Menyang kontèn

Serat Centhini

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Samak buku "Ringkasan Centini (Suluk Tambanglaras), karya R.M.A. Sumahatmaka

Serat Centhini (sajeroning aksara Jawa: ꦱꦼꦫꦠ꧀​ꦕꦼꦤ꧀ꦛꦶꦤꦶ​), utawa uga ingaran Suluk Tambanglaras utawa Suluk Tambangraras-Amongraga, minangka salah siji karya sastra paling misuwur sajeroning kesusastraan Jawa Anyar.[1] Serat Centhini nyakup warna-warna kawruh lan kabudayan Jawa, supaya ora ilang lan tetep lestari salawasé.[1] Serat Centhini diripta wujud tembang, lan penulisané diklompokaké miturut jinis laguné.[2] Tambangraras iku asmané putri kang dadi lakon ing karya iki kang dadi pasangané lakon utama kang asmané Amongraga.[2] Banjur Centhini iku abdiné Tambangraras kang isih bocah cilik.[2] Centhini iku diserat kanggo ngumpulaké baboning Pangawikan Jawa (“induk kawruh jawa”).[2] Surasané Serat Centhini iku manéka warna kawruh ngèlmu lan kabudayan Jawa, supados lestatantun kaliyan boten ical.[1] Serat Centhini iku awujud tembang, lan ditulis miturut jinising lagu.[2] Serat Centhini ditulis nganggo basa Jawa kang kapérang 12 jilid lan ngamot babagan penguripan lan kabudayan Jawa ing “dasawarsa” sepisanan “abad” 19.[2] Kawruh iku dibabar awujud carita nalika lelaku tumeka pelosoking tanah Jawa.[2] Ana bab agama, manéka warna ngèlmu (kebatinan, kekebalan, keris, arsitèktur, tetanèn), kasenian (kasusastran, karawitan, jogèd), primbon, ramuan jampi-jampi, manéka warna masakan, adat istiadat, firasat wataking manungsa, lan carita kang ana gegayutané karo Yasan Kuna.[2]

Miturut genre, Serat Centhini iku kalebu bauwarna karo carita "Santri lelana".

Panggubahan

[besut | besut sumber]

Miturut katrangan R.M.A. Sumahatmaka, sawijining kerabat pura Mangkunagaran, Serat Centhini digubah saka kersaning Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom ing Surakarta, sawijining putra Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV, inggih punika ingkang salajengipun dados Sunan Pakubuwana V.[3]Sangkala Serat Centhini, kang jeneng pepaké yaiku Suluk Tambangraras, uniné paksa suci sabda ji, utawa taun 1742 taun Jawa utawa taun 1814 Masehi.[4] Tegesé isih ana ing ing sajeroning mangsa tahtané Sunan Pakubuwana IV, utawa enem taun sadurungé panobatan Sunan Pakubuwana V.[4] Miturut cathetan bab munggah tahtané para ratu, Pakubuwana IV wiwit munggah singgasana taun 1741 (Jawa), déné Pakubuwana V wiwit munggah singgasana padha taun 1748 (Jawa).[4]

Kang dadi sumber saka Serat Centhini yaiku kitab Jatiswara.[5], kanthi sangkala jati tunggal swara ratu, kang nuduhaké angka 1711 (taun Jawa, tegesé isih ing jamané Sunan Pakubuwana III).[5] Ora dikawruhi sapa kang ngarang kitab Jatiswara. Yèn dianggep pengarangé R.Ng. Yasadipura I, banjur bakal katon ora cetha (meragukan) awit ana akèh gèsèhé karo kitab Rama utawa Cemporèt.[5]

Tujuan lan pelaku panggubahan

[besut | besut sumber]

Saka kersané Sunan Pakubuwana V, gubahan Suluk Tambangraras utawa Centhini iki dimanfaatké kanggo ngumpulaké sadhéngah kawruh lair lan batin masarakat Jawa ing jaman semana, kang kalebu ing njeroné kayakinan lan penghayatan bab agama.[5] Pakaryan iki dipanggedhèni langsung déning Pangeran Adipati Anom, lan kang éntuk tugas mbantu ana telung pujangga pura,[5] yaiku:

  1. Radèn Ngabehi Ranggasutrasna
  2. Radèn Ngabehi Yasadipura II (sadurungé anama Radèn Ngabehi Ranggawarsita I)
  3. Radèn Ngabehi Sastradipura

