Wong Afar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Qafara
Afar
عفر
Flag of the Afar Region (1994-2012).svg
The Afar ethnic flag
Gunggung cacah jiwa
u. 2,108,372
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
 Étiopia 1,276,372[1]
 Eritrea 526,000[2]
 Djibouti 306,000[2]
Basa
Afar
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan

Wong Afar (Cithakan:Lang-aa), kang uga diarani Danakil, Adali lanOdali, iku salah sawiji bebrayan kang manggon ing tlatah Tandhuk Afrika. Wong Afar manggon ing Afar of Ethiopia lan ing loring Djibouti, sanajan ana uga kang manggon ing pojok kidul nagara Eritrea. Wong Afar mitutur basa Afar, kang dadi sak pamili karo basa Cushitic kang dadi bageyane Afro-Asia.

Sajarah[besut | besut sumber]

Cithakan:Sejarah Djibouti

Sajarah Pramila[besut | besut sumber]

Cithakan:Kaca Utama Masarakat Afar awit jaman mbiyen wis diatur déning krajan-krajan kang mardika, kang saben krajan iku diatur déning Sultan dhéwé. Antaraning krajan iku ya iku Kasultanan Aussa, Kasultanan Girrifo, Kasultanan Dawe, Kasultanan Tadjourah, Kasultanan Rahaito lan Kasultanan Goobad.[3]

Wilayah Kasultanan Adal lan nagara-nagara vasale (ca. 1500).

Cathetan paling pramula bab wong Afar iki asalé saka abad angka 13 kang ditulis déning panulis AndalusianIbn Sa'id, kang ngelaporake manawa wong Afar manggoni tlatah saubenging pelabuhan Suakin, nganti kidul mlebu Selat Mandeb, cedhak Zeila.[4] Wong Afar mau uga ing cathetan sajarah Ethiopian, pramila dadi panulunge Kaisar Ethiopia, Amda Seyon ing perang kang ngliwati Kali Awash, sateruse sak abad munjul nalika wong Afar ngewangi Kaisar Baeda Maryam nalika perang karo wong Dobe’a.[5]

Bebarengan karo suku-suku panyatur Afro-Asia kaya ta Somali kang padha-padha Muslim, wong Afar uga dipranalakake karo Kasultanan Adal kang maréntah lor Tandhuk Afrika ing jaman madya. Sajeroning pamarentahane, Adal duwé gayutan dagang karo nagara-nagara liya ing Afrika Lor-Wetan, Timur Tengah, Eropa lan Asia Kidul. Akeh kutha-kutha sajarah ing tlatah Tandhuk Afrika kaya ta Maduna, Abasa, Berbera, Zeila lan Harar, kang duwé srimanganti, masjid, sanggar, bètèng and tangki sajeroning kajayaan kasultanan iki.

Kasultanan Aussa[besut | besut sumber]

Gendhera Resmi Kasultanan Aussa.

Cithakan:Kaca Utama Kasultanan Afar (Aussa Sultanate) dijumenengake samubare Keimaman Aussa. Krajan iki wiwit ana awit 1577, nalika Muhammed Jasa mindhahake ibukota saka Harar ing Aussa amarga pecah antaraning Kasultanan Adal dadi Aussa lan nagara kutha Harari. Aussa nampik lan sawetara mungkas amarga mekradane Imam Umar Din bin Adamdadi raja.[6]

Ing taun 1734, Kasultanan ini diwujudake déning Kedafu manèh lan diprentah déning Dinasti Mudaito.[7] Lambang mligi Sultan ya iku gantar pérak, kang dianggep duwé kekuwatan linuwih.[8]

Front Pembebasan Afar[besut | besut sumber]

Cithakan:Kaca Utama

Samubare pembrontakan kang ora kasil déning Sultan Afar, Alimirah Hanfare, ing taun 1975, diadegke Front Pembebasan Afar kang tujuane kanggo ngangkat kepentingane wong Afar. Sultan Sultan Hanfadhe sawetara dibuwang ing Arab Saudi. Sawetara rejim Kuminis Ethiopia yasa Tlatah Swapraja Assab (saiki jenenge Aseb lan ana ing Eritrea), sanajan isih ana glura cilik nganti awal 1990an. Ing Djibouti, tindhakan sakjenis uga katon ing taun-taun 1980an, kang akhire muncak dadi Haruhara Afar ing taun 1991. Samubare rejim Derg rubuh ing taun kang padha, Sultan Hanfadhe bali saka pambuwangan.

