilih ugi sampun dipunpanggihaken dening Khujandi, ananging boten mesti punapa piyambakipun inggih ingkang manggihaken ingkang sepisan, utawi punapa Abu Nasr Mansur, Abul Wafa utawi Nasir al-Din al-Tusi ingkang manggihaken teorema punika ingkang manggihaken langkung rumiyin.[4][5]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Cithakan:MacTutor
  2. ^ Al-Khujandī, Abū Maḥmūd Ḥāmid Ibn Al-Khiḍr, Complete Dictionary of Scientific Biography, 2008
  3. ^ Cithakan:MacTutor
  4. ^ Also the 'sine law' (of geometry and trigonometry, applicable to sperical trigonometry) is attributed, among others, to Alkhujandi. (The three others are Abul Wafa Bozjani, Nasiruddin Tusi and Abu Nasr Mansur). Razvi, Syed Abbas Hasan (1991) A history of science, technology, and culture in Central Asia, Volume 1 University of Peshawar, Peshawar, Pakistan, page 358, OCLC 26317600
  5. ^ Bijli suggests that three mathematicians are in contention for the honor, Alkhujandi, Abdul-Wafa and Mansur, leaving out Nasiruddin Tusi. Bijli, Shah Muhammad and Delli, Idarah-i Adabiyāt-i (2004) Early Muslims and their contribution to science: ninth to fourteenth century Idarah-i Adabiyat-i Delli, Delhi, India, page 44, OCLC 66527483