Iwak Nila
| Iwan Nila | |
|---|---|
| Iwak nila wadon saka Lumajang, Jawa Wétan | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Osteichtyes |
| ordo: | Perciformes |
| kulawarga: | Cichlidae |
| Genus: | Oreochromis |
| Species: | Oreochromis niloticus |
| Jeneng binomial | |
| Oreochromis niloticus Linnaeus, 1758 |
|
Iwak nila yaiku jinisé iwak kang urip banyu tawa. Iwak iki asal saka Afrika, kang dumunung ana ing Afrika bageyan wétan,ing taun 1969 lan mangsa saiki dadi iwak pangigonan kang misuwur ing kolam-kolam kang misuwur ing Indonésia. Jeneng ilmiahé yaiku Oreochromis niloticus, lan jroning basa Inggris misuwur kanthi sesebutan Nile Tilapia.
Iwak nila ing wujud dedegé mèmper karo iwak Mujaèr, kang bisa urip ana panggonané ing banyu butheg.[1] sing mbédakaké kekaroné yaiku pérangan werna buntut kang semu abang.[1] Iwak nila (Tilapia) saka Indonésia misuwur dadi iwak sing paling apik sak donya.[2] Iwak iki saka Tlaga Toba, Sumatera Lor.[2] Rahsiané yaiku saka pambudidayané ana ing banyu tlaga kang jeroné nganti 50 mèter kanthi suhu ana ing dhuwur lan ngisor banyu kurang luwih padha.[2] Saka rahasiané iku ndadékaké iwak nila saka negarané dhéwé ora mambu lumpur, kang sabanjuré ndadèkaké apik kwalitasé.[2] Ing Bali iwak Nila iki bisa diingoni ana banyu rawa lan ana ing danau.[3] Saka kasil penelitian iwak Nila dadi komoditas unggulan nomer siji saka séktor perikanan sing bisa ngalahaké kerang kang manggon ana nomer loro.[3] Ing Kabupatén Purbalingga, Jawa Tengah akéh para kadang petani kang mauné ngingoni iwak Guramé, banjur malih dadi iwak Nila utawa Lèlè.[4] Amarga gampang payuné lan luwih ora gampang kaserang penyakit.[4] Saka sejarahé iwak Nila iku uripé saka segara.[5] Déné nganti tekan dina iki bisa urip ana banyu rawa (payau) amarga saka perkembangan jaman kang bisa diingoni déning manungsa.[5] Iwak iki bisa dadi alternatif saliyané iwak Kakap.[5] Kurang luwih limang wulan bisa dipanén kanthi kasil kang luwih unggul yén ta dibandingaké karo iwak Nila biasa.[5]
Jinis [sunting]
Aneka jinis anak iwak nila:
- Oreochromis niloticus baringoensis Trewavas, 1983
- Oreochromis niloticus cancellatus (Nichols, 1923)
- Oreochromis niloticus eduardianus (Boulenger, 1912)
- Oreochromis niloticus filoa Trewavas, 1983
- Oreochromis niloticus niloticus (Linnaeus, 1758)
- Oreochromis niloticus sugutae Trewavas, 1983
- Oreochromis niloticus tana Seyoum & Kornfield, 1992
- Oreochromis niloticus vulcani (Trewavas, 1983)
Cathetan Suku [sunting]
Pranata Njaba [sunting]
- Foto ikan nila merah, kaundhuh tanggal 27/05/11.
- Foto ikan nila putih,kaundhuh tanggal 27/05/11.
|
||||||||||