Mijil
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Mijil iku artine lair utawa metu. Ing jajaran tembang Macapat, Mijil umume diselehke ing ngarep. Saben pada, tembang iki ana enem gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :
- 10-i
- 6-o
- 10-é
- 10-i
- 6-i
- 6-u
Bab lan Paragraf |
[sunting] Tuladha
- Mijil ing donya siniwi ratri
- Kabeh durung katon
- Amung anjali soca ing tembé
- Lelaku alon siniji-siji
- Nunggu mring wartaning
- Sesotya satuhu
- Cep menenga adhuh bocah manis
- Aja gawe kagol
- kae katon rembulane gedhe
- Gilar-gilar cahyane nelahi
- Ayo sun dolani
- Sabisa-bisaku
[sunting] Notasi
Notasi iki salah sijine gagrag kang isih dienggo rengeng-rengeng.
- 6-6-1^-2^-2^-2^-2^-2^-1^- 2_3
- 1^-6-1^-1^-2^-1^-2^
- 2^-3^-2^-1^-6-5-5-5-6_5-3
- 2-3-5-6-3-6-5-3-2-3
- 1^-2^-3^-2^-1^-6
- 3-5-5-5-5_6-5_3
[sunting] Pranala jaba
|
|
|
|
| Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung |
|
|
| Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh |
|
|
| Girisa |