Iwak lodan
| Iwak Lodan Temporal range: 50–0 Ma Eocene – saiki |
|
|---|---|
| Humpback whale | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mamalia |
| Subkelas: | Eutheria |
| ordo: | Cetacea |
Iwak lodan utawa iwak paus iku sajenis mamalia sing urip ing laut. Senadyan ing basa Indonésia paus asring disebut "iwak paus", paus sejatiné ora kagolong ing keluwarga iwak. Kaya kéwan mamalia liyané, iwak paus nduwé ciri-ciri:
- ambegan liwat paru-paru
- nduwé wulu awujud rambut (sithik, mèh ora ana ing paus diwasa)
- nduwé getih panas
- nduwé kelenjar susu.
- nduwé jantung patang bilik
Iwak paus purba évolusi ing tengahing zaman Eocene, kira-kira 50 yuta taun kepungkur. Salah siji paus paling ndhisik sing wis punah yaiku Basilosaurus sing ndhasé cilik kanthi moncong nonjol lan nduwé untu. Dawané Basilosaurus watara 25 meter.
Fosil nedahaké yèn paus asalé saka kéwan dharatan mawa kuku, mungel saka kéwan kaya Mesonychid (kéwan kaya sregala sing manggon ing pesisir) sing suwé-suwé bali manggon ing laut watara 50 yuta taun kepungkur. Siji manèh kamungelan kéwan liya sing malèh dadi paus, yaiku Ambulocetus, mamalia saukuran asu laut, dawané 3 meter boboté 325 kilogram.
Saiki, ana rong jinis paus, yaiku iwak paus Odontoceti, paus nduwé untu, lan iwak paus Baleen, Mysticeti. Iwak paus Odontoceti sing nduwé untu arupa pamangsa sing mangan iwak, sotong, lan mamalia laut, nduwèni bolongan ambegan siji. Iwak paus balin ukurané luwih gedhé tinimbang iwak paus Odontoceti lan nduwèni struktur sing dikenal minangka balin sing awujud sikat. Struktur iki migunani kanggo nyaring plankton ing banyu. Iwak Paus Balin nduwé bolongan ambegan loro.
|
||||||||||