Iwak Gurami
| Gurami | |
|---|---|
| Osphronemus goramy | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Actinopterygii |
| ordo: | Perciformes |
| kulawarga: | Osphronemidae |
| Genus: | Osphronemus |
| Species: | O. goramy |
| Jeneng binomial | |
| Osphronemus goramy Lacépède, 1801 |
|
Iwak Gurami utawa guramèh, (jeneng Basa Latin: Osphronemus goramy), iku iwak kang urip ing banyu tawa.[1] Iwak gurami populér lan disenengi dadi iwak konsumsi ateges iwak kang diolah lan digawé masakan.[1] Gurami dadi iwak konsumsi ing Asia Tenggara lan Asia Selatan.[1]Saliyané iku ing negara-negara liyané, gurami uga diingoni ing akuarium.[1] Iwak gurami dikenal kanthi jeneng gurami. Saliyané iku iwak iki uga duwe jeneng loal yaiku gurame (Sd.); grameh (Jw.); kalui (Jb.); ikan kali (Plg.), lan liya-liyane.[1]
Iwak gurami urip ing pulo-pulo Sunda Besar (Sumatra, Jawa, lan Kalimantan),ananging saiki iwak gurami wis diingoni dadi iwak konsumsi ing negara-negara kang manggon ing Asia (utamane Asia Tenggara lan Asia Selatan), saliyané iku iwak gurami uga dibudidayakaké ing Australia.[2]
Ing alam, iwak gurami urip ing kali-kali, rawa lan kolam, gurami uga bisa urip ing banyu payau; ananging sejatiné gurami paling seneng urip ing kolam-kolam cethék kang akéh tanduran kang thukul.[2] Kadhang-kadhang iwak gurami metu saka banyu kanggo ambegan langsung saka udara. [2]
Induk gurami, ing wektu kang gumathok bakal njaga lan ngingoni anak-anaké.[2] Endhogé ditémplékaké ing tanduran kang urip ing banyu utawa diséléhaké ing susoh kang digawé saka tanduran.[2] Gurami kalebu iwak kang mangan tanduran, ananging gurami uga gelem mangan srangga, lan iwak liyané.[2] Saliyané iku iwak gurami uga mangan bahan-bahan organik kang bosok ing njero banyu.[2] Kanthi sifaté kang rakus iki iwak gurami uga dimanfaataké dadi iwak kang bisa ngendhalékaké gulma ing kolam-kolam.[2]
Chatetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.