Wayang wong
Wayang wong utawi Wayang uwong menika salah satunggalipun jenis teater tradhisional Jawa. [1] Wayang Wong menika gabungan antawisipun seni drama ingkang ngrembaka ing negeri kilen (Eropa) kaliyan seni pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing pulo Jawa. [1] Lakon wayang ingkang dipungelar menika saking crita-crita wayang purwa. [1] Wayang uwong utaminipun ngrembaka ing kraton lan golongan priyayi utawi bangsawan. [1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sejarah Wayang Wong
Miturut dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong lair ing abad XVIII. Ingkang nyiptakaken inggih menika Mangkunegara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni drama ingkang ngrembaka ing negeri kilen. Wiwitanipun wayang wong dipungelar ing Surakarta, lajeng dipungelar ing Yogyakarta. [1] Wekdal sasi April 1868, nalikanipun Mangkunegara IV ngawontenaken khitanan putranipun ingkang asma Prangwadana lan Mangkunegara V wayang wong dipunsempurnakaken utaminipun bab pakean lan pirantinipun. [1] Ing taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari. [1] Wonten ing peresmianipun ngawontenaken pagelaran kesenian. Salah setunggalipun inggih menika wayang wong.[1] Wiwitanipun wayang wong menika seni tradhisional Jawa ingkang ekslusif, namung dipungelar ing keraton. [1] Ing taun 1902 wonten wayang wong ingkang ngrembaka urip komersial, kanthi nyade karcis.[1] Wayang wong komersial ngrembaka lan puncakipun nalika wonten pakempalan "Ngesti Pandowo" ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. [1] Miturut Winter lan Sastramiruda, wayang wong menika wiwitanipun dipungelar ing abad XVIII (±1760 M.), ingkang dipunpandegani dening Mangkunegara I. [2] Wekdal menika ingkang dipungelar namung lakon-lakon wayang purwa. [2] Sasampunipun menika pagelaran wayang wong wiwit boten subur, ananging ten Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos taun 1881. [2] Kanthi pambiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong ngrembaka malih nanging taksih winates ing Yogyakarta lan Surakarta kemawon.[2] Pranyata kesenian wayang wong pikantuk sambutan ingkang sae saking masyarakat, lajeng tuwuh kathah pakempalan wayang wong. [3] Wiwitanipun taksih amatir, dangunipun dados profesional. [3] Pakempalan wayang wong ingkang moncer, kados Wayang Wong Sriwedari saking Surakarta lan Ngesti Pandawa saking Semarang.[3] Wayang wong Sriwedari nggadhahi jasa ingkang ageng, inggih menika ndherek nglestarekaken budaya bangsa, kados seni wayang wong, seni tari, seni busana, lan seni karawitan.[4]
Wiwitanipun ageman para penari wayang wong taksih prasaja kemawon, boten benten kaliyan ageman adat keraton ingkang dipunagem ing saben dintenipun. Nembe ing jaman Mangkunegara VI (1881-1896), penari wayang wong ngangge irah-irahan ingkang kadamel saking kulit ingkang dipuntatah kanthi sae. [3]
[sunting] Masa Pagelaran Wayang Wong
Masa (wekdal) pagelaran wayang wong menika kinten-kinten 3 jam. [5]
[sunting] Mangga mirsani
[sunting] Pranala Njaba
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b c d e f g h i j k (id)Wayang Wong(diundhuh tanggal 30 Maret 2011)
- ↑ a b c d (id)[Mulyono.1978.Wayang, Asal Usul, Filsafat, dan Masa Depannya. Jakarta:Haji Mas Agung] (halaman 156)
- ↑ a b c d (id)Wayang Orang(diundhuh tanggal 31 Maret 2011)
- ↑ (id)Wayang Orang Sriwedari(diundhuh tanggal 1 April 2011)
- ↑ (id)[Mertosedono, Amir.1986.Sejarah Wayang, Asal Usul, Ciri, dan Jenisnya. Semarang: Dahara Prize] (halaman 39)
|
||||||||