Balai Bahasa Jawa Tengah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Balai Bahasa Jawa Tengah atau Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah ya iku salah sawijiné Unit Pelaksana Teknis (UPT) Badan Pengembangan lan Pembinaan Bahasa, Kamentrian Pendhidhikan lan Kabudayan Republik Indonesia kang wilayahé nyakup sagung Provinsi Jawa Tengah. Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah dumunung ana ing Kutha Semarang. Jejibahan kang dicakké Balai Bahasa iki ya iku panaliten kang unggul lan dadi pusat informasi, sarta bisa ngladeni kanthi apik, babagan bebasan lan kasusastran (Indonesia lan daerah) ing Provinsi Jawa Tengah amrih ndadèkké basa lan sastra minangka srana kanggo makarya bareng uga ngraketaké sajeroné yasa kauripan kang dipupuk déning rasa solidaritas tanpa prabédan ing bebrayan kang manéka.[1][2]

Riwayat[besut | besut sumber]

Minangka lembaga dutané pamarintah pusat kang dumunung ing Provinsi Jawa Tengah, Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah ngayahi jejibahan ngripta sesambungan karo sapérang lembaga pamarintah, saka tingkat provinsi nganti tekan tingkat kalurahan. Saliyané kuwi, uga ngrengkuh makarya bebarengan karo lembaga sajabané pamarintah kang babagan kerjané ora ucul saka tembung lan basa, uga para pangudi seni.[3][4]

Ancasé diyasa Balai Bahasa Jawa Tengah ya iku kanggo ngecakaké panaliten kang unggul lan dadi pusat informasi, sarta ngladeni kanthi apik, babagan bebasan lan kasusastran (Indonesia lan daerah) di Provinsi Jawa Tengah amrih ndadékaké basa lan sastra minangka srana kanggo makarya bareng, uga ngraketaké sajeroné yasa kauripan kang dipupuk déning rasa solidaritas tanpa prabédan ing bebrayan kang manéka.[5][6]

Wujud dicakaké saka ancasé iku lumantar munggahe mutu basa lan sastra, mungahé tumindak apik bebrayan tumrap basa lan sastra, pangembangan srana informasi bebasan lan kasusastran, saya apiké mutu para pangudi kebahasaan lan kasusastran, lan ngembangké pakaryan bareng jumbuh karo gunané kanggo ngecakaké kawicaksanaan teknis Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa ing babagan pambinaan lan pengembangan basa lan sastra sastra Indonesia, ngrancang lan ngecakaké kawicaksaan teknis pambinaan lan pangembangan basa lan sastra Indonesia ing daerah, lan makarya bareng karo pamarintah daerah sajeroning ngrumusaké paugeran ing babagan kebahasaan lan kasusastran daérah.[7]

Struktur organisasi[besut | besut sumber]

Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah dibawahi kepala balai. Kepala Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah ngandhahi pérangan tata usaha lan kelompok kalungguhan fungsional. Lan kalungguhan fungsional ngemot babagan pangembangan lan babagan pambinaan.[8]

Program kerja[besut | besut sumber]

Babagan Pangembangan[besut | besut sumber]

  • Panaliten basa lan sastra
  • Mbabar jurnal ilmiah Jalabahasa lan Alayasastra
  • Mbabar kamus dwibahasa Indonesia-Jawa
  • Nyusun soal-soal UKBI
  • Nyusun srana ajar panunjang BIPA
  • Nyusun bauwarna sastra
  • Ngupakara kapustakan

Babagan Pambinaan[besut | besut sumber]

  • Ngulawenthah basa lan sastra
  • Bengkel sastra
  • Seminar basa lan sastra
  • Nggegana pambinaan basa lan sastra ing médhia massa
  • Uji kaprigelan basa Indonesia
  • Makarya bebarengan karo lembaga liyané, pamarintah utawa jaba pamarintah

Duta Basa Jawa Tengah[besut | besut sumber]

Salah sawijiné kagiyatan Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah kang dadi program unggulan lan akèh kang didhemeni para panyarta ya iku Duta Basa Jawa Tengah. Kagiyatan iki dicakaké saben taun, kanthi tujuan njaring génerasi mudha kang duwé katresnan tumrap basa Indonesia. Panyarta adicara iku akèh-akèhé kalangan pelajar, mahasiswa, lan umum kang umuré antarané 18 nganti tekan 25 taun. Kaya déné pamilihan duta wisata, duta basa uga majibaké pagelaran lan kapribadhèn kang éndah kanggoné saka para panyartané. Ayahan liyané, panyarta kudu duwé kaprigelan bebasan basa Indonesia, Jawa, lan manca (basa Inggris utawa basa manca liyané) uga wawasan kabudayan lokal kang mumpuni. Panyarta kang kasil mimpag Pamilihan Duta Basa Jawa Tengah bakal nampa trofi, piagam, lan dhuwit pambinaan, saka Rp. 750.000 nganti Rp. 2.000.000.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]