Pangkur

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Pangkur iku salah sijiné tembang macapat kang nduwé watak munggah ndhuwur. Menawi badhé nggayuh kaliyan gepok sénggol kaliyan kasaénan, kita kedah saged nyimpangi, lan sampun saged mungkur. Inggih punika nyimpangi bab-bab inkang damel gendra, damel dredhah, mungkuraken kadonyan. Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akèh manéka warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antara liya: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyané.


Dudu Tembang Pangkur[sunting | sunting sumber]

Pranata Praja Jawa Kuna[sunting | sunting sumber]

Ing naskah-naskah kuna sing nganggo basa Kawi, pangkur iku salah sijiné pranata paja ing jaman Jawa Kuna. Pangkur, tawan, lan tirip iku kalebu mangilala drawya haji kang ora éntuk mlebu ing tlatah kang dadi sima. Dinuga déning para arkeolog, yèn mangilala drawya haji iku pranata praja kang tinugasan ngurusi pajek.

Désa ing Tumapel[sunting | sunting sumber]

Yèn dideleng ing crita Kèn Arok utawa Kèn Angrok, ana désa kang dadi asalé Kèn Endok, yaiku désa Pangkur. Ing désa iki Kèn Arok nglakoni jaman ciliké.

Tumpeng[sunting | sunting sumber]

Ana salah sijiné tumpeng kang sinebut Tumpeng Pangkur. Tumpeng iki digawé yèn ana jaka (wong lanang durung nikah) mati. Tumpeng kuwi banjur digawa menyang kuburan.

Metrum[sunting | sunting sumber]

Tembang pangkur rinakit pitung gatra (larik) saben pada (bait)

8 - a
11 - i
8 - u
7 - a
12 - u
8 - a
8 - i

Tuladha[sunting | sunting sumber]

Sekar Pangkur kang winarna
lelabuhan kang kanggo wong aurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipun kadulu
miwa ingkang tatakrama
den keesthi siyang ratri


Wuryanta denya manitra
Dina Isnen wayah jam sanga enjing
Madilawal ping sepuluh
Nuju mangsa kalima
Ing prang bakat taun dal sengkalanipun
Atmaja hyang girinata
Mulang mring punggawa mantri


Mangkunagara kaping pat
Kang puwara nguni datan marsudi
Mring gunem reh rahayu
Masalahing suwita
Mung ngugemi ujar kuna kang tan jujur
Kabanjur praptaning mangkya
Piangkuhe angluwihi

(Serat Nayakawara)


Nora pisan pindho sira
kumalungkung ambek sumekti sekti
kados pundi paman prabu
mangke kateman dhawah
mboten sande paduka kebntu-bentus
iyo ben perduli apa
babak mlicet lak mung perih

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]

MACAPAT
Alit
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung
Tengahan
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh
Ageng
Girisa

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pangkur&oldid=860274"