Maskumambang
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Maskumambang iku tembang macapat kang dadi pralambang jaman wong lanang lagi mrambat diwasa, ing mangsa nalika seka bocah nuju dadi manungsa kang katon ing tengahing bebrayan. Tembung maskumambang iku sesambungan antarané emas lan kumambang. Ana kang nganggep yèn Maskumambang iku tembangé wong lanang, déné yèn wadon iku Kinanthi. Watak tembang iki, umumé isiné kaya wong kang lagi sambat lara, katula-tula, lan sengsara.
Metrum [sunting]
Saben pada (bait), tembang maskumambang ana patang gatra (baris).
- 12-i
- 6 -a
- 8 -i
- 8 -a
Tuladha [sunting]
- Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis
- Sambaté mlas arsa
- Luhnya marawayan mili
- Gung tinamêng astanira
Pranala [sunting]
|
|
|
|
| Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung |
|
|
| Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh |
|
|
| Girisa |