Marmut
| Marmut Temporal range: Miosen pungkasan- samenika |
|
|---|---|
| Marmot alpen (Marmota marmota) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | Rodentia |
| kulawarga: | Sciuridae |
| Subkulawarga: | Xerinae |
| Suku: | Marmotini |
| Genus: | Marmota Blumenbach, 1779 |
| Species | |
|
Marmota baibacina |
|
Marmut yaiku jinisé kéwan pengerat saka famili Sciuridae (bajing) kanthi genus Marmota.[1]
Marmut umumé urip ing dhaérah pagunungan, kayata Alpen utawa Pirenia ing Èropah, Pegunungan Rocky utawa Sierra Nevada ing Amérika Serikat, lan Kanada ing bagéyan lor.[1] Marmut umumé nggawé omah ing njero lemah lan nglakokaké hibernasi nalika mangsa adem.[1] Marmut hibernasi wiwit sasi Oktober nganti sasi Mei.[2] Marmut kagolongaké dadi kéwan sosial awit marmut komunikasi karo marmut liyané kanthi swara anyul kang banter khususé nalika ana bebaya.[1]
Jeneng marmut asalé saka basa latin mures monti ("tikus gunung"), saka basa Latin Klasik mures alpini ("tikus Alpen").[2] Kéwan liyané kang mirip kaya marmut lan nduwéni sifat sosial yaiku asu prairi, kéwan iki ora digolongaké ing genus Marmota, ananging kalebu genus Cynomys.[2] Saliyané iku ing basa Indonésia ana kéwan kang diarani tikus walanda (guinea pig) uga kena diarani marmut, sanajan kéwan pengerat iki asalé saka famili kang béda.[2] Pakanané marmut yaiku tanduran kayata suket-suketan, woh beri, lumut kerak, lumut godhong, oyot tanduran lan kembang.[2]
Jinisé marmut werna-werna. [2]Iki bisa dideleng saka ukuran awaké lan werna wulune kang werna-werna. [2]Ana marmut kang wuluné putih, abu-abu, coklat rada abang.[2] Marmut mirip kaya kelinci ananging kupingé luwih cendhek tinimbang kelinci.[2]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d (en)[Thorington, R. W. Jr. & R. S. Hoffman. 2005. Family Sciuridae. Pp. 754-818 jroning Mammal Species of the World a Taxonomic and Geographic Reference. D. E. Wilson & D. M. Reeder (Penyunting). Johns Hopkins University Press, Baltimore]
- ^ a b c d e f g h i (en)animal.discovery.com(dipunundhuh tanggal 3 Juli 2011)