Ranggawarsita

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ranggawarsita, Serat Condrorini, p14

Raden Ngabehi Ranggawarsita (Surakarta, 14 Maret 1802-Surakarta, 24 Dhésèmber 1873), iku pujangga Jawa. Panjenengané asal saka kulawarga pujangga kraton Surakarta kang misuwur, yaiku kulawarga Yasadipura. Lair kanthi asma Bagus Burhan, dina Senin Legi, tanggal 10 jam 12 awan, wulan Dulkaidah, taun Be 1728, putra pambarep saka Mas Ngabehi Ranggawarsita (kondhang minangka Pajangswara / Pajangsora), abdi dalem Panewu Carik Kadipatèn Anom. Ibu Raden Ngabehi Ranggawarsita yaiku Nimas Ajeng Ranggawarsita, putri saka Mas Ngabehi Suradirja Gantang kang wasis banget tembang macapat gaya palaran. Nalika Raden Ranggawarsita alit, namanipun Bagus Burhan. Sawisé disapih Bagus Burhan banjur diasuh déning Empu Tanujaya. Sasampunipun makarya ing kraton namanipun Ranggawarsita. Kauripan pujangga Ranggwarsita ana ing lingkungan kraton Jawa kang kebak konsèp logika, ètika, lan èstètika. Asil karya Raden Ranggawarsita punika babagan Babad, Filsafat keagamaan, primbon, sajarah pewayangan, peribahasa Jawa.

Babad salira[besut | besut sumber]

Mangsa cilikan[besut | besut sumber]

Sawisé umur 12 taun, Bagus Burhan kang durung bisa maca Kitab Al Qur'an, banjur dikirim menyang Panaraga saperlu meguru ngaji marang Kanjeng Kyai Imam Besari ing Gebang Tinatar. Nanging dhasar bocah nakal lan ugungan, wis punjul setaun ngaji, Bagus Burhan durung khatam Al Qur'an, aja manèh Al Qur'an, turutan waé uga durung khatam. Sidané, déning pengasuhé yaiku Ki Tanujaya, Bagus Burhan diajak ngumbara, lunga menyang tlatah Kedhiri, nanging pungkasané bali manèh menyang pesantrèn ing Panaraga. Sawisé disrengèni déning Kanjeng Kyai lan dilulu yèn péngin dadi warok Kanjeng Kyai uga sanggup dadi perantara, Bagus Burhan ngrasa isin banget banjur nangis lan wiwit sadhar dhiri. Amarga isin mulih menyang Surakarta yèn ora ènggal bisa ngaji, Bagus Burhan banjur nglakoni tirakat, yaiku kanthi ngrendhem ing Kali Watu sajeroning patangpuluh dina, lan sadina mung mangan gedhang watu mentah siji. Sawisé tirakat patangpuluh dina suwéné, Bagus Burhan banjur éntuk kanugrahan dadi bisa lancar ngaji, malah diangkat dadi kapercayan Kanjeng Kyai Imam Besari.

Maguru marang Panembahan Buminata[besut | besut sumber]

Sawisé bali saka Panaraga, Bagus Burhan banjur dipasrahaké supaya ngabdi marang Gusti Panembahan ing Buminatan. Sajeroning ngabdi mau Bagus Burhan bisa mranani penggalihé Gusti Panembahan saéngga dianugerahi "pusaka" amanat saka Sri Baginda Pakubuwana III, yaiku wujud kasektèn kanggo nulak kang duwé niyat jahat. Saliyané iku uga dianugerahi èlmu kendhali kakuatan jasmani lan rohani sarta kalantipan pancaindra. Pungkasané ing dina Senèn Pahing tanggal 4 Sapar taun Alip 1747 utawa kanthi candra taun Amuji suci pandhitaning ratu, Bagus Burhan bisa diangkat dadi juru tulis Kadipatèn kanthi asma Ranggapujanganom.

Ngumbara[besut | besut sumber]

Kanggo njerokaké èlmu lan kawruh, Bagus Burhan utawa Mas Rangga Pujanganom, banjur lunga meguru menyang padhépokan Kyai Ajar Sidalaku ing Tabanan, Bali. Ing padhèpokan iki Mas Ranggapujanganom diisi èlmu pandeleng batin. Miturut Kyai Ajar, yèn èlmu iku dicakaké bakal bisa ngerti bab kang durung dumadi, lan Mas Rangga Pujanganom bakal dadi sumber èlmu kawruh lan èlmu kawicaksanan saéngga bakal dadi pandhita utawa pujangga nagara. Mas Rangga Pujanganom uga diwedhar naskah-naskah Jawa kuna kang katulis ing rontal utawa kertas kayu, yaiku naskah kang digubah déning para empu, antarané naskah Ramadéwa, Bimasuci, Baratayuda, Darmasarana, Aji pamasa lan sapanunggalané. Naskah-naskah mau isih tinulis sajeroning Sekar Ageng, nanging Kyai Ajar bisa mesthèkaké yèn Mas Ranggoyeda Pujanganom bakal bisa njarwakaké sajeroning basa Jawa kang bisa dimangertèni déning wong akèh.boten ngertos kulo nyuwon penggalihipun sedoyo

Kaunggulan karya cipta[besut | besut sumber]

Karya sastra[besut | besut sumber]

Karya sastra kang kawentar antarané:

Deleng uga[besut | besut sumber]

Sisih ngarep musiyum mawa reca Ranggawarsita

Wacan[besut | besut sumber]

  • Hidup, cinta dan kematian, Ronggowarsito, Dr. Purwadi. M.Hum lan Mahmudi. SE., MSi., AK., Penerbit PIONHARAPAN Jogjakarta, Cetakan I, Oktober 2004.

Pranala njaba[besut | besut sumber]