Ludruk
Ludruk iku seni panggung sing asalé saka Jawa Wétan. Pramila, Ludruk iki muncul saka kesenian rakyat jenengé Besutan, seni besutan iki biyèn dipéntaské ing ratan ditonton karo akèh uwong.
Ludruk kasebar ing tlatah Jawa Wétan sing budayané budaya Arekan, wiwit saka Jombang nganti Jember.
Bab lan Paragraf |
Isi crita [sunting]
Ludruk iki béda karo kethoprak, amarga ludruk critané perkara panguripan sak dina-dina lan sok-sokan nyritakaké perkara kahanan anyar kaya ta kadadéyan ing negara. Biasané ludruk dibukak karo tandhak lan kaya tari ngremo, utawa beskalan putri yèn ludruk cara Malangan. Pambukané ludruk biasané kawujud parikan (nembang/ngidung) sing isiné ana gandhèng cènèngé karo kahanan anyar.
Basa ludruk [sunting]
Dhialog ing ludruk iki biasané nganggo dhialèk Surabayan, sawetara Ludruk ing tlatah Prabalingga, Lumajang lan Jember nganggo basa Madura.
Salah sijining protagonis ludruk sing misuwur yakuwi pak Sakera, jagowané wong Madura.
Génerasi ludruk [sunting]
- Ludrug Bandan
- Ludrug Lerok
- Ludrug Besutan
- Ludrug Stambul Jawi
- Ludrug Sandiwara
- Ludrug Seni Drama
Klompok ludrug kondhang [sunting]
- Ludrug Marikangen
- Ludrug Genthèng Legèn
- Ludrug Rombongan Cak Durasim
- Ludrug Jawa Timur
- Ludrug Sekar Mulya
- Ludrug Marhaen
- Ludrug Masa
- Keluarga Ludrug RRI
Wacan [sunting]
- Nglacak Sejarah Perkembangan Seni Ludrug, Ki Soemardji A. (Kalawarti Jayabaya No. 49 Agustus 1972).