Sadurungé diayahi panggubahan, katelu pujangga pura éntuk tugas-tugas kang mirunggan kanggo ngumpulaké bahan-bahan kanggo gawé kitab mau.[5] Ranggasutrasna duwé tugas njelajah pulo Jawa pérangan wétan, Yasadipura II duwé tugas njelajah Jawa pérangan kulon, sarta Sastradipura duwé tugas nunèkaké ngibadah kaji lan nyempurnakaké kawruh agama Islam.[5]

Prosès panulisan

[besut | besut sumber]

R. Ng. Ranggasutrasna kang njelajah pulo Jawa pérangan wétan wis mulih luwih dhisik, mula panjenengané diutus miwiti ngarang. Sajeroning pambuka diwedharaké bab karsa sang putra makutha, kanthi sengkalan Paksa suci sabda ji.[3]

Sawisé Ranggasutrasna ngrampungaké jilid siji, Yasadipura II rawuh saka Jawa pérangan kulon lan Sastradipura (saiki uga sesilih Kyai Haji Muhammad Ilhar) saka Mekah.[3] Jilid loro nganti papat ditulis bebarengan déning katelu pujangga pura. Saben prakara kang magepokan karo wewengkon kulon Jawa, wétan Jawa, utawa agama Islam, ditulis déning ahliné dhéwé-dhéwé.[3] Pangeran Adipati Anom banjur nulis dhéwé jilid lima nganti sepuluh.[3] Panyebabé amarga Pangeran Adipati Anom kira-kira kuciwa sabab kawruh bab saresmi kurang jelas ungkapané, saéngga kawruh bab mau dianggep ora sampurna.[3]

Sawisé dianggep cukup, Pangeran Adipati Anom nyerahaké manèh panulisan rong jilid pungkasan (jilid sewelas lan rolas) marang katelu pujangga pura mau. Wusananè, kitab Suluk Tambangraras utawa Centhini mau bisa rampung lan cacahé lagu sakabèhé dadi 725 lagu.

Ringkesan isi

[besut | besut sumber]

Serat Centhini disusun dhedhasar carita lelakuné putra-putri Sunan Giri sawisé dikalahaké déning Pangeran Pekik saka Surabaya, ipé Sultan Agung saka Karajan Mataram. Carita diwiwiti sawisé telu putra Sunan Giri mencar ninggal tanah asal kanggo ngulandara, awit kakuwasan Giri wis diajuraké déning Mataram. Putra putri Sunan Giri mau yaiku Jayengresmi, Jayengraga/Jayengsari, lan sawijining putri, Ken Rancangkapti.

Jayengresmi, dikanthi déning loro santri kang jenengé Gathak lan Gathuk, nglakoni "lelampahan spiritual" menyang saubengé kraton Majapait, Blitar, Gamprang, alas Lodaya, Tuban, Bojonegoro, alas Bagor, Gambirlaya, Gunung Padham, désa Dhandher, Kasanga, Sela, Gubug Merapi, Gunung Prawata, Demak, Gunung Muria, Pekalongan, Gunung Panagaran, Gunung Mandhalawangi, Tanah Pasundan, Bogor, tilas kraton Pajajaran, Gunung Salak, lan sabanjuré tekan ing Karang.

Buku bab Serat Centhini

Sajeroning lelaku iki, Jayengresmi ngalami "pendewasaan spiritual", amarga ketemu karo sawatara guru, tokoh-tokoh gaib sajeroning mitos Jawa kuna, lan sawatara juru kunci makam-makam kramat ing tanah Jawa. Sajeroning patemon karo tokoh-tokoh iku, panjenengané sinau bab warna-warna kawruh sajeroning khazanah kabudayan Jawa, wiwit saka candhi, makna swra manuk gagak lan prenjak, khasiat manuk pelatuk, pituduh panggawéné kain lurik, pilihan waetu gayutan sèksual, itungan tanggal, nganti tekan kisah Syekh Siti Jenar. Pangalaman lan paningkatan kawicaksanan iki nggawé panjenengané ing tembé mburi misuwur kanthi sebutan Seh (Syekh) Amongraga. Sajeroning lelaku mau, Syekh Amongraga ketemu karo Ni Ken Tambangraras kang dadi garwané, sarta pembantuné Ni Centhini, kang uga mèlu ngrungokaké wejangan-wejangané.

