Selasih
| Selasih | |
|---|---|
| Selasih Eropa (Ocimum basilicum) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Lamiales |
| kulawarga: | Lamiaceae |
| Genus: | Ocimum |
| Spesies | |
|
Terdapat 35 jenis, di antaranya |
|
Selasih tetanduran kang anduweni kasiat kang apik kanggo awak, kagolong tanduran Labiatae [1]. Tanduran selasih kuwi tetanduran musiman kang ngepang akeh ning dhuwuré, mambuné wangi batangé soklat segi papat. godhongé tunggal, bentuké bunder endog[2]. Wiji selasih kang wis dikum banyu kayata endog kodok, anduweni selaput kang bening lan cilik-cilik [3] Ning Italia lan Prancis tanduran selasih tau dadi tanduran kerajaan, ananging ning daerah India, selasih dadi tanduran kang disucikaké merga biasané dienggo ning upacara keagamaan[3]. Kabeh bagiané tanduran iki anduweni guna, wijiné uga enak menawa didadekaké ombe-ombenan seger[4].
Bab lan Paragraf |
Jeneng Liyané [sunting]
Jeneng liya selasih antarané :
- ruku-ruku[5]
- selaseh (Sumatra)[2]
- solasih (Jawa)[2]
- telasih (Jawa)[2]
- kukuru (Sulawesi)[2]
- amping (Sulawesi)[2]
- sweet basil (basa Inggris)[2]
- basil (Eropa)[3]
- Ocimum spp (basa latin)[3]
Kandungan [sunting]
ocimene, alpa-pipene, 1,8cineole, eucalyptole, linalool, geraniol, limonene, alpha-cinere, methylchavicol, eugenole, eugenol methylether, anethole, methyl cinnamate, 3-hexen-1-ol, 3-octanone, furfural[1]
- Wiji ngandung planteose, asam lemak (fatty acids) yaiku asam palmitat, asam oleat, asam stearat dan asam linoleat[1].
Efek farmakologis [sunting]
Saka Farmakologi Cina tanduran iki anduweni rasa[5]:
- Kayu, godhong, kembang tanduran iki rasane pedes, lan anget neng awak, kasiate bisa kanggo ngerangsang penyerapan (Absorpsi), Peluruh kringet (diaphoretic), peluruh air seni (diauretik), ngelancarké getih, ngilangaké lara (analgetik), lan ngresikaké racun.
- Wiji rasané manis, pedes, lan seger, kasiaté kanggo mata.
Kasiaté Selasih [sunting]
Tanduran selasih anduweni khasiat:
- Ngelancaraké getih[5]
- Kejang (antispasmodic)[5]
- Penenang (sedative)[5]
- peluruh kringet (diaforetik)[5]
- peluruh kemih (diuretic)[5]
- ngilangaké rasa lara (analgetik)[5]
- ngedunaké panas awak (antiporitik)[5]
- antibacterial[5]
- antiseptic[5]
- antifungsi[5]
- peluruh kentut (korminatil)[5]
- perangsang (stimulan)[5]
- peluruh ASI[5]
- ngresikaké racun[5]
- menstimulasi system imun
- sembelit[3]
- panas dalam[3]
- kanker[3]
- obat watuk[3]
- influenza[2]
- keseleo[2]
- ngalusaké wajah[2]
- lara untu[2]
- eksim[2]
- dicokot ula lan serangga[2]
| No. | Kasiat | Racikané |
|---|---|---|
| 01. | Ngurangi panas ning awak | Tanduran selasih akehé antara 15 gram digodhog nuli diombè[1] |
| 02. | pencernaan kang terganggu | Tanduran selasih akehé antara 15 gram digodhog nuli diombè[1] |
| 03. | Gugupan | Ngal dina ngombè 2 sendok teh wiji selasih kang wis dikum banyu[1] |
| 04. | TBC | 3 tanduran selasih dicuci, digodhog karo banyu resik 3 gelas nganti banyu kari 2 seprapat gelas.
Sawise adem nuli disaring, dicampur karo gula. Diombè 3x3/4 gelas. [1] |
| 05. | mencret | Tanduran selasih akehé antara 15 gram digodhog nuli diombè[1] |
| 06. | radang usus | Tanduran selasih akehé antara 15 gram digodhog nuli diombè[1] |
| 07. | Mumet | tanduran antara 10-15 gram digodhog,nuli diombè atawa digecek nuli diperes banyuné, diombè.[1] |
| 08. | Matengake abses | godhong kang esih seger diremes karo minyak, ditempelaké marang penyakite nuli dibalut. Atawa awuné godhong selasih dicampur minyak, nulis diolesaké[1] |
| 09. | Nyeri lambung | Tanduran selasih akehé antara 15 gram digodhog nuli diombè[1] |
| 10. | Sariawan | Ngombè wiji selasih ngal dina, bisa dicampur karo sirup[1] |
| 11. | Rematik | tanduran antara 10-15 gram digodhog,nuli diombè atawa digecek nuli diperes banyuné, diombè[1] |
| 12. | Radang mata, ana bercak putih neng selaput bening mata (corneal opacity) | wiji 2 setengah - 5 gram dogodhog nuli diombe[1] |
| 13. | Haid ora lancar | tanduran antara 10-15 gram digodhog,nuli diombe atawa digecek nuli diperes banyuné, diombè[1] |
| 14. | Rinitis | Nganggo minyak selasih kanggo aroma terapi[1] |
| 15. | pikunan | Nganggo minyak selasih kanggo aroma terapi[1] |
| 16. | Kelelahan mental | Nganggo minyak selasih kanggo aroma terapi[1] |
| 17. | Kesel, pegel | Nganggo minyak selasih kanggo aroma terapi[1] |
| 18. | Kesehatan jantung | Nganggo minyak selasih kanggo aroma terapi[1] |
| 19. | Lara untu | 10 gram wiji selasih, 4 glondhong cengkèh, digodhog nuli diombè[2] |
| 20. | Radang lambung | 5 gram wiji selasih digodhog nganngo banyu panas 200 cc, tambahaké sesendok madu atawa sacukupé nuli ombè anget-anget. 2x sedina[2] |
| 21. | Influenza | kabeh bagian saka tanduran selasih kang esih seger (30 gram), jae 10 gram, 1 batang godhong bawang putih digodhog karo banyu 500 cc nganti gari 200 cc, saring nuli diombè[2] |
| 22. | Ngalusaké wajah | wiji selasih sacukupé dialusaké nganti dadi bubuk. tambahaké banyu sacukupé nuli diratakaké ning kulit[2] |
| 23. | Eksim, gatel-gatel atawa dicokot serangga | gunakaké kabeh bagian saka tanduran selasih kang seger sacukupé, godhog karo banyu nganti umeb nuli banyuné kanggo ngompres[2] |
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u (id)tanaman obatdipununduh tanggal 14 April 2011
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r www.suarakaryadipununduh tanggal 14 April 2011
- ^ a b c d e f g h m.detik.com dipununduh tanggal 14 April 2011
- ^ tabloid NOVAdipununduh tanggal 14 April 2011
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p www.kabarindonesia.comdipununduh tanggal 14 April 2011
|
||||||||