Jurudemung
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jurudemung iku kalebu tembang sekar madya. Wateké prenèsan lan biyasané dienggo tembang wangsalan utawa sing rada érotis.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Guru wilangan lan guru lagu
Saben pada, tembang iki ana pitung gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :
8a, 8u, 8u, 8a, 8u, 8a, 8u.
[sunting] Tuladha
Tuladha iki dijupuk saka Serat Pranacitra
- ni ajeng mring gandhok wétan
- wus panggih lan Rara Mendut
- alon wijilé kang wuwus
- hèh Mendut pamintanira
- adhedhasar adol bungkus
- wus katur sarta kalilan
- déning jeng kyai Tumenggung.
Tuladha iki dijupuk saka Serat Sekar-sekaran anggitan Mangkunegaran IV.
- cirining serat iberan
- kebo bang sungunya tanggung
- saben kepi mirah ingsun
- katon pupur lalamatan
- kunir pita kasut kayu
- wulucumbu Madukara
- paran margane ketemu
[sunting] Sumber
- Johannes Jacobus Ras, 1982, Inleiding tot het modern Javaans. ’s-Gravenhage: Nijhoff. ISBN 90-247-6167-x, (Kaca 313).
[sunting] Pranala jaba
|
|
|
|
| Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung |
|
|
| Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh |
|
|
| Girisa |