Serat Wédhatama

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Serat Wédhatama kuwi sawijining karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mliginé bab kawruh manunggaling kawula gusti. Teks iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV kang lair kanthi asma Raden Mas Sudira ing dina Senin Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738, utawa taun Masehi 3 Maret 1811. Tembung Serat Wédhatama dumadi saka telung wanda, yaiku: serat, wédha lan tama. Serat, tegesé tulisan utawa kasusastran, wédha, tegesé kawruh utawa ajaran, lan tama, dumadi saka tembung utama kang tegesé apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama duwèni pangertèn: sawijining susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripé manungsa. Serat Wédhatama kalebu salah sawijining susastra Jawa sing banget misuwur lan unggul utamané ing babagan reroncèning tembung uga kawruh kautaman uripé manungsa.

Tèks tembang[sunting | sunting sumber]

TEMBANG PANGKUR

  • Mingkar mingkuring angkara
  • Akarana karenan mardi siwi
  • Sinawung resmining kidung
  • Sinuba sinukarta
  • Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
  • Kang tumrap nèng tanah Jawa
  • Agama ageming aji


  • Jinèjèr nèng Wédhatama
  • Mrih tan kemba kembénganing pambudi
  • Mangka nadyan tuwa pikun
  • Yèn tan mikani rasa
  • Yekti sepi asepa lir sepah samun
  • Samangsané pakumpulan
  • Gonyak-ganyik nglilingsemi


  • Nggugu karsané priyangga
  • Nora nganggo paparah lamung angling
  • Lumuh ingaran balilu
  • Uger guru aleman
  • Nanging janma ingkang wus waspadèng semu
  • Sinamun ing samudana
  • Sesadon ingadu manis


  • Si pengung ora nglegéwa
  • Sangsayarda dènira cacariwis
  • Ngandhar-andhar angendhukur
  • Kandhané nora kaprah
  • Saya elok alangka longkanganipun
  • Si wasis waskitha ngalah
  • Ngalingi marang si pingging


  • Mangkono ngèlmu kang nyata
  • Sanyatané mung wèh reseping ati
  • Bungah ingaran cubluk
  • Sukeng tyas yèn dèn ina
  • Nora kaya si punggu anggung gumunggung
  • Agungan sadina-dina
  • Aja mangkono wong urip


  • Uripé sapisan rusak
  • Nora mulur nalaré ting saluwir
  • Kadi ta guwa kang sirung
  • Sinerang ing maruta
  • Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung
  • Pindha padhané si mudha
  • Prandéné paksa kumaki


  • Kikisané mung sapala
  • Palayuné ngendelken yayah-wibi
  • Bangkit tur bangsaning luhur
  • Lah iya ingkang rama
  • Balik sira sasrawungan baé durung
  • Mring atining tata krama
  • Ngon-anggo agama suci


  • Socaning jiwangganira
  • Jer katara lamun pocapan pasthi
  • Lumuh asor kudu unggul
  • Sumengah sosongaran
  • Yén mangkono kena ingaran katungkul
  • Karem ing rèh kaprawiran
  • Nora énak iku kaki


  • Kekerané ngèlmu karang
  • Kakarangan saking bangsaning gaib
  • Iku borèh paminipun
  • Tan rumasuk ing jasad
  • Amung anèng sajabaning daging kulup
  • Yèn kapengkok pancabaya
  • Ubayané mbalènjani


  • Marma ing sabisa-bisa
  • Babasané muriha tyas basuki
  • Puruita kang patut
  • Lan traping angganira
  • Ana uga angger-ugering keprabun
  • Abon-aboning panembah
  • Kang kambah ing siyang ratri


  • Iku kaki takokena
  • Marang para sarjana kang martapi
  • Mring tapaking tepa tulus
  • Kawawa naheb hawa
  • Wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu
  • Tan mesthi nèng janma wredha
  • Tuwin muda sudra kaki


  • Sapa ntuk wahyuning Allah
  • Gya dumilah mangulah ngèlmu bangkit
  • Bangkit mikat rèh mangukut
  • Kukutaning jiwangga
  • Yèn mangkono kena sinebut wong sepuh
  • Liring sepuh sepi hawa
  • Awas roroning atunggal


  • Tan samar pamoring sukma
  • Sinukmanya winahya ing ngasepi
  • Sinimpen telenging kalbu
  • Pambukaning wanara
  • Tarlèn saking liyep layaping ngaluyup
  • Pindha sesating supena
  • Sumusiping rasa jati


  • Sajatiné kang mangkana
  • Wus kakénan nugrahaning Hyang Widhi
  • Bali alaming asuwung
  • Tan karem karaméyan
  • Ingkang sipat wisésa-winisésa wus
  • Milih mula-mulanira
  • Mulané wong anom sami.

