Jaé

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

(Dipindhah saka Jahe)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Wikipedia:Maca kothak taksonomiMaca kothak taksonomi
Jaé
Jaé
Jaé
Klasifikasi èlmiah
Karajan: Plantae
Divisio: Spermatophyta
Kelas: Monocotyledoneae
Ordo: Zingiberales
Familia: Zingibeaceae
Genus: Zingiber
Spesies
Zingiber officinale

Jaé utawa Jahé wis misuwur dadi bahané masakan, bumbu lan dadi obat. Jae sing jeneng latine Zingiber officinale Rosc, iki wis kasebar saindhenging jagad lan akeh gunane.

Bab lan Paragraf

[sunting] Jahe kanggo masakan

Ing masakan, jae biasa ditambai kanggo sedep-sedepan, utamane ing masakan Cina lan India. Sing biasa didokok jae sing tansah nom tur seger. Jae uga dianggo dadi cuka, utawa dadi sedep-sedepan permen pedhes. Saliyane iku dadi sedep-sedepan ing jajanan, utawa ing negara Eropa didadekake bahan dasare Roti Jahe.

Saliyane iku, jae uga didadekake unjukan, kayata STMJ (Susu Telor Madu Jahe), Ginger Ale, Jahe Telor, Sekoteng, Pokak lan sapanunggale.

[sunting] Jenising Jae

Jae bisa dibagi dadi macem-macem jenis, sing diweruhi uwong-uwong awam yaiku :

  • Jae biasa
  • Jae gajah
  • Jae abang

[sunting] Jae kanggo obat

Jae uga didadekake obat kanggo rupa-rupa penyakit. Jae parutan isa dianggo kompres keseleo, pegel-pegel, lan sapanunggale. Uga bisa dianggo tamba masuk angin, mules-mules utawa diemut kanggo wong wadon sing nembe mbobot kanggo ngilangi rasa kudu gumoh. Balsem ya ana sing nganggo bahan dasar jahe kanggo ngrewangi ilange lara.

[sunting] Balik ing :

[sunting] Pranala jaba

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Ja%C3%A9"