Jayengsari lan Rancangkapti diiringi santri kang jenengé Buras, lelana menyang Sidacerma, Pasuruan, Ranu Grati, Banyubiru, sikilé Gunung Tengger, Malang, Baung, Singhasari, Sanggariti, Tumpang, Kidhal, Pasrepan, Tasari, Gunung Brama, Ngadisari, Klakah, Kandhangan, Argopuro, Gunung Raung, Banyuwangi, Pekalongan, Gunung Perau, Dieng, nganti tekan Sokayasa ing sikilé Gunung Bisma Banyumas.

Sajeroning lelaku mau panjenengané olèh kawruh ngenani adat-istiadat tanah Jawa, sariat para nabi, kisah Sri Sadana, kawruh wudhu, salat, kawruh dzat Allah, sipat lan asma-Nya (sipat rong puluh), Hadist Markum, pètungan slametan wong mati, sarta watak Pandawa lan Kurawa.

Sawisé ngliwati lelana kang mataun-taun, pungkasané katelu katurunan Sunan Giri mau bisa ketemu manèh lan kumpul bebarengan para kulawarga lan kawulané, sanadyan bab iku ora lumaku suwé awit Syekh Amongraga (Jayengresmi) banjur nerusaké laku spiritual tumuju tingkat kang luwih dhuwur manèh, yaiku ninggal bumi.

Tèks Tembang

[besut | besut sumber]

I. SINOM [6]

  • Sri narpadmaja sudigbya,
  • talatahing nuswa Jawi,
  • Surakarta Adiningrat,
  • agnya ring kang wadu carik,
  • Sutrasna kang kinanthi,
  • mangun rèh caritèng dangu,
  • sanggyaning kawruh Jawa,
  • ingimpun tinrap kakawin,
  • mrih tan kemba karya dhangan kang miyarsa.

Kapustakan

[besut | besut sumber]

Sunan Pakubuwana VII, dados Raja taun 1757 ngantos 1786, maringaken hadia Suluk Tambanglaras kanggé pamaréntah Walanda. Nanging ingkang diparingi namung mendhet saking jilid 5-9, kanthi nambahi tembung pengantar énggal ingkang nembé dipundamel kaliyan R.Ng. Ranggawarsita III. Sangkalan Kitab mau Tata resi amulang jalma, ingkang tegesipun 1775, dados 8 jilid, diparingi sesirah Serat Centhini, ingkang saking 280 lagu.

Penerbit PN Balai Pustaka nalika taun 1931 naté nerbitaken ringkesan Serat Centhini, ingkang dipundamel R.M.A. Sumahatmaka, saking naskahipun Reksapustaka pura Mangkunagaran. Ringkesan mau sampun dipunalihaksarakan lan dipunterjemahaken mawi carita, supados saged dipahami kaliyan masarakat.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c Marsono, etal., Centhini, Tembangraras Amongraga Jilid V', Gajahmada University Press, Cit. 1, 2005
  2. a b c d e f g h [Sumahatmaka, R.M.A, Ringkasan Centini (Suluk Tambanglaras), PN Balai Pustaka, Cetakan kapisan, 1981.]
  3. a b c d e f Serat Centhini Syair Sakral yang berontak Archived 2011-02-08 at the Wayback Machine.(diunduh tanggal 5 Maret 2011)
  4. a b c isayarat alam dalam serat Centhini Archived 2010-08-14 at the Wayback Machine.(diunduh tanggal 5 Maret 2011)
  5. a b c d e f g Poerbatjaraka 1952-1 Kapustakan Djawi kaca 157
  6. [Kamajaya, Serat Centhini Latin 1,Yeyasan Centhini, Cetakan III, 1992]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  • Sumahatmaka, R.M.A, Ringkasan Centini (Suluk Tambanglaras), PN Balai Pustaka, Cetakan kapisan, 1981.
  • Yatim, Dr. Badri, MA, Sejarah Peradaban Islam, PT Raja Grafindo Persada Archived 2021-05-22 at the Wayback Machine., Ed. 1, Cet. 12, 2001.
  • Marsono, etal., Centhini, Tembangraras Amongraga Jilid V', Gajahmada University Press, Cit. 1, 2005.
  • Kamajaya, Serat Centhini Latin 1, Yeyasan Centhini, Cetakan katiga, 1992.

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan pananggalan

[besut | besut sumber]
  • Pananggalan ana ing artikel iki sabagéan wujud pananggalan taun Saka Jawa, kajaba yèn diwènèhi katrangan liya.

Delengen: Kalender Saka