Jarwa

  • Ngéndhani saka angkara
  • Yàn arep gulawentah putra
  • Diwadhahi kaéndahan geguritan
  • Dipaès supaya katon éndah
  • Supaya kagayuh èlmu luhur iki
  • Kanyatané, ing tanah Jawa
  • Agama dianut raja


  • Dijlèntrèhaké jroning Wedhatama
  • Supaya ora kendho budi daya
  • Senadyan wis tuwa
  • Yèn ora mangertèni rasa ati
  • Babar pisan ora migunani
  • Upamané jroning patemon
  • Kikuk ngisin-isini


  • Mituruti kepinginan pribadi
  • Yèn wicara tanpa dipikir luwih dhisik
  • Ora gelem diarani bodho
  • Asal dipuji lan diugung
  • Nanging manungsa wis paham ing tandha-tandha
  • Kang ditutupi nganggo imba-imba
  • Ditampilaké kanthi alus


  • Wong bodho ora rumangsa
  • Wicarané tansaya ndadra
  • Nglantur tansaya adoh
  • Ucapané ora kalebu ing akal
  • Tansaya anèh lan adoh saka kasunyatan
  • Wong pinter lan waspada ngalah
  • Nutupi kakurangan wong bodho


  • Kaya mangkono mau èlmu kang nyata
  • Sakbeneré mung mènèhi rasa adhem
  • Bangga diarani bodho
  • Seneng atiné yèn dinistha
  • Ora kaya wong bodho kang gedhé endhasé
  • Njaluk dialembana saben dina
  • Wong urip aja kaya mangkono


  • Uripé tansaya rusak
  • Nalaré ora tuwuh lan morak-marik
  • Kaya guwa kang peteng
  • Ditabrak angin ribut
  • Nggerem, nggereng, gumuruh
  • Padha karo wong anom
  • Senadyan mangkono tetep kemaki


  • Kasaguhané mung sethithik
  • Polahé gumantung wong tuwa
  • Pinunjul lan luhur
  • Itu rak wong tuané
  • Kamangka durung kenal
  • Tegesé subasita
  • Minangka ajaran agama


  • Sipat-sipat awakmu
  • Katon jroning tutur-wicara
  • Ora gelem ngalah, kudu tansah menang
  • Kebak kasombongan
  • Sikap kaya ngono kuwi salah
  • Édan kamenangan
  • Iku ora apik, anakku


  • Kang kalebu èlmu takhayul
  • Pesona kang asalé saka bab kang gaib
  • Ibarat wedhak
  • Ora ngresep jroning awak
  • Mung ana ing sajabaning daging, anakku
  • Yèn kena bebaya
  • Mesthi bakal nginggati


  • Mula sabisa-bisa
  • Duwé ati kang apik
  • Ngabdi kanthi apik
  • Miturut kasaguhanmu
  • Uga tata-cara kanegaran
  • Tata-cara bekti
  • Kang lumaku sadawaning wektu


  • Takonan anakku
  • Marang para pandhita kang tirakat
  • Marang tuladha kang apik
  • Sanggup nahan hawa nepsu
  • Kawruhmu bakal kasunyataan èlmu
  • Ora mung tumrap wong tuwa-tuwa
  • Lan wong anom lan nistha anakkku


  • Sing sapa éntuk wahyu Pangéran
  • Bakal cepet nguwasani èlmu
  • Bangkit ngrebut kakuwasan
  • Awit kasampurnan dhiri
  • Yèn mangkono, bisa disebut wong tuwa
  • Tegesé sepi saka murka
  • Paham marang dwi-tunggal


  • Ora bingung marang nyawijining sukma
  • Dihayati rikala sepi
  • Disimpen jroning ati
  • Pambuka tabir kuwi
  • Ora liya antara sadar lan ora
  • Kaya kilasan impèn
  • Mlebuné rasa kang sajati


  • Sejatiné kang mangkono iku
  • Wis éntuk kanugrahan
  • Bali menyang alam kothong
  • Ora seneng marang karaméan
  • Kang sipaté kuwasa-nguwasani
  • Wis milih bali menyang asalé
  • Kaya mangkono, bocah enom

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Serat_Wédhatama&oldid=856148"