Serat Wulangrèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Serat Wulang Rèh, iku karya Jawa klasik tinggalan Pakubuwana IV (17681820), wujud puisi tembang macapat, sajeroning basa Jawa anyar kang tinulis ing taun 1768 nganti taun 1820 ing Kraton Kasunanan Surakarta. Isi tèks bab ajaran ètika manungsa idéal kang ditujokaké marang kulawarga raja, kaum bangsawan lan hamba ing kraton Surakarta. Ajaran ètika kang ana ing njeroné minangka ètika kang idéal, kang dianggep paugeran urip masarakat Jawa, mligi ing lingkungan Kraton Surakarta.

Ètika idéal[besut | besut sumber]

Miturut Serat Wulangrèh, gayutan sosial isih ngugemi sipat tradhisional kanthi urutan miturut umur, pangkat, bandha, lan awu ’tali kekerabatan’. Konflik tinarbuka sak bisa-bisané diendhani. Donya lair kang idéal ya iku donya kang saimbang lan selaras, kaya déné kasaimbangan lan kaselarasan lair lan batin. Urip ora bakal nandhang cacat yèn batiné tetep waspada. Kawaspadan batin kang terus terusan iku bakal nyegah tingkah laku, wicara, lan celathu kang kurang patut. Ngurangi mangan lan turu iku minangka latihan kang utama kanggo ngéntukaké kawaspadan batin. Saliyané kawaspadan batin uga diendhani watak kang ora apik, ya iku watak adigang, adigung, lan adiguna. Suwaliké kudu miara watak “rèh”, sabar lan “ririh”, ora kesusu lan ati-ati. Kalakuan kang nguntungaké awaké dhéwé lan ngrugèkaké liyan kudu diendhani, ngapusi (dora), nyengit lan sawenang-wenang kudu diadohi. Yèn batiné wis waspada, tingkah lakuné kudu sopan, tingkah laku sopan ya iku tingkah laku kang:

  • Deduga, ditimbang kanthi premana sadurungé njangkah
  • Prayoga, ditimbang apik alané
  • Watara, dipikir mateng sadurungé mènèhi kaputusan
  • Reringa, sadurungé yakin tenan tumrap kaputusané iku

Pitutur[besut | besut sumber]

Ana limang prakara kang kudu lan wajib dikurmati ya iku: bapa lan ibu, maratuwa lanang - wadon, sadulur lanang kang tuwa dhéwé, guru lan raja. Pesen lan pitutur marang anak putu:

  1. Patuh lair lan batin marang wong tuwa
  2. Aja gampang mongkog (puas) marang nasib kang ditampa
  3. Takon marang alim ulama bab agama lan Al Qur'an
  4. Takon marang sarjana utawa wong pinter ngenani suba sita lan tata basa
  5. Sregeb maca kitab-kitab lawas kang isi tuladha lan carita-carita kang becik
  6. Takon marang wong-wong tuwa bab cara mbédakaké tingkah laku kang apik lan ala, kang nistha lan kang pinuji, kang cendhèk lan kang dhuwur.

Tèks[besut | besut sumber]

Serat Macapat Dhandhanggula:[1]

  1. Pamedare wasitaning ati, cumantaka aniru Pujangga, dahat mudha ing bathine. Nanging kedah ginunggung, datan wruh yèn akèh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, tutur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padanging sasmita.
  2. Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yèn ora weruha, tan jumeneng ing uripé, akèh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
  3. Sajeroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, temah sasar susur, yèn sira ahyun waskita, sampurnane ing badanira, sira anggugurua.
  4. Lamun sira angguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing chukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur olèh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.
  5. Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipunbaresih, limbangen lan kang patang: prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang mupakat.
  6. Ana uga den antepi, yèn ucul saka patang prakara, nora énak legetane, tan wurung tinggal wektu, panganggepe wus angengkoki, aja kudu sembahyang, wus salat kateng-sun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata.
  7. Angel temen ing jaman samangkin, ingkang pantes kena ginuronan, akèh wong jaja ngelmune, lan arang ingkang manut, yèn wong ngèlmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani luput, nanging ta asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki, pancene prijangga.
  8. Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golèk sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang pada ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya murid, dadiya kanthira.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Heritage of Java: Serat Wulangrèh". Diarsip saka sing asli ing 2008-08-27. Dibukak ing 2008-03-08.

Pranala njaba[besut | besut sumber]