Menyang kontèn

Traktat Svalbard

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Traktat ngengingi Spitsbergen, utawi dipunsebat ugi Traktat Svalbard, inggih punika prajanjén ingkang ngakoni kedaulatan Nurwègen dhateng kepulauan Spitsbergen (sapunika dipunsebat Svalbard). Kedaulatan punika taksih ngalami watesan, lan boten sadaya hukum Nurwègen berlaku. Traktat punika mendemiliterisasikake Svalbard. Sedaya ingkang tapak asta ugi pikantuk hak ingkang sami kanggé nindakaké kagiyatan komersial (ingkang utami penambangan batu bara) ing kapuloanpunika.

Prajanjen punika dipuntapak asta ing surya 9 Fèbruari 1920 déning Amérikah Sarékat, Dhènemarken, Perancis, Italia, Jepang, Walanda[1], Nurwègen, Swèdhen, lan Britania Raya (ugi dominion Irlandia, Kanadha, Australia, India, Afrika Selatan, lan Selandia Baru). Wonten pinten-pinten nagari ingkang tapak astanipun pinten taun sasampunipun traktat dipun-ginakaken. Uni Soviet tapak astanipun ing taun 1924, sawatawis Jerman lan Cina ing taun 1925. Sapunika wonten langkung saking 40 ingkang tapak asta.

Traktat punika ngatur minangka:

  • Svalbard inggih punika péranganing Nurwègen.
  • Pajak saged dipunpundhut, nanging namung kanggé nyengkuyung kepentingan Svalbard, saéngga pajeg ing kapuloanpunika langkung sakedhik tinimbang ing Nurwègen daratan.
  • Nurwègen kedah ngormati lan njagi lingkungan Svalbard.
  • Sedaya penduduk lan perusahaan saking saben nagari penandatangan traktat saged dados pendhudhuk lan gadhah hak kanggé menangkap ikan, mbeburu, utawi nglampahi kgiyatan maritim, indhustri, penambangan, lan perdagangan. Penduduk Svalbard kedah ndhèrèk hukum Nurwègen, lan pemerentah Nurwègen boten pikantuk bèntenaken pendhudhuk dhedhasar bangsanaipun.
  • Pasal 9 boten ngeparengaken pambangunan markas angkatan laut lan perbentengan ing Svalbard. Kapuloanpunika ugi boten pikantuk dipun-ginakaken kanggé keperlon perang. Sayektosipun, Svalbard boten sadaya dipundemiliterisasi.

Penandatangan

[besut | besut sumber]
Penandatangan Traktat Svalbard
NagaraTanggal ratifikasi
Afganistan1925-11-23
Albania1930-04-29
Argentina1927-05-06
Australia1923-12-29
Ostenrik1930-03-12
Bèlgi1925-05-27
Bulgaria1925-10-20
Kanadha1923-12-29
Chile1928-12-17
Cina1925-07-01
Dhènemarken1924-01-24
Republik Dominika1927-02-03
Mesir1925-09-13
Éstlan1930-04-07
Finlan1925-08-12
Perancis1924-09-06
Jerman1925-11-16
Yunani1925-10-21
Honggari1927-10-29
Èslan1994-05-31
India1923-12-29
Italia1924-08-06
Jepang1925-04-02
Monako1925-06-22
Walanda1920-09-03
Selandia Baru1923-12-29
Nurwègen1924-10-08
Polen1931-09-02
Portugal1927-10-24
Rumania1925-07-10
Ruslan1935-05-07
Arab Saudi1925-08-14
Afrika Selatan1923-12-29
Spanyol1925-11-12
Swèdhen1924-09-15
Switserlan1925-06-30
Ukraina1935-05-07
Britania Raya1923-12-29
AS1924-04-02
Venezuela1928-02-08

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. On Dutch interest and historical claims see Muller, Hendrik, ‘Nederland’s historische rechten op Spitsbergen’, Tijdschrift van het Koninklijk Nederlandsch Aardrijkskundig Genootschap 2e serie, deel 34 (1919) no. 1, 94-104.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]