Virgil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Publius Vergilius Maro
Lair15 October, 70 SM
Andes, Italia
Pati21 September, 19 SM
Brundisium
PakaryaPanyair
BangsaRomawi

Publius Vergilius Maro (Virgil ing basa Inggris), punika pujangga misuwur Romawi. Karya-karyanipun ingkang wujud puisi pastoral lan epik ing basa Latin, gadhah prabawa ageng dhumateng karya-karya sastra salajengipun kados ta La Divina Comedia saking Dante Alighieri, utawi Paradise Lost saking John Milton.

Sesarengan kaliyan pujangga Horatius lan sajarawan Livius, karya-karyanipun dados tetenger éra kaemasan sastra Latin klasik periode Augustan.

Kagesangan[besut | besut sumber]

Panjenenganipun dipunwiyosaken tanggal 15 Oktober 70 SM ing désa Andes, celak Mantua ing wilahan lèr Italia. Tiyang sepuhipun sanadyan asalipun saking kalangan biyasa, gadhah satus sosial ingkang saé amargi upadosipun minangka pandamel barang-barang tembikar. Upados puniki sepindhah dipunrintis éyang kakungipun, Magus, bapa saking ibunipun, Maggia Polla.

Pendidikan dhasar dipunlampahi ing Cremona dumugi yuswa 15 taun (taun 55 SM), ing wekdal pamaréntahan Konsul Pompeius lan Crassus. Salajengipun piyambakpipun nglajengaken pendidikanipun ing Milan, lajeng Roma. Ing kitha punika, piyambakipun nyinaoni manéka èlmu, mliginipun kadhokteran lan matématika. Piyambakipun ugi nyobi peruntunganipun minangka pengacara, nanging amargi kamampuan ngendikanipun ingkang awon lan kasendhat-sendhat, piyambakipun namung sepindah tampil wonten ing pangadilan.

Amargi katertarikanipun kanggé nyinaoni filsafat materialisme Epikurian, piyambakipun pindhah dhateng Napoli lan nggabung ing satunggiling akademi ing mriku kanggé nyinaoni filsafat punika. Ing Napoli puniki piyambakipun mapan ngantos sédanipun.

Karya[besut | besut sumber]

Vergilius nyerap karya klasikipun ingkang sepindhah Eclogues antawis taun 42 SM – 39 SM ing wangun kempalan satunggiling puisi. Puisi-puisi ingkang kainspirasi déning pujangga Yunani Theocritus puniki, dipunpisungsungaken kanggé Gaius Asinius Pollio, Alfenus Varus, lan Cornelius Gallus ingkang sampun gadhah jasa nalika mbiyantu mikantukaken malih tanah tetanèn kagunganipun. Tanah tetanèn kagunganipun dipunsita nagari lan dipunparingaken marang para mantan saradhadhu saking pihak Octavianus minangka imbalan jasanipun, ngalahaken Brutus lan Cassius ing Philipi taun 42 SM.

Karya salajengipun Georgicon utawi Puisi Tetanèn ingkang kapérang saking sekawan buku dipunserat antawis taun 37 SM – 29 SM. Miturut panuturanipun, puisi-puisi puniki dipundamel amargi panyuwunan Maecenas, rèncang akrab ugi tiyang kapercayanipun Kaisar Agustus, kanggé nekanaken peran wigatos tetanèn lan narik kathah tiyang tumut lumebet. Propaganda puniki dipunmaksudaken kanggé nggesangaken malih prodhuksi sèktor tetanèn Romawi ingkang kalantar amargi perang salaminipun sapérangan génerasi, ugi ngriptaaken swasembada pangan.

Ing akir gesangipun (30 SM – 19 M), Vergilius nelasaken wekdal nyerat karya pamungkasipun Aeneid. Ing karyanipun puniki, piyambakipun nggambaraken Roma sanès minangka narasi sajarah nanging minangka mitologi, lan milih wangun puisi tinimbang prosa. Wangun ingkang sarupi ugi dipunpigunaaken déning Homerus ing karyanipun Iliad lan Odusseia. Mitologi puniki nyariyosaken ngenani Aenas, putra saking Anchises lan dèwi Venus, ingkang mimpin para pangungsi Troya ngedegaken koloni énggal ing di Italia. Saking keturunan Aenas puniki salajengipun muncul Romulus, pangadeg kitha Roma.

Akir Gesang[besut | besut sumber]

Vergilius boten naté nuntasaken karya pungkasanipun, Aeneid. Tigang taun pungkasan sadèrèngipun piyambakipun tilar donya, piyambakipun nelasaken wekdal ing Yunani kanggé nuntasaken karya pungkasanipun. Nanging ing mrika piyambakipun nandhang gerah lan mutusaken kanggé kundur ing Italia. Panjenenganipun séda tanggal 21 September 19 SM ing Brundisium, distrik Calabria, pasisir wétan Italia lan dipunsarèkaken ing Pozzuoli, ing pasisir celak Napoli. Ing watu nisanipun kaserat:

Mantua me genuit. Calabri rapuere.
Tenet nunc Parthenope. Cecini pascua, rura, duces

Ingkang tegesipun:

Mantua nglairaké aku. Calabria nggawa aku lunga.
Saiki Napoli nggegem aku. Aku nyanyi ngenani ara-ara suket, padésan lan para pamimpin.

Trivia[besut | besut sumber]

Ing Dividina Komedia, Vergilius dados pamandhu Dante nalika wonten ing Ntraka lan Latu Pangresikan.

Pranala njawi[besut | besut sumber]


Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.