Wijang Wharek

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wijang Wharek

Wijang Jati Riyanto utawi Wijang Wharek Al Ma'uti, lan Wijang Wharek (lair ing Kabupatèn Demak, Jawa Tengah, 5 Sèptèmber 1964; umur 59 taun) inggih punika salah satunggalipun sastrawan saking Indonesia. Namanipun misuwur ing jagat kasusastran Indonesia kanthi pakaryanipun awujud geguritan ingkang kamot wonten sawenèh ariwarta. Sesarengan kaliyan Triyanto Triwikromo, Sosiawan Leak, lan sastrawan sanèsipun, Wijang Wharek mandhégani wontenipun Gerakan revitalisasi sastra pedalaman ingkang dipuncakaken ing dasawarsa 1990-an.[1][2][3][4]

Latar wingking[besut | besut sumber]

Wijang Wharek lair ing Kabupatèn Demak, Jawa Tengah, tanggal 5 September 1964. Piyambakipun nggeluti donyaning kasusastran awit taksih wonten sekolah manengah. Pakaryanipun awujud gegurit kahaht dipunmot ing sawenèh airwarta antawisipun Republika, Swadesi, Mitra, Suara Merdeka, Wawasan, Bernas, Minggu Pagi, Taruna Baru, Haluan, Semarak, lan sanèsipun. Wijang nglampahi pendhidhikan ing pawiyatan luhur, Jurusan Teknik Sipil, nanging ngrampungaken wonten Jurusan Sastra Indonesia, Fakultas Sastra lan Filsafat Universitas Sebelas Maret Surakarta.

Ing babagan seni, kacathet dados seniman ingkang nglairaken Teater Sastra TESA-UNS, ing taun 1987, Kajawi saking punika, piyambakipun ugi kiprah wonten Forum Penyair Surakarta (1989), Forum Penyair Jawa Tengah (1993), Forum Sastra Bengkulu (1994). Saderengipun nyambut damel wonten ing Taman Budaya Jawa Tengah, piyambakipun punika salah satunggalipun pegawé wonten Museum Negeri Provinsi Bengkulu, Himpunan Pengarang Indonesia (HPI) Aksara-Bengkulu (1994), Dewan Kesenian Provinsi Bengkulu (1997-2000).

Wijang naté katimbalan déning Dewan Kesenian Jakarta ing Taman Ismail Marzuki wonten adicara mèngeti sastrawan Kriapur lan Ibrahim Sattah (1988) lan Mimbar Penyair Abad 21 (1996). Ing taun 1999 piyambakipun dipunulemi wonten adicara Perkampungan Penulis Melayu Serumpun wonten Daik Lingga, Kapuloan Riau. Temu Sastra MPU di Lampung (2010), Jakarta (2014), lan Kupang Nusa Tenggara Timur (2015) ugi naté ngulemi Wijang Wharek.

Pakaryanipun[besut | besut sumber]

  • Dua Poteret (1988)
  • Pertemuan Pertama (1989)
  • Ekstase dalam Sketsa (1991)
  • Gelar Syair Mengalir (1991)
  • Mozaik 2 (1991)
  • Panorama Dunia Keranda (1991)
  • Parade Puisi Se-Jawa Tengah (1993)
  • Kicau Kepodang 2 (1993)
  • Monolog (1994)
  • Pusaran Waktu (1995)
  • Tabur Bunga Penyair Indonesia (1995)
  • Bunga Rampai Dialog Budaya Parade Karya Se-Sumatera dan Jawa (1995)
  • Refleksi Setengah Abad Indonesia Merdeka (1995)
  • Besurek (1996)
  • Dialog Sastra dan Temu Karya Penyair Se-Sumatera (1996)
  • Dari Bumi Lada (1996)
  • Mimbar Penyair Abad 21 (1996)
  • Puisi-puisi dari Pulau Andalas (1999)
  • Ekstase Dzikir Putih-Aku Mabuk Engkau (manuskrip tunggal, 1999)
  • Obituary Sebuah Negeri Tanpa Kemerdekaan (manuskrip tunggal, 1999)
  • 18 Penyair Jawa Tengah: Prosès Kreatif dan Karya (2005)
  • Prosès Kreatif Ahmad Tohari dalam Trilogi Novèl Ronggeng Dukuh Paruk (2006)
  • Dokumentasi Sastra Puisi Panggung Sosiawan Leak dan Musik Puisi Max Baihaqi (2007)
  • Tanah Pilih: Bunga Rampai Puisi Temu Sastrawan Indonesia I (2008)
  • Kenduri Puisi: Buah Hati untuk Diah Hadaning (2008)
  • Dokumentasi Sastra Anwar Hudaya dan Puisi Musik Jayagatra (2009)
  • Mengucap Sungai: Antologi Puisi Temu Budaya Nasional (2010)
  • Percakapan Lingua Franca: Antologi Puisi Temu Sastrawan Indonesia III (2010)
  • Rekonstruksi Jejak (2011)
  • Requiem bagi Rocker (2012)
  • Risalah Usia Kata (2014)
  • Puisi Menetas di Kaki Monas (2014)
  • Kata Cookies pada Mangsa (2015)
  • Tonggak Tegak Toleransi: Sastra Meretas Perbedaan (2015)

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Leksikon Susastra Indonesia: Wijang Wharek, kapundhut 26 Fèbruari 2017
  2. News Detik: Wiji Thukul di Mata Sahabat: Si Cadel yang ingin Banyak Tahu, kapundhut 26 Fèbruari 2017
  3. Radiobuku: Wijang Wharek Archived 2017-02-26 at the Wayback Machine., kapundhut 26 Fèbruari 2017
  4. Direktori Penulis di Indonesia: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, 1997, Balai Bahasa Jawa Tengah, ISBN 978-602-7664-53-1 hal. 275