Ing wulan Maret 1993, Afar Revolutionary Democratic Front (ARDUF) diadegake. Front iki gabungan saka telung pasamuwan Afar ya iku: Afar Revolutionary Democratic Unity Union (ARDUU), kang ngadeg ing taun 1991 lan dibawahi Mohamooda Gaas (utawa Gaaz); Afar Ummatah Demokrasiyyoh Focca (AUDF); lan Afar Revolutionary Forces (ARF). Lan akhire dadi partai pulitik kang tujuane kanggo kepentingan wong Afar. Nganti 2012, ARDUF dadi bagiane oposisi koalisi partai United Ethiopian Democratic Forces (UEDF).[9]

Dhémografi[besut | besut sumber]

Panyebaran Géografi[besut | besut sumber]

Peta Ethiopia kang nunjukake Tlatah Afar.

Wong Afar racaké manggon ing Padang Danakil ing Tlatah Afar Ethiopia, saliyané ing Eritrea lan Djibouti. Cacahe ana 1,276,867 ing Ethiopia (utawa 1.73% saka cacah pendhudhuke), kang 105,551 antarané manggon ing kutha, miturut cacah jiwa paling anyar (2007).[10] Wong Afar ana sepertelune wong Djibouti lan salah siji saka sanga tlatah Ethiopia (kililoch) kang diakoni.[11]

Basa[besut | besut sumber]

ISO 639 tetenger basa Afar

Wong Afar mitutur basa Afar dadi basa bendinan. Basa iki péranganing cabang It is part of the Cushiti kulawarga basaAfroasia language family.

Basa Afar dipituturake déning wong Afar ing tlatah Afar Ethiopia, saliyané ing kidul Eritrea lan lor Djibouti. Nanging amarga wong Afar iku pindah-pindah, panyatur basa iki uga ditemokake ning endhi-endhi.

Bebarengan karo Basa Saho basa Afar kalebu dhialek Saho–Afar.

Agama[besut | besut sumber]

Wong Afar racaké Muslim lan duwé kaitan suwi karo agama Islam kanthi rena-rena pimpinan Muslim lokal.[3]

Budaya[besut | besut sumber]

Wong Afar nganggo klambi tradhisional.

Wong Afar tradisine nernak rajakaya kaya ta wedhus, domba, lan sapi ing padhang pasir.[3]

Wong Afar diklompokke ing kulawarga awujud clan families lan ana rong kelas utama, ya iku: asaimara ('abang') kang luwih kuwasa ing pulitik, adoimara ('putih') kang saka kelas pegawe lan ditemokake ing Pegunungan Mabla.[12]

Saliyané iku, Wong Afar uga misuwur ing seni bela dirine. Wong lanange biasane nggawa jile, salah siji lading kang misuwur. Uga diweruhi amarga seneng tanding tembang.[3]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. "Population and Housing Census - 2007" (PDF). FDRE Population Census Commission. Dijupuk 6 October 2016. 
  2. a b "Afar". Ethnologue. Dijupuk 8 November 2016. 
  3. a b c d Matt Phillips, Jean-Bernard Carillet, Lonely Planet Ethiopia and Eritrea, (Lonely Planet: 2006), p. 301.
  4. Richard Pankhurst, The Ethiopian Borderlands (Lawrenceville: Red Sea Press, 1997), p. 60
  5. Pankhurst, Borderlands, pp. 61-67, 106f.
  6. Abir, p. 23 n.1.
  7. Abir, pp. 23-26.
  8. Trimingham, p. 262.
  9. Ethiopia - Political Parties, Accessed: 1-07-2006.
  10. "Country level" Archived 16 August 2010 at the Wayback Machine., Table 3.1, p.73.
  11. CIA - Ethiopia - Ethnic groups
  12. Uhlig, Siegbert (2003). Encyclopaedia Aethiopica: A-C. Otto Harrassowitz Verlag. kk. 103–. ISBN 978-3-447-04746-3. Dijupuk 30 May 2011. 

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Mordechai Abir, The era of the princes: the challenge of Islam and the re-unification of the Christian empire, 1769-1855 (London: Longmans, 1968).
  • J. Spencer Trimingham, Islam in Ethiopia (Oxford: Geoffrey Cumberlege for the University Press, 1952).

Wewacan sambung[besut | besut sumber]

Pranala Jaba[besut | besut sumber]