Wayang Dongèng
Wayang iku salah siji kesenian ing tlatah Jawa kang wis diakoni dening PBB (UNESCO).[1] Ing Indonesia akeh jenising kesenian wayang, tuladhane ana wayang kulit, wayang golek, wayang wong lan sapanunggalane.[2]
Ing kutha Semarang, ana salah siji jenising kesenian wayang kang rada béda karo jinis wayang liyané, yaiku wayang dongèng.[rujukan?] Ing wayang dongèng, sing ndeleng uga bisa urun swara dadi dhalang.[rujukan?] Wayang dongèng luweh ngutamakake interaksi antarane dhalang lan penonton. Saliyane iku uga karo para pengrawit.[rujukan?] Lakon ing wayang dongèng akeh ngrembag babagan lingkungan lan sosial. Wayang dongeng, saliyane isa dadi tontonan uga isa dai tuntunan.[rujukan?] Ora mung kanggo bocah cilik, naging uga para remaja, pemuda, uga wong tuwa.[rujukan?]
Wayang dongèng ing kéné migunakaké paraga awujud kéwan, tuladhané kayata macan, kucing, sapi, manuk, ula, kethèk, asu, kancil, wedhus, gajah, lan sapanunggalané. Paraga kéwan ing kono diwènèhi jeneng miturut jenising kéwan kasebut.[rujukan?] Pagelaran Wayang Dongèng diiringi musik gamelan lan lelagon dolanan bocah.[rujukan?] Pentas wayang dongèng ora ana pathokane kaya pagelaran wayang kulit.[rujukan?]
[sunting] Piranti Wayang Dhongeng
[sunting] Sajarah
Miturut Trontong Sadewa, wayang dongèng iku lair saka pepinginane Mbah Tris.[rujukan?] Mbah Tris yaiku salah sijine seniman ing kutha Semarang kang misuwur dadi dhalang Wayang Kancilé.[rujukan?] Wayang Kancil iku wayang kulit kang isine dongeng bocah cilik.[rujukan?] Dongeng kang ngrembuk babagan donya kewan, lan isa uga crita dhaerah. Diarani wayang kancil amarga lakon ing critane yaiku kancil.[3]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ (id)wisata melayu (dipunundhuh tanggal 22 Februari 2011)
- ↑ (id)jenis macam wayang (kaundhuh tanggal 24 Februari 2011)
- ↑ (id)wayang kancil(diakses ing tanggal 22 Februari 2011)
|
